Matane


“Aduh.”

Wiji ngaduh, arek wedok iku nyekeli tangane. Diman sing lungguh nang sanding kaget. Wong lanang iku langsung nyandak tangane Wiji sing ngetokno getih. Dudu tangane sakjane, ning salah siji drijine. Wiji sing lagi mangan iwak bakar iku ora sengojo kecubles erine iwak.

“Lara?” takone Diman karo ndamu tangane Wiji.

Wiji meneng, ora nyauri, mung lambene maju sithik.

“Ati-ati,” omonge Diman maneh.

Mari mangan arek loro iku nerusno lek jalan-jalan. Diluk engkas surup, wayahe srengenge mulih nang kandange. Wiji karo Diman lungguh nang pinggir pantai. Lanang wedok iku cekikikan, embuh opo sing diomongno.

“Kesel?” takone Diman pas mlaku mulih.

Wiji manthuk.

“Gendong?”

Wiji mesam-mesem, isin.

Beda jaman pacaran, beda jaman rabi. Ben dina ketemu suwi-suwi maleh biasa.

“Aduh!”

Wiji mbengok. Masio ben dina masak ning Wiji paling wedi nggoreng iwak. Mergone yon gene iki, mbledos-mbledos. Anake sing sik umur telung tahun iku lagi seneng mangan iwak pithik goreng. Meh ben dino njaluk digorengno.

“Lapo?” takone Diman sing krungu bojone mbengok.

“Kebledosan minyak.”

“Ngaget-ngageti ae,” omonge Diman maneh.

“Lha lara kok.”

“Gak pingin lara yo atek mantel, helm-an sisan.”

Wiji mecucu. Wong sambat lara kok malah disauri ora penak, batine. Wong wedok iku mangkel ning meneng ae.

Tomin cilik lagek dolanan nang omahe mbahe. Diman sing kaet mulih, kate mangan awan nggoleki bojone. Diceluki ngalor-ngidul ora ono sauran. Kaet kate metu moro-moro bojone njedul saka lawang ngarep.

“Heh, lapo iku kok bundas kabeh?” takone Diman kaget ndelok rupane bojone sing burek lan semrawut.

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku mecucu karo nyekeli tangane sing kiwo. Mlakune rada deglok mergo dengkule bundas, getihen.

“Ditakoni meneng ae? Lapo?” takone Diman maneh.

“Tibo,” saure Wiji karo sik mecucu.

“Lha koen mau saka ngendi kok iso koyok ngunu?”

“Nabrak becak.”

“Numpak montor?”

“Gak, mlaku.”

“Becake mlaku?”

“Yo iyo, mosok becak mandeg tak tabrak,” saure Wiji mangkel.

“Yo be’e matane siwer onok becak meneng ae ditabrak.”

Mangkel saurane bojone Wiji ngadeg ngalih. Wong wedok iku mlebu jading, ora metu-metu. Diman sing wayahe mbalik nang kerjoan mari mangan langsung budal kerjo maneh.

“Mak…Mak!” Diman bengak-bengok.

Sore mulih kerjo Diman nggoleki bojone. Kabeh kamar dileboni ning wong lanang iku ora nemu bojone. Tomin cilik mari adus dijak mbahe. Ora nemu bojone nang njero omah, Diman mlaku metu mburi omah.

“Lapo koen iku, surup-surup kelebon mbuh koen ngko.”

Wiji sing digoleki tibake nang mburi omah. Wong wedok iku lungguh nang dingklik cilik ngisor wit pelem. Ora mung nang ngisore, Wiji lungguh ngedep uwite. Diman nyedeki bojone. Mbareng dicedeki wong lanang iku lagek ngerti lek bojone nangis.

“Lha pelem ki yo ora ben dina uwoh, lapo mbok tangisi? Lek pingin yo golek nang pasar kono, opo supermarket.”

Ora nyauri Wiji malah mbanteri lek nangis.

“Trus lek mbok tangisi ngunu opo peleme langsung uwoh? Saktimen.”

Wiji terus nangis, malah geru-geru. Diman sing mau ngadeg nang mburine bojone akhire lungguh. Wong lanang iku ambekan dawa.

“Lapo?” takone alon.

Sik durung disauri.

“Lek onok opo-opo ki ngomong cek aku ngerti. Nangis thok opo aku eruh sing mbok karepno.”

Sik durung disauri maneh.

“Mak.”

Ono limang menit Diman ngenteni. Wiji yo sik nangis ning ora banter maneh.

“Atine lara?”

Ditakoni ngunu Wiji banter maneh lek nangis. Diman paham. Wong lanang iku meneng maneh.

“Wis mangan gurung? Kuru lho ngko.”

“Embuh,” saure Wiji.

Akhire disauri, batine Diman.

“Koen ki lapo?” takone Diman. “Yo lek aku onok salah sepurane, tapi yo ngomongo ojo koyok ngene. Ayo mangan sik, tak tukokno sego padang.”

“Emoh.”

“Lha geleme opo?”

“Mbarang-mbarang kok kon mangan. Aku gak butuh mangan thok, gak butuh dipakani thok.”

Diman ngelek idu. Dawa iki ngko, pikire.

“Bojone tibo bundas kabeh gak ndang ditulungi malah dimatak-matakno…” Wiji ora nerusno omongane.

Ealah iku ta perkarane, batine Diman maneh. Wong lanang iku ngukuri gundule.

“Onok pesawat lewat,” omonge Diman pas krungu pesawat lewat nang nduwure.

“Mesti nylimur, mbencekno!” omonge Wiji karo ngadeg, ngalih.

Ndelok bojone ngalih Diman mung meneng ae.

“Necu maneh,” omonge lirih.

“Lapo meneng ae nang kunu? Jare kate nukokno sego padang,” omonge Wiji nang bojone.

Diman ngukuri gundule trus ngadeg.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s