Kemping


Iki crita mbalik maneh jaman Tomin sik cilik.

            “Mak,” celuke Diman sing mari mulih kerjo.

            “Opo?”

            “Kemping yuh, wis suwi rasane gak kemping.”

            Wiji sing lagek lempit-lempit klambi ora nyauri. Wong wedok iku sik umek karo klambi sing mari dientas saka jemuran.

            “Lek tak pikir awake dewe kurang piknik. Awakmu lak saiki senengane bengak-bengok, mecucu…”

            “Trus nyesel ngunu maksude rabi karo aku?” sauté Wiji.

            “Lah? Sik ta lah, dirungokno sik. Awake dewe ki lak ben dina sibuk karo kerjoan, karo omah pisan-pisan kene kudu refreshing, Mak, cek gak stroke.”

            “Lha wingi lak mari ko bonbin.”

            “Bonbin ae andalanmu. Kemping, Mak, kemping. Awakmu gak pingin ta turu nang tenda, nyawang bintang…”

            “Gak, lara boyokku turu nang lemah,” sauté Wiji maneh.

            Diman meneng. Sakjoke rabi, opo maneh wis nduwe Tomin, dheweke sing biyen senengane kemping ora tau maneh.

            “Lha anakmu yok opo?” takone Wiji ndelok bojone meneng ae.

            “Yo dijak. Justru maksudku ki cek anakmu ngerti rasane. Diajari kaet cilik ngunu lho, Mak, lek kemping ki penting cek suk gedhe areke mandiri, gak manja.”

            Wiji nelehno daster sing kate dilempet nang pupune. Matane nyawang bojone sing saiki lungguh nang sandinge, nang pinggir kasur.

            “Koyok gak ngerti anakmu ae. Wong lek dijak lungo lak onok ae, sing sambat kudu ngising, sumuk, ngelak…”

            “Lha yo justru iku, mumpung areke sik cilik diajari. Ngko lek ngerti rasane kemping, biasa bersatu dengan alam yo gak ngunu maneh, gak ngrengikan.”

            Wiji meneng. Asline ngunu yo pingin iso dolan-dolan kaya biyen, blakrakan teka endi-endi ning wis nduwe anak ngene ki lak yo angel. Iso ae anake dititipno mara tuwane ning yo ora tega, opo maneh anake ki sik ngempeng, nyusu.

            “Gak usah adoh-adoh, Mak, sing cedek-cedek sik ae. Suk lek wis rada gedhe, areke yo wis biasa lagek dijak rada adoh. Ya?”

            “Cedek iku nang ndi?” takone Wiji.

            Diman mesem. Penting bojone wis setuju ae liyane gampang. Wong lanang iku ora nyauri, mung mesam-mesem dewe.

            “Malah ngguya-ngguyu? Ditakoni kok.”

            “Tenang ae, ngerti beres wis,” saure Diman.

            Dina sing ditunggu-tunggu wis teka. Masio dudu pegawe ning Diman milih malem minggu lungane. Wiji kaet sore wis nyepakno kebutuhane anake. Sega karo lawuh yo wis disiapno nang rantang. Tomin cilik dijaketi, dikei kupluk anget karo sepatuan.

            “Budal yahmene ki lak yo selak ngantuk anakmu, Pak,” omonge Wiji nang bojone.

            “Gak, lek wis nang nggone lak seneng ngko areke.”

            “Lha yahmene gurung budal. Iki ngko ditumpakno montor lak langsung merem areke.”

            “Jare sopo numpak montor? Mlaku.”

            Wiji menteleng. Tiwas wis diiyani, macak mening-mening lha kok dijak mlaku. Durung ngko anake mesti nggendong, sido gempor.

            “Ayo budal, Min!” omonge Diman karo nyandak anake.

            Tomin sing kesenengen kate dijak dolan ngguya-ngguyu. Wiji nyandak tas isi peralatane anake karo rantang. Diman nyangklong tas gede sing mbuh opo isine. Masio rada nyesel, ora ngerti tujuane nang ndi, Wiji melu ae ngetutno bojone.

            “Wis teka!” bengoke Diman.

