Layang Tresna


“Lapo kok kesusu? Enak-enak crito kok malah lungo?”

“Sesuk-sesuk maneh. Digoleki anakku ngko, wayahe mulih iki.”

Retno ngadeg trus kate ngalih. Tanggane Diman sing mari saka pasar iku mampir nang nggone Diman kerjo, ngobrol ngalor ngidul. Wis pirang dina kaya ngunu, ben lewat nggone Diman mesti mampir. Durung rong jangkah Wiji sing ngeterno panganane bojone mecungul.

“Ji, ngirim?” sopone Retno.

“Ho oh.”

Dina iki Diman ora mulih mangan awan, Wiji sing ngerti bojone ora mulih budal ngeteri pangganan bojone nang nggone lek nggarap kursi. Mari nggletakno rantang Wiji langsung balik mulih. Diman sing lagek lungguh karo rokokan mung meneng ae.

Jenenge wong rumah tangga mesti ono ae perkarane. Perkara cilik iso dadi gedhe, iso ugo sewalike. Sing kadang sering dilalekno wong sing omah-omah ki kurange penghargaan. Rumangsa wis biasa, ora perlu romantis-romantisan, akhire malih sepo, hambar boso kerene. Diman sing dasare meneng wis dipahami karo Wiji, bojone. Ning ndelok wong sing meneng iso rame nang wong liya, opo maneh wedokan, seje maneh perkarane.

Mulih kerjo Diman adus trus mangan kaya biasane. Ora langsung turu wong lanang iku dolanan HP sing kaet tuku semingguan iki. Diutak-utek karo ngguya-ngguyu. Wiji sing lungguh nang sandinge karo nglempiti klambi mung nglirik sediluk. Anake, Tomin, wis teka Sumatra lek turu.

 

Kangge Mas Diman,

Wis limang taun luwih awake dewe keluarga. Semono iku wis akeh sing awake dewe lewati. Gak mung seneng, susah yo wis sego jangan. Apikku elekku sampeyan wis ngerti kabeh. Apikmu elekmu aku yo wis iso nompo. Menengmu gak tau tak gugat. Ancen wis kaya ngunu gawan bayimu. Tak pikir aku wis ngerti sampeyan, limang taun iki, tibake aku salah.

Selama karo aku gurung tau aku ndelok sampeyan ngguyu, seneng. Biyen tak pikir ancen ngunu iku sifatmu. Embuh opo’o sampeyan gak tau crito-crito lek karo aku. Mesem ngguyumu yo iso diitung. Sak ngertiku, Mas, lek wong sayang iku opo ae pingin dibagi, susah yo seneng. Tak delok sampeyan gak kaya ngunu.

Biyen aku mikir ngunu sak gurunge aku ngerti lek sampeyan yo iso akeh omonge, ora pelit esemane. Sayange, sing kaya ngunu iku gak ngge aku, bojomu. Aku gak kate takok opo’o, sampeyan dhewe sing ngerti. Sing tak ngerteni saiki, aku gagal. Aku, bojomu, gak iso dadi panggonan sing iso mbok bagi, susah seneng pikiranmu. Gawe opo aku dadi bojomu lek crito ae sampeyan gak nyaman, mesem ae angel. Aku gak pingin sing enak-enak thok, Mas, kudune ngunu iku sampeyan yo wis ngerti.

Aku ngomelan, aku gampang mecucu, tukang ngabruk, tak akoni. Aku gak mbenerno sifat-sifat elekku iku ning aku usaha, aku usaha yok opo sampeyan ngerti opo sing tak rasa, aku pingin mbagi kabeh iku karo sampeyan, bojoku. Limang taun, Mas, sik limang taun, bakal luwih akeh maneh sing awake dewe lewati ning iso ugo sewalike. Terserah sampeyan.

Biyen tau onok sing ngomong nang aku, ngomong tresno aku ning gak iso nang sandingku, gak iso barengan. Dingge opo? Tresno iku dibagi, guduk dipendem. Tresno gak iso bareng trus ngge opo? Omong kosong ngunu iku ngge aku. Ning aku yo ngerti guduk tresno lek mekso. Aku tau ngomong sampeyan bebas, Mas, aku gak mbujuk. Sampeyan meneng mergo gak pingin aku lara ati? Gak pingin aku nangis? Sing ngene iki justru garai aku ngenes, Mas, luwih saka lara lek tibake sampeyan ora tau seneng nang sandingku. Aku pingin sampeyan seneng, Mas, aku pingin ndelok sampeyan ngguyu. Sampeyan pingin nangis pun monggo, aku nang kene ben dina, nang sandingmu.

Ning lek sampeyan gak ngrasa nyaman mbagi nang aku trus ngge opo aku nang kene. Aku gak butuh dipakani, opo maneh mung dikeloni. Nang sandingmu ning gak mbok anggep, gak iso gawe mareme atimu, mung garai lara, sampeyan lara, aku yo lara. Ning aku yo sadar nyaman ki ora iso dipekso. Lek ancene onok wong liya sing iso garai sampeyan nyaman, iso gawe sampeyan seneng, iso mbok jak berbagi seneng susah pikiranmu, monggo Mas, iku pilihanmu. Gak onok seneng selawase, padha ugo gak onok susah sing abadi. Pilihane dewe, Mas, pilihanmu, pilihanku. Lek ancen pilihane awake gak padha, gak iso, gak onok sing perlu dipaksakno. Aku gak iso nang kene terus, gak iso lek kaya ngene. Pilihanku, aku tak lungo.

Adekmu,

 

Wiji

 

Diman nglagepan. Wong lanang iku ngusap kringet nang raine sing netes ora karuan. Karo lungguh matane clingak-clinguk nggoleki bojone.

“Mak.”

6 thoughts on “Layang Tresna

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s