Romantis


Dudu Diman lek iso romantis. Wong lanang sitok iku, kaya omonge Wiji, ora bedo karo boto. Jaman pacaran lek wong-wong liya iku mesti romantis, ora romantiso yo mesti diromantis-romantisno, ning jenenge Diman iki romantise versi coro alus alias kebatinan. Ngunu iku sing garai Wiji kerep muring-muring. Durung maneh lek konco-koncone padha ngumpul terus cerito pacare dhewe-dhewe. Kaya sore iki.

“Minto kae lek gak tak balesi surate mesti mbingungi,” omonge Sri.

“Lah Minto kae iso nulis surat ta?” takone Denok.

“Yo iso. Ben dino lak mesti dititipno satpam. Yo gak dowo sih, kadang puisi, kadang yo mung nggombal-nggombal ngunu.”

“Bukane arek iku gak iso nulis? Sak ngertiku esde ae gak lulus kok,” omonge Denok.

Sri mencep, mangkel.

“Lek Bambang sih ancen gak tau nulis surat tapi senengane ngirimi salam lewat radio hehe. Kae lho sing siaran bengi-bengi, lumayan ngge tombo kangen sak gurunge turu. Kadang yo kirim lagu…”

“Gak kirim yassin sisan,” sauté Sri.

Ganti Denok sing nyebek. Wiji sing ngrungokno konco-konco kerjone mung meneng ae. Kerjo nang pabrik karo arek wedokan sakmunu akehe yo kudu sabar. Kedadean opo omongan sithik ae mesti rame, dadi gosip.

“Ngunu ae dipamerno. Wong lanang ki koyok Agus, gak kakean ngomong, senenge langsung dijak dolen. Wingi aku mari dijak nonton, trus kene mangan bebek. Sak gurunge mulih, mari ngeterno aku mbalik kosan pipiku diambung,” saiki ganti Nonik sing pamer.

Arek wedok iku ancen sing paling kenes, jare wong sih yo sing paling ayu sak pabrik. Pacare, Agus, mandor nang pabrik. Tumpake motor sing paling anyar.

“Diambung trus ditinggal,” sauté Sri.

“Ho oh, koyok Watik kae,” Denok nambahi.

“Yo gak mungkin. Watik kok dipadakno aku. Adoh, gak level.”

Denok, Sri karo Nonik padha-padha mencep saiki. Wiji sing sik meneng ae mung nyawang konco-koncone.

“Lha koen yok opo, Ji? Sik karo Diman ta?” takone Sri.

“Isik tho, Ji? Heran aku, kok iso awet koen karo arek koyok ngunu. Ngunu ki koen lek pacaran yo dijak omong? Opo yo dijarno ngomong dhewe?” takone Denok.

“Lek kate mangan gedruk ping siji. Ngajak lungo gedruk ping loro. Kate mulih gedruk ping telu…”

“Hahahaha…” Sri karo Denok ngguyu bareng.

“Padakno dukun ae. Sing penting aku seneng,” balese Wiji.

Masio mbelani pacare nang ngarep konco-koncone ning asline Wiji kadang yo pingin kaya konco-koncone iku. Diman lek dolan nang kos e paling mung cengar-cengir. Ngajak dolan yo meneng ae, mlaku ae senenge. Durung lek lagi mlaku ngunu kerepe Wiji ditinggal. Ora rumangsa opo lali lek ngajak arek. Lek wis ngunu iku paling Wiji mung mecucu, mandeg sampek Diman nyadar lek Wiji ora nang sandinge.

Kaya bengi iki pas Diman ngajak mlaku-mlaku nontok pasar malem. Diman sing lek mlaku cepet ora nyadar lek Wiji sik nang mburi. Jenenge ae nang pasar malem pingine Wiji yo alon-alon, dinikmati lek mlaku-mlaku. Sukur-sukur lek digandeng tangane. Dapakno digandeng, ditinggal iyo. Ora mung ninggal Wiji, Diman sing mari mubeng-mubeng malah lali lek lagi lungo karo Wiji. Arek lanang iku wis siap-siap kate mulih. Sing ditinggal saking mangkele ora pingin mburu opo nggoleki langsung mulih dhewe numpak ojek. Akhire Diman sing wis sadar bingung nggoleki pacare.

“Aku lali,” omonge Diman sesuke pas ketemu.

Wiji meneng ae.

“Tak goleki koen wis gak onok.”

Wiji sik ora nyauri. Atine lara.

“Wes maem?” takone Diman maneh.

Ora nyauri lambene Wiji malah selot dimajukno.

“Ayo maem.”

“Males,” saure Wiji.

“Kancani aku maem ya?”

Lagi mangkel kok malah kon ngancani mangan, lek wong liyane ngunu mesti ora sudi. Ning lek Wiji yo budal. Ora tego ndelok raine Diman sing cengar-cengir ning melasi. Lek wis ngunu ngko akhire yo melu mangan. Mosok betah ndelok sego nang ngarepe trus ora melu ngemplok. Wiji jelas ora betah.

Wis gelem mangan berarti wis ora nesu, ngunu iku Diman lek nandani. Wiji dhewe lek nesu yo ora tau suwi, opo maneh sogokane panganan karo rai sing melas. Rontok wis atine.

“Hehehehe…” Diman cengengesan pas wis mbalik saka warung mangan.

“Mulih kono,” omonge Wiji.

“Hehehe…” Diman sik cengengesan.

“Njaluk ambung wedhus kono,” saure Wiji sing paham karepe Diman.

Karo mesam-mesem arek lanang iku pamit mulih. Sak durunge ngalih Diman njawil pipine pacare. Sing dijawil kaget trus menteleng.

“Hehehe…”

Bedo pacaran bedo maneh pas wis dadi bojo. Ora adoh bedane. Diman sik kaya boto, bedane Wiji wis paham adate bojone wis duwe coro dhewe ngatasi cek dheweke ora mati kaku saking gemese. Isuk iki Wiji karo Diman wis siap-siap kate budal nang stasiun. Wiji karo Diman ngajak Tomin anake numpak sepur nang omahe mbahe. Mesisan nyambangi emake Wiji sing lagi ora enak awak. Jarak omah karo stasiun ora patio adoh. Wiji, Diman sing durung duwe kendaraan biasa mung mlaku. Tas gawan sing wis dicepakno dicandak Diman. Tomin digendong Wiji. Nggowo tas loro gedhe-gedhe Diman mlipiri gang pinggir rel.

“Dada karo pak’e,” omonge Wiji nang anake.

Tomin cilik lunjak-lunjak ndelok bapake. Wiji mesam-mesem.

“Heh!”

Diman sing ndelok anak bojone kaget. Wong lanang iku saking cepete lek mlaku ora krasa anak bojone ketinggalan nang mburi. Wiji sing males gembrah milih nyegat becak. Becak sing ditumpaki dheweke karo anake akhire nyalip Diman sing kabotan nggowo tas loro.

“Mak, iki gak diewangi? Ditumpakno becak sisan?” bengoke Diman.

Tukang becake noleh diluk trus ngomong nang Wiji.

“Jarno, sakti kok iku, Cak.”

Ndelok becak sing ditumpaki anak bojone ora mandeg, Diman sing mau mandeg akhire nyandak tas gawanane maneh.

“Wou…wedhus,” omonge Diman.

“Emang enak ditinggal,” omonge Wiji lirih karo nggondeli anake sing kroncalan, kesenengan numpak becak.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s