Upacara


 

 

            Tomin sing wis mlebu TK B selot pinter saiki. Pinter ngeyel, pinter garai mak’e ngamuk, pinter sembarang-sembarang. Lek TK A jam 7 mlebu, TK B baru mlebu kelas jam 8. Masio ngunu Tomin pancet budal isuk. TK Sukar Waras gedunge sebelahan karo SD Ngunu Ae, sak komplek. Dina Senin lek arek-arek SD upacara arek-arek TK ora.

Senin iki Tomin wis ganteng. Wetenge wis wareg. Dheweke karo kanca-kancane sing durung mlebu kelas nonton arek-arek SD sing lagi upacara. Upacara Bendera dina Senin wis mulai. Arek-arek SD baris manut kelase. Guru-guru baris nang ngarep, samping tiang bendera. Grup Paduan Suara baris adep-adepan karo barisan guru.

Komandan upacara sing arek kelas 6 ketok gagah maju nang ngarep, mapak pembina upacara. Tomin sing ngadek nang mburi grup paduan suara nirukno baris.

“Ciap grak!” bengoke Tomin nirukno komandan upacara.

Pembina upacara, Kepala Sekolah, wis ngadeg nang ngarep. Komandan upacara siap-siap laporan.

“Kepada pembina upacara, hormat….grak!” aba-aba komandan upacara.

Kabeh sing melu upacara langsung hormat. Tomin sing ora melu upacara yo melu hormat karo nirukno suwara komandan upacara.

“Tegak glak!” bengoke Tomin.

Komandan upacara durung ngewei aba-aba tegak grak ning Tomin ndhisiki. Arek-arek SD sing krungu aba-aba tegak grak langsung ngudunno tangane. Ning ngerti lek dudu Komandan sing aba-aba arek-arek iku mesem-mesem, kecelek, trus hormat maneh.

“Tegak grak!” bengoke komandan upacara sing asli.

Ora mung iku, pas wayahe barisan Pengibar Bendera maju nyedeki tiang bendera Tomin nirukno maneh. Arek lanang sing mau nang mburi grup Paduan Suara iku melu baris maju nirukno. Ora adoh ning ketok peserta upacara polahe Tomin maju sampek nang ngarepe grup Paduan Suara trus mbalik maneh. Guru-guru nang ngarep mung mendelik ndelok Tomin.

“Endoneca laya tanah ailtu, tanah tumpah dalahtu!”

Suwarane Tomin sing kaya gembreng diseret ngalah-ngalahi suwara Paduan Suara. Arek lanang iku saiki ngadeg melu barisan Paduan Suara karo mberok-mberok. Dirijen sing ngabani grupe menteleng.

“Endoneca laya merdeka merdeka tanahtu negliku yang kucinta! Endoneca laya merdeka merdeka hiduplah endonesa laya….”

Grup Paduan Suara sing biasane apik maleh rusak mergo suwarane Tomin. Arek-arek bingung mergo Tomin ngrusak nada. Lirik sing durung wayahe wis dinyanyekno karo Tomin. Ora mung grup Paduan Suara sing bingung, grup Pengibar Bendera yo bingung. Bendera kudu pas nang duwur karo enteke lagu ning suwarane Tomin karo grup Paduan Suara sing kacau garai pengibar ragu-ragu narik.

Ora pingin upacara kacau mergo arek-arek padha umek, ngguyu cekikian, salah siji guru nyedeki Tomin. Ngerti lek kate diparani Tomin mlayu banter, wedi.

“Mak, atu nduwe mas?” takoni Tomin bengi-bengi pas kate turu.

“Onok,” saure mak’e.

“Ndi? Kok gak onok nang omah?”

“Rahasia.”

“Mak’e ki mesti, nakal!” bengoke Tomin karo mecucu.

Diman sing turu nang sandinge anake meneng ae.

“Mak, masku ndi? Atu pingin mas.”

“Tak critani tapi mari ngunu merem lho ya, turu,” omonge Wiji.

“Ho oh.”

Tomin sing turu nang tengah-tengah emak karo bapake ketok semangat. Wiji miring, ngadep anake.

“Biyen pas koen sik nang weteng onok loro. Koen karo masmu.”

Tomin kedip-kedip ngrungokno ceritane emake. Diman merem karo ngrungokno.

“Trus pas mak’e mules…”

“Kroso ngeceng?” saute Tomin.

“Ho oh, pas mak’e kroso ngising mak’e mlayu nang WC. Pas iku masmu metu trus telung menit mari iku koen metu.”

“Tlus? Kok aku nang kene, mas gak?” takone Tomin pingin ngerti.

“Hmm…sakjane iki rahasia…”

“Emoh lahacia, clitani mak…mas nang ndi?”

“Mak’e kan gak iso ngopeni koen karo mas, repot, wong siji ae mak’e wis kesel. Pak’e yo kerjo lek ngewangi yo kesel, akhire mak’e milih siji, koen.”

“Mas nang ndi?” takone Tomin karo nyebek, kate nangis.

“Mas tak titipno Mbah.”

“Nang Mbah? Kok atu gak eloh?”

“Onok, nang mburi.”

“Mbuli kandang wedhus?” takone Tomin.

“Ho oh.”

“Gak onok mas. Nang kandang, wedhus thok.”

“Onok. Yo wedhus iku masmu.”

Diman mesam-mesem krungu omongane bojone karo anake. Tomin sing mau kate nangis bingung, ora percoyo.

“Gak, mas guduk wedhus.”

“Diomongi kok gak percoyo. Makane mak’e lek koen njaluk tuku sate mesti emoh, sakno masmu. Maem liyane ae, tempe opo tahu ngunu. Endog yo gak popo.”

“Mbujuk? Mak’e mbujuk yo Pak?”

Diman ora nyauri. Wong lanang iku pancet merem karo ngempet ngguyu.

“Mak’e mbujuk. Masku guduk wedhus. Nakal!”

“Yo wis lek gak percoyo. Turu ae enak.”

“Mak’e ki…huhuhuhu.”

Tomin sing mangkel langsung nangis. Ndelok anake nangis Wiji langsung ngeloni anake iku.

“Gak…gak. Wis gek merem,” omonge karo ngelus-ngelus gundule anake.

“Mak’e nakal!”

“Tapi ayu,” saure Wiji.

“Nakal huhuhu…”

Nang njero ati Diman mung iso mbatin. Anak karo emak padha pencenge. Wong telu iku akhire merem bareng, turu.

 

****

 

 

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s