            WIji menteleng. Duurng mlaku ono limang menit be’e bojone wis mandeg. Ora mung iku, wong wedok iku yo plonga-plongo ndelok opo sing nang ngarepe. Tenda wis ngadeg rapi. Nang ngarep tenda dikei kloso. Samping kiwa tengen tenda ono obor saka pring. Sepedahe Tomin diparkir nang samping tenda.

            “Gusti, ngerti ngene lak gak usah ngowo bangkelan sakmene akehe tho, Pak,” omonge Wiji mbareng ngerti lek kempinge mung nang mburi omahe mara tuwane.

            Diman mesem. Nang kampung omahe wong tuwane Diman ancen dudu sing paling apik, biasa malah ning mung omahe bapake Diman sing ono pekarangane, sik nduwe lemah. Pak’e Diman sing asli saka ndeso ancen kaet biyen ora pingin kaya tangga-tanggane sing omahe ditembok kabeh. Garai mumet jare, kaya dipenjara.

            “Sip gak?” takone Diman.

            “Cip,” saure Tomin cilik.

            Diman seneng. Wong lanang iku ora mari-mari lek mesem. Wiji sing ndelok bojone seneng yo melu seneng. Batine yo enak ora adoh-adoh, lek anake rewel yo gampang masio sik rada nyesel nggowo bangkelan sakmunu akehe.

            “Lha iku tasmu isine opo, Pak?” takone Wiji.

            “Sarung karo klambi hehehe.”

            “Lha kate pirang taun lek kemping cek akehe gawananmu?”

            “Yo cek koyok kemping temenan kae lho, Mak, hehehe.”

            Mari mangan bekal bareng-bareng, Tomin sing kesenengen njaluk sepedahan. Padang bulan ditambah obor wis cukup dadi penerangan. Lampu mburi saka omahe bapake Diman yo ketok melik-melik. Yahmene bapak emake mesti wis anteng nang ngarep tipi, nonton sinetron.

            “Radione setel, Mak,” omonge Diman.

            Tenda silihan dijarno buka lawangane. Diman karo Wiji nggletak karo nyawang anake sing mubeng-mubeng mancal sepedae.

            “Mak’e!”

            Wiji karo Diman langsung tangi krungu bengokane anake. Ora mung iku arek cilik iku yo nangis banter.

            “Pak, anakmu, Pak,” bengoke Wiji ndelok anake.

            Tomin cilik sing mau enak sepedahan ora ndelok ono peceren, got adah buwakan banyu reget gaweane mbahe. Diman nyandak anake sing ngluprut kabeh awake. Ambune ora enak. Arek cilik iku terus ae nangis. Diman karo Wiji langsung ngowo anake mulih.

            Krungu suwara rame-rame emak karo bapake Diman sing durung turu langsung moro. Ndelok putune nangis, reget, mambu ora enak emake Diman langsung jenggong.

            “Lha iku mau lapo kok putuku iso koyok ngunu?” takone banter.

            “Anu… kecemplung peceren,” saure Diman lirih.

            “Lha matane bapake karo emake diteleh ndi? Kok iso anake kecemplung peceren bengi-bengi?”

            Diman karo Wiji meneng ae, ora nyauri.

            “Ojo didusi banyu adem. Kono ndang digodoknya banyu gek dilap ae, masuk angin iku ngko,” omele emake Diman.

            Mari diresiki, diganti klambine trus dimiki emake akhire Tomin cilik gelem meneng. Ora let suwi trus turu. Emake Diman sik ae ngomel.

            “Sampeyan iku,” omonge Wiji nang Diman pas mara tuwane wis mulih.

            “Kok aku? Yo koen barang,” omonge Diman.

            “Lha sopo sing ngambung disikan mau?”

            “Lha koen njarak. Lapo lambemu maju-maju? Lek gak njaluk ambung trus njaluk opo iku mau?”

            “Njaluk duwit!” saure Wiji karo mecucu.

            Kegowo suasana romantis nang njero tenda Diman karo Wiji mesra-mesraan. Ndilalah anake sing bosen mung mubeng-mubeng nang ngarep tenda mancal sepedae rada adoh trus keblonyok nyemplung got. Untung banyune ora akeh, ora bundas yoan areke.

***

2 thoughts on “Kemping

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s