Karnaval


 

 

 

            “Min!”

            Wiji sing lagek umbah-umbah mbengoki anake sing ora ketok gundule. Sing dibengoki dudu ora krungu ning ora gelem nyauri.

            “Min!”

            “Nang tene,” saure Tomin cilik.

            “Ngising suwi eram, mesti dolenan banyu. Gek ndang ngalih, awas lek banyune diguwaki.”

            Tomin cilik sing lagek nongkrong nang WC ora nyauri maneh. Wiji sing wis paham modele anake langsung ngadeg, marani. Pas diinguk anake lagi dolanan kapal-kapalan nang jedingane WC karo nongkrong.

            “Wou arek iki, njaluk digibeng.”

            Tomin mecucu.

            “Ngising sing apik, malah dolenan kapal-kapalan. Gek ngalih.”

            “Cik,” saure Tomin.

            “Dolenan nang njobo ojo kaya ngunu.”

            Ora telaten ngenteni anake Wiji akhire nyandak anake. Dicewoki trus diseret metu anake. Mari metu Tomin sing sik pingin dolanan mlayu pindah nang jeding. Wiji nerusno lek umbah-umbah. Lek pegawe Minggu iso leyeh-leyeh, Wiji malah akeh penggawean. Ngurusi omah, anak bojo, kaet isuk ora ono lerene. Mari umbah-umbah wong wedok iku masak. Bojone sing wis budal kerjo kaet isuk diluk maneh mulih, sarapan.

            “Min, tukokno uyah,” bengoke Wiji.

            Tomin sing wis bosen dolanan kapal-kapalan nyedeki mak’e.

            “Sing kasar, nang Lik Ti. Ngko duite mak’e sing mbayar.”

            Ora kakean omong arek iku langsung budal.

            “Ojo mampir-mampir, langsung mulih,” pesene Wiji.

            Tomin cilik mlayu nang tanggane sing nduwe warung. Lik Ti, sing nduwe warung, wis apal.

            “Tuku opo?” takone nang Tomin.

            Tomin meneng ae. Arek cilik iku nyawangi jajanan sing digantung nang warung.

            “Jajan?” takone Lik Ti.

            Tomin manthuk.

            “Opo maneh?”

            Tomin sing wis nyekel jajan plastikan meneng ae. Ora suwi arek cilik iku ngomong.

            “Duite mak’e,” omonge Tomin karo mlayu ngalih.

            Masio ora kerep ning wis biasa lek Tomin njaluk barang utawa jajan nang warunge Lik Ti. Ngko lek wis ora repot emake bakal moro, ngewei duit.

            “Lak mesti mampir arek iki, selak mateng jangane,” omele Wiji nang pawon.

            Wiji sing nyambi masak karo ngresiki omah wira-wiri. Ngenteni uyah sing ora teka-teka, Wiji mateni kompore. Jangan wis mateng ning durung diuyahi. Diman sing mulih langsung nyandak piring, mangan.

            “Oalah mak…mak kaya prawan ae, masak kok lali gak diuyahi,” omonge karo nyamuk-nyamuk.

            “Yo anakmu iku, dikongkon tuku uyah gak mulih-mulih.”

            “Lha areke dolenan karo kancane, kae nang omahe Edi.”

            Diman sing mlaku mulih mau ndelok anake lagek dolanan karo kancane.

            “Trus uyahe diteleh ndi?”

            “Gak nyekel uyah, nyekel jajan iku mau.”

            “Wou…wedhus,” omele Wiji.

            Ngerti lek anake dolan, ora tuku uyah malah tuku jajan, Wiji budal nang warunge Lik Ti.

            “Mak, aku dadi tukang reparasi,” omonge Tomin bengi-bengi pas mari mangan.

            “Profesi kok tukang reparasi? Yo pulisi opo tentara ngunu,” saure Wiji.

            “Emoh, aku seneng kaya Mas Catur iso ndandani tipi. Yo Pak yo?”

            Agustus wayahe akeh kegiatan ngge arek-arek sekolah. Tomin sing kaet munggah TK B kudu melu karnaval. Bu Guru wis milihi murid-murid sing kudu macak, cek ora padha. Sing ayu, ganteng kebagian macak baju daerah. Tomin sing rupane masio lucu ning ora masuk kategori ganteng kebagian profesi.

            “Lha tukang reparasi iku klambine opo? Macak opo?” takone Wiji.

            “Atek baju Sepidermen-ku, apik.”

            “Tukang reparasi kok atek klambi Spiderman, gak oleh. Spiderman yo gak melu karnaval. Macak pulisi ae ngko nyilih klambi nang salon.”

            “Emoh pulisi! Aku dadi tukang reparasi! Yo Pak yo?”

            Tomin sing ora iso diomongi nesu. Bapake sing dikongkon melu ngerih-ngerih anake yo ora kasil. Sesuke Wiji ngomong nang Bu Guru. Padha ora iso ngrayu Tomin akhire arek lanang iku dijarno milih sak senenge, dadi tukang reparasi ning klambine kostum Spiderman. Kostum Spidermane Tomin ora nyewa. Kapanane arek lanang iku njaluk ditukokno emake. Setelan ngisor nduwur lengkap sak topenge.

            Pas dinane, Tomin wis siap atek kostume. Diman karo Wiji mung gedhek-gedhek ae ndelok anake iku.

            “Lha iku tukang reparasi opo maling?” takone Wiji ngudo.

            “Sepidermen! Guduk maling,” saure Tomin mangkel.

            “Spiderman kok ndandani tipi, Spiderman yo mburu penjahat.”

            “Bahno! Mak’e ki nakal!”

            “Wis, Mak, malah mbok njaraki anakmu