WC Tralala


Jenenge wong bojoan, opo maneh wes taunan, elek apik pasangane mesti wis padha apal sifat lan kebiasaane. Ngunu ugo pasangan Diman Wiji. Tauanan rabi apike ora ketok apik eleke selot selot eleke. Ning mergo wis padha paham, nduwe komitmen yo kudu diatasi lek ora yo dijarno ae, ora dianggep perkara.

Lek ono kelakuane Wiji sing ora dianggep Diman iku ora liya kebiasane lek pas nang WC, ngising. Ora dianggep mergo lek dianggep iso garai mangkel dhewe. Lagian yo selama iki ora ngrugekno. Sing jenenge Wiji lek lagi ngising iso limang taun. Mbuh sing ditokno opo. Wong wedok iku senengane lek ngising mesti disambi, seringe karo umbah-umbah. Alasane lek ditakoni eman, timbang mung nongkrong ae. Padahal lek dipikir justru mergo disambi iku sing garai suwi, mergo ora fokus.

Kaya isuk iki, Wiji sing kaet isuk wis umek karo penggaweane wis nongkrong nang WC. WC sing panggone nang mburi dhewe iku sengaja dipisah saka jeding dan rada adoh saka pawon. Kaya biasa Wiji nggowo kumbahane, lumayan karo diucek-ucek pikire. Diman sing wis apal biasane yo ora protes. Lek pas bareng mulese wong lanang iku milih mlayu nang omahe emake, nunut setor. Ning ora isuk iki.

“Mak, ndang, ganti aku,” bengoke karo nyekeli weteng nang ngarep WC.

“Nang emak kono lho, sik suwi iki,” saure Wiji.

Beda karo WC-WC sing biasane ditembok brukut teka nduwur, WC nang omahe Wiji mung ditembok sak duwure udele wong gedhe.

“WCne lak sik dibenakno, wing mampet iko.”

“Wou kakean kaanmu iku mesti.”

“Mbuh, ndang kok. Selak metu iki,” omonge Diman karo nyungir-nyungir.

“Yo ojo mbok jak omong ae, lak maleh gak konsen iki.”

Mumet ngempet Diman njogrok nang ngarep WC. Raine abang ireng ngempet tabungane sing kare mbrojol. Sing dienteni ora ndang ngalih malah karo nyanyi-nyanyi.

“Malah nyanyi. Ndang ta, mak, wis gak kuat ini.”

“Sak sirku tho wong nyanyi kok gak oleh, sampeyan pulisi ta?”

“Woo arek iki. Ndang, ngko tak tukokno senenganmu wis,” omonge Diman melas.

“Emoh, rayuane kok mesti ngunu. Emang aku cewek apaan. Aku gak semurahan iku.”

“Gusti! Mak, lek gak metu koen ngko tak…”

Crot!

Diman glagepan. Diusapi raine sing kenek banyu. Wiji nyeprot bojone atek pistol-pistolan banyu kaane anake sing keri nang jedingane WC.

“Ojo kurang ajar koen, mak.”

“Lha sampeyan ganggu ae, yok opo ndang mari lek sampeyan nggriseni ae.”

“Tak tinggal nggolek sing anyar mbuh koen ngko…”

“Opo?”

“Gak hehe…ndang ta lah, selak lara iki.”

“Emoh yo emoh.”

Diman ngeplak gundule dhewe. Wong lanang iku akhire ngalih. Disawang anake sing dolanan montor-montoran nang sanding pawon. Moro-moro Diman mesem, oleh ide. Ora suwi krungu suwara bojone bengak-bengok. Ora mung bengak-bengok Wiji sing ora iso mbukak lawang WC langsung mlumpat tembok karo gidro-gidro, mlayu nang pawon.

“Jaran! Wedhus! #@*!!!!”

“Lapo koen, mak?” takone Diman.

“Onok ulo, pak…”

“Heh? Nang ndi?”

“Nang WC hiiiiiii. Gusti, iku mau saka ndi.”

Wiji sing wedi karo ulo gidik-gidik. Wong wedok iku mlebu nang jeding karo sik mengkirik. Nang njaba Diman mesam-mesem. Wong lanang iku langsung mlayu nang WC.

“Sukur, kapok koen hehehe.”

Metu saka jeding Wiji sik ae mengkirik. Awake ngowel. Jenenge wong lek wedi lak ngunu iku. Wiji paling wedi, gilo karo sing jenenge ulo. Ndelok nang tipi ae males opo maneh sing temenan.

“Mak’e dibujuki pak’e,” omonge Tomin cilik karo ngguya-ngguyu.

“Apa? !&*$#!!!”

Wiji sing rada cerdas langsung dong lek dheweke dikerjai bojone. Opo maneh pas ketok gundule bojone sing lagi nongkrong nang WC.

“Awas sampeyan, pak, titenono!”

Diman sing krungu bojone ngomel ngguya-ngguyu.

“Metu sampeyan, pak!”

“Metu, akeh iki. Arep ta?”

Wiji menteleng. Karo malang kerik wong wedok iku nyedeki WC. Diman sing wis siap langsung nembakno banyu saka pistole dolanane anake, mbales bojone.

“Golek perkoro karo aku sampeyan, pak. Kene tak ladeni!”

“Emoh, ngising ae enak hehehe.”

Wiji mangkel. Wong wedok iku nggondok dikerjai bojone.

“Oke. Jatahmu ngko bengi tak coret!”

“Yo mangan nang warung, warung akeh kok.”

“Guduk jatah iku. Awas lek njaluk kelon!”

“Wou…ancemane.”

Wiji ngalih karo cincing-cincing dastere. Diman sing nerusno nongkrong.

“Pikir ngko sing penting saiki wis lego,” omonge karo mesem.

Tomin cilik sing ndelok polahe mak’e karo pak’e mung gedhek-gedhek.

“Gusti,” jarene.

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s