PSK


Masio wis omah-omah, jenenge Wiji karo Diman ora tau nglewatno acara pacaran. Kaya jaman biyen pas sing prawan lan joko, wong loro iku mesti nyepakno wektu ngge dolan wong loro. Ora adoh-adoh yo ora suwi-suwi soale wis nduwe buntut ning ajeg. Sore iki Wiji Diman wis janjian kate metu mangan nang njobo. Anake, Tomin, wis dititipno nang omahe mbahe sakwise diadusi.

Wiji sing adus dhisikan lagi macak nang kamar. Diman sing lek adus model teh celup, nyemplung trus mentas, yo wis mari lek adus. Wong lanang iku lungguh nang ngarep tipi ngenteni bojone macak. Sepuluh menit luwih akhire sing dienteni metu. Diman nyawang bojone sing metu kamar karo mesam-mesem.

“Klambi iki ta sing dijaluk wingi,” batine Diman.

“Ayo budal,” omonge Wiji nang bojone.

Diman sing wis siap kaet mau meneng. Ora obah, ora nyauri.

“Pak,” celuke Wiji.

“E…anu, mak, mangan sego goreng ae yo?”

“Yo sembarang, aku tak mie godog…eh cap cay ae.”

“Maksudku nggoreng dhewe nang omah. Tak gorengno.”

“Yo wis tapi mlaku-mlaku sik, mangane ngko ae mulih mlaku-mlaku,” omonge Wiji.

Diman meneng. Disawang maneh bojone sing wis macak ayu.

“Gak usah metu, nang omah ae. Awakku gak enak.”

“Gak sido? Wis ayu ngene. Emoh,” saure Wiji.

“Adem, mari ngene udan iki ngko mesti. Angine wis nggowo banyu iki,” Diman sik alasan.

“Udan opo, wong langite padhang kae.”

Diman muter uteke. Wiji wis mulai mecucu.

“Awakku gak enak iki, nggreges. Kerokono,” omonge Diman melas.

“Wis ayu ngene, ngko mambu balsam.”

“Lha timbang kenek angin ngko selot nemen, sesuk gak iso kerjo…”

“Tapi mari ngunu metu, gak mangan gpp pokok mubeng-mubeng.”

Abot rasane kate ngiyani ning lek ora diiyani mesti ngamuk, pikire Diman. Sementara cek slamet akhire Diman ngangguk alon. Diman ngadeg trus mlaku mlebu kamar, Wiji ngetutno. Diman sing wis macak mening nyepot kaose trus murep. Mugo-mugo abang, batine. Wiji nyandak balsam trus mulai ngeroki gegere bojone.

“Gak abang ngene, biasa,” omonge Wiji.

“Lha bolot thok, yo gak ketok,” saure Diman.

“Wis. Ayo budal.”

Diman ora ndang tangi. Wong lanang iku aras-arasen. Wiji sisiran maneh karo ngoco, mbenakno dandanane.

“Ganti klambi kono,” omonge Diman.

“Lapo?”

“Mambu balsam iku lho, ngisin-ngisini.”

“Sing mambu tangane, ngko diisuhi atek banyu karo sabun yo ilang.”

“Yo gak, kan mau nemplek geger.”

“Gak,” omonge Wiji karo ngambu klambine. “Ayo, selak anakmu nangis ngko.”
Kate ngomong jujur ngko mesti ngamuk, ora ngomong yo dheweke ora seneng. Akhire Diman tangi trus lungguh nang pinggir kasur.

“Iyo metu tapi ganti sik klambine,” omonge alon.

Wiji nyawang bojone. Wis ayu-ayu lek macak atek klambi anyar malah dikon salin. Klambi sing kaet dituku wingi sengojo dicepakno ngge kencan karo bojone cek seneng malah ora oleh digawe.

“Emoh, iki apik,” saure karo rada mecucu.

“Keciliken iku lho.”

Wiji ngoco maneh. Klambine ancek cilik tapi ora keciliken, modele ancen pas nang awak. Kaos rada ketat dingisori rok jeans sak dengkul nemplek pas nang awake sing rada semok.

“Gak, modele ancen ngene.”

“Ditowo uwong ngko, ndang salin sik,” omonge Diman maneh.

“Ditowo? Emange PSK?” takoke Wiji rada banter, mulai nesu.

“Lha klambine koyok ngunu,” omonge Diman lirih, siap-siap dikabruk.

“Bojone macak ayu-ayu malah diomong koyok PSK, yo sampeyan iku germo,” omonge Wiji selot banter.

Mari ngomong wong wedok iku langsung nubruk kasur, raine nyungsep nang bantal trus nangis. Diman ngukuri gundule.

“Senengane bojone kon dasteran ae, macak ayu sitik mesti gak oleh huhuhu…”omonge Wiji karo sik nangis.

“Yo gak ngunu, lha ketok kabeh ngunu iku lak gak tepak…”

“Ketok apane?” sauté Wiji.

Diman meneng. Wong lanang iku bukane ora seneng bojone macak ning lek ketok semok ngunu iku ora seneng. Oleh ning nang omah ae, ora eruh wong liya. Diman nyedeki bojone sing murep nang kasur. Dijarno bojone sing sik nangis. Ono sepuluh menit wong lanang iku lungguh nyanding bojone. Pas wis rada alon suwara tangise Diman nyedekno raine nang kupinge bojone.

“Dek, adem, mbok mas’e dikeloni,” omonge lirih.

Wiji meneng.

“Dek…sakno mas’e dek, mburuh kaet isuk bengi dinesoni bojo. Padahal golek duit angel, gurung kadang tangane ketutuk ngunu bengi njaluk kelon gak oleh. Awakku, dek…”

Wiji sik meneng ning wis ora nangis. Ndelok iku Diman selot giras.

“Dek, mbok yo bengi iki ae aku ditulungi. Yo sak jam, rong jam gpp, sak ikhlase…”

Lek mau Diman lungguh saiki wong lanang iku melu turu ning gundule sik dipasno kupinge bojone.

“Piroan, dek? Aku mung onok seket ewu…”

“Malese, mang atus,” saure Wiji masio pancet ora karo nyawang bojone.

“Wou ojo larang-larang, mung buruh dek. Tak tambahi mang ewu ya?”

“Emoh.”

“Woalah dek, gak sakno ta?”

“Seket ewu mung oleh ambung thok,” saure Wiji.

“Ambung oleh piro?” takone Diman karo mesem, seneng bojone wis gelem nyauri.

“Siji.”

“Siji tapi suwi ya?”

Wiji meneng.

“Sesuk mbalik maneh, langganan ngunu. Oleh ya?”

Wiji pancet ora nyauri ning Diman seneng. Wong lanang iku ngerti bojone wis ora nesu maneh. Gundule ditemplekno gundule Wiji. Rambute Wiji diambungi.

“Lonteku…lonteku thok, guduk liyane,” omonge Diman dalam hati.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s