Mik!


Jenenge bayi paling seneng karo susune emake. Ngunu uga karo Tomin cilik. Bayi lanang umur pitung sasi sing wis mulai ngadeg ning durung nduwe untu iku yo ora iso adoh saka susune emake. Wiji sing panganane dijogo ora tau nesu lek anake njaluk mimik. Wong wedok iku ngrasa beruntung polahe anake ora perlu susu kaleng. Susu dhewe wis cukup ngge anak lanange iku. Ning jenenge arek cilik, bayi, kadang yo nggemesno tingkahe.

“Mik…” omonge Tomin cilik sing wis mulai belajar ngomong iku.

“Wou…icin,” saure Wiji.

“Mik,” omonge Tomin maneh karo njuding-njuding susune emake.

Wiji gedhek-gedhek. Awan iki Wiji, Diman karo anake lagi nang acara kawinane tanggane. Ora nang omah ning nang gedong, secara tanggane sing kawin anake wong sugih nang kampunge. Wiji sing macak ayu dina iki kumpul karo tangga-tanggane lungguh karo njajali panganan.

“Mik!” Tomin sing wis ora sabar mbengok.

Wiji clingukan nggoleki bojone. Diman sing mau budal bareng ora ketok irunge. Wong lanang iku lagi rokokan nang njobo. Tomin cilik selot omyeng.

“Tin, bapake Tomin ndok ndi?” takone Wiji nang arek cilik tanggane sing playon, dolenan.

“Embuh, gak eluh aku,” saure arek TK iku.

“Paling rokokan nang njobo, nang parkiran ngarep,” omonge tanggane Wiji.

“Sumuk iku Tomin. Dijak nang njobo kono ae, ngko lak meneng,” omonge sing liyane.

“Lha arek iki lek wis njaluk mik ngene ki angel omongane. Mosok ayu-ayu ngene kon nyusoni,” saure Wiji karo mecucu.

Tomin gidro-gidro. Arek cilik sing wis digendong iku nariki klambine Wiji.

“Wou…ojo mbok tariki, lak udo aku ngko. Bapakmu nang ndi sih?”

Wiji ngadeg terus mlaku metu. Anake nang gendongan sik ae ngrengik karo nariki klambine.

“Pak, anakmu iki lho,” omonge Wiji pas ketemu bojone.

“Lapo? Ngelak iku paling.”

“Yo jak’en mlaku opo lapo kunu. Mosok nang resepsi ngene kate ngemiki.”

“Lha opo’o? Jenenge bayi. Kono minggir cek gak eruh uwong.”

“Lha klambine koyok ngene, angel iki.”

Wiji sing awan iki nggawe dress werno biru sedengkul ora persiapan situasi kaya ngene. Pikire nang resepsi mung sediluk, anake yo wis dimimiki pas sak durunge budal ora bakal njaluk mimik.

“Yo kono mlebu nang kamar mandi,” omonge Diman.

“Halah, Pak, ribet. Jak’en mlaku sediluk ae lho, diubeng-ubengno. Diluk engkas lak mulih sih.”

Tomin nang gendongan sing ora sabar akhire nangis.

“Lha wong ngelak kok kon ngejak mlaku. Ayo mulih ae.”

“Durung mari, durung poto-poto,” saure Wiji.

“Lha anakmu wis koyok ngunu kok mikir poto. Wes mulih ae.”

Akhire gelem ora gelem Wiji mulih karo anak bojone. Nang dalan Wiji mecucu. Tomin sing ora gelem meneng akhire dimiki nang ndalan, nang nduwur sepeda motor. Untung nggowo jarik, masio ta klambine Wiji malih ora nggenah. Slerekane mburi didukno cek iso ngemiki anake. Jakete bojone digawe ngge nutupi.

“Arek kok…seneng? Udo iki emake, cek diicin-icin uwong,” omonge Wiji nang anake sing ngenakno lek mimik.

“Sesuk-sesuk lek nggawe klambi sing genah. Ngerti anake sing ngemik kok klambine koyok ngunu,” omonge Diman karo nyetir.

Wiji mung mecucu.

Tomin sing biasane anteng lek wis dimiki emake, bengi iki oyeng ae. Digendong, diayun-ayun ning pancet ae ora meneng lek nangis. Ngrengik. Diman karo Wiji gantian nggendong anake. Ora mung nggendong bayi iku yo dijak dolanan ning ora mari lek nangis.

“Jajal tumpakno montor, Pak, dijak mubeng-mubeng. Kesel aku nggendong,” omonge Wiji.

“Wis yahmene ngko malah kenek angin. Dimiki maneh ae.”

“Awake anget iki lho, Pak,” omonge Wiji.

“Iku mau nang kawinan mangan opo? Ojo-ojo ngemplok es.”

“Gak. Puding thok iku mau.”

Tomin sik ae nangis. Wiji nggendong anake karo rada diayun-ayun.

“Karo turu ae, Mak. Kene tak tebahane kasure. Iku klambine disalini.”

Diman nyandak tebahan kasur. Ditebahi kasure trus ditata. Wiji sing mari ngganti klambi anake langsung nggletak karo nepakno anake. Tomin sik ae ngrengik.

“Kipasono, Pak, sumuk paling.”

“Ngko malah masuk angin.”

“Gak, ojo dipasno awake. Temenan anget iki awake. Opo digowo nang dokter ae ta, Pak?”

“Wes dimiki kunu sik, tak kipasane,” saure Diman.

Diman lungguh nang sandinge anake karo kipas-kipas. Tomin sik nangis masio ta karo ngemik. Wiji ngabuk-ngabuk bokonge anake.

“Aduh!”

Wiji mbengok banter. Tangane langsung mitet irunge anake. Tomin cilik yo langsung nangis banter.

“Lapo?” takone Diman kaget.

“Dicokot,” saure Wiji karo nyopot pitetan tangane saka irunge anake.

Tomin sik nangis.

“Ojo dicokot,” omonge Wiji kalem, rumangsa salah nang anake.

“Ojo-ojo metu untune iku, Mak. Jajal deloken.”

Tomin sing wis belajar ngadeg karo ngomong iku ancen durung metu untune. Rada telat lek dibanding tangga-tangga sing sak pantaran. Wiji mitet pipine anake atek jempol karo telunjuke.

“Ho oh, iku ringih-ringih. Pantesan ae lara,” omonge Wiji.

“Yo pantes ae ngrengik. Gak penak iku.”

“Wou…sesuk tukokno sapi ae, Pak, cek nyusu nang sapi. Ho oh, tumbas sapi?” takone Wiji nang anake.

“Wes nduwe sapi kok ya, Min, lapo tuku maneh? Iso nyanyi sisan sapine.”

Wiji mecucu ning nang njero ati wong wedok iku seneng. Anake wis mulai nduwe untu, wis selot gedhe.

 

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s