Nomer 27


Mari wingi gembrah karo bojone perkoro rayahan WC, isuk iki mau Wiji karo bojone gembrah maneh perkoro klambi. Klambi-klambi resik sing diteleh nduwur kasur kate disetliko karo Diman dibruki klambine sing reget. Wiji jelas langsung jenggong.

“Resik yo dilebokno lemari, lek koyok ngunu kan aku gak ngerti.”

“Yo disawang dhisik, diambu, wangi opo gak. Mesti sak enake dhewe. Gak ngrasakno sing umbah-umbah kesel.”

“Ben dino kok sambate ngunu ae. Lek kesel yo golek uwong, kon ngumbahno. Timbang kesel trus ngunu iku, ngamuk ae.”

“Ngene iki yo ngeman-eman duite. Iso ngge njajan anakmu.”

Ora pingin terus gembrah, Diman mlebu jeding. Adus. Wiji sing atine sik mbedodok nang pawon, lungguh nang amben. Mangkel isuk-isuk, weteng kosong, wayahe ketekan tamu bulanan, Wiji mbrebes, nangis. Ning mergo kroso luwe, wong wedok iku njupuk piring. Karo mbrebes wong wedok iku nyendoki sego, mangan. Emake Diman sing kate ngeterno jajan ngge putune mlebu nang pawon. Ndelok mantune nangis wong wedok iku langsung nakokno.

“Lha koen ki lapo, Ji? Onok opo, isuk-isuk kok wis nangis?”

Wiji meneng. Tangane sik nerusno lek nyendoki sego. Eluh e yo sik netes ae. Diman sing mari adus ndelok emak karo bojone mung plonga-plongo.

“Mbok apakno bojomu, Man?”

“Kepedesen paling,” saure Diman.

“Dolenan wedokan koen?” takone emake.

“Gak, mak.”

Diman nyawang bojone. Wiji mecucu. Akhire wong lanang iku nyedeki emake karo rada nyurung, ngongkon emake mulih.

“Awas lek koen aneh-aneh. Ojo seneng nglarani atine wong wedok,” emake Diman sik ngomel.

“Enggak, mak. Lha iku lho mangan apik-apik ngunu, lek lara ati mosok iso mangan ngunu iku. Masakane gak enak paling. Wis sampeyan mulih ae, tak urusi.”

Emake Diman manut, mulih. Mari emake mulih, Diman nyedeki bojone. Lungguh nang sandinge bojone.

“Sik lara atine?” takone Diman.

Wiji ora nyauri. Piringe sing wis kosong diteleh sanding, trus ngombe. Eluh e sing netes diusapi atek tangan.

“Wis ojo nangis, ngko eruh anakmu.”

“Bahno,” saure Wiji.

“Wou yo ojo. Ngko wedi anakmu, ndarani emake kesurupan. Mosok nangis karo mangan ngunu iku. Gak isin ta?”

“Gak.”

Diman ambekan rada dawa. Bojone sik meneng ae masio njerone sik nggondok.

“Ngerti gak, mak. Aku milih awakmu iku mergo opo?”

“Mergo aku ayu,” saure Wiji.

“Gak, ayumu iku nomer 27.”

“Seksi.”

“Seksi nomer 4.”

Wiji mecucu. Diman nyawang bojone trus ngomong.

“Koen iki lucu, nggemesno. Aku lek ndelok awakmu ngunu mesti kudu ngguyu. Kadang aku ki yo mikir kok onok uwong koyok koen iku. Rupane lucu, ayu gak patio, tapi yo gak elek hehe. Gurung maneh ndelok polahmu, yo sing koyok ngene iki contone. Wong lara ati ki biasane gak doyan mangan, lha koen gak. Jare lara ati tapi mangan sik banter. Tapi apik sih ngunu iku, mangan iku wajib.”

Wiji sik meneng.

“Wis ya ojo nangis, sesuk-sesuk gak maneh neleh klambi sembarangan.”

“Ben dino ngunu ae omonge nyatane yo dibaleni.”

“Hehehe…yo elingno. Jare bojo ki kudu saling mengingatkan, selain saling mengeloni hehehe…”

Diman nggudo bojone, sing digudo sik ae pingin mecucu. Ndelo bojone wis ora nangis, Diman siap-siap kate ngadeg.

“Sing nomer loro opo?” takone Wiji.

“Apane?”

“Jare milih aku mergo aku lucu. Ayune nomer pitulikur. Sing nomer 2 sampek 26 opo?”

“Rahasia no.”

“Emoh rahasia!” omonge Wiji karo kate nangis maneh.

Kumat maneh, pikire Diman. Wong lanang iku langsung muter uteke.

“Nomer 2 mergo tahan banting.”

“Padakno ember ae.”

“Lah yo ancen ngunu kok. Wis disauri…”

“Nomer 3?” sauté Wiji.

Diman meneng maneh.

“Kuat.”

“Nomer 4?”

“Uwes mau sing nomer 4, seksi.”

“Nomer 5 lek ngunu.”

Diman mikir.

“Gak oleh mbujuk,” omonge Wiji.

“Nomer 5 mergo nggemesno. Nomer 6, enak ngge senden. 7, pinter masak. 8, pinter nyanyi. 9…pinter njoget. 10…10…sik tak ngising sik.”

“Emoh, mbujuk ngko mesti. Diterusno sik.”

“Wong kate ngising kok gak oleh? Mbrojol nang kene oleh ta?”

“Emoh pokoke. Diterusno,” omonge Wiji karo mecucu maneh.

“Nomer 10 mecucuan, garai pingin nyakot. Nomer 11, pinter mijet. Nomer 12, sayang anak bojo…”

“Opo yo eruh biyen, kan biyen gurung nduwe anak karo bojo?”

“Iyo tapi kan kroso, ketok arek iki bakale sayang anak bojo opo gak. Aku lho sakti.”

“Nomer 13?”

“13…sayang Paimin.”

“Sopo Paimin?” takone Wiji.

Diman ora nyauri ning ndingkluk karo mesam-mesem.

“Njijiki!” saure Wiji.

“Hehehe, wis ya? Tak ngising sik.”

“Emoh, gurung mari kok.”

“Lek emoh yo ayo melu nang WC, tak terusno nang kono karo mikir,” omonge Diman karo ngadeg.

“Emoh! Diterusno sik pokoke.”

“Nomer piro mau? 14? 14, cinta kebersihan dan kerapian. 15, sayang tumbuhan. 16, setia.”

“Setia nomer 16?” takone Wiji.

“Ho oh. Diterusno gak iki?”

Wiji selot mecucu. Diman ngalah, lungguh maneh.

“17, pinter ngaji. Nomer 18, berbakti pada suami. Gak ngeyelan.”

Wiji selot mecucu. Diman ngalah, lungguh maneh.

“19…19 manut karo bojo. Lek bojone kate ngising gak dialangi.”

Wiji ngadeg. Dicandak piring karo gelase. Sak durunge ngalih wong wedok iku nyawang bojone.

“Aku milih karo sampeyan mergo sak perkoro ae.”

“Opo?” ganti Diman sing penasaran.

“Rahasia.”

Omonge Wiji karo ngalih.

 

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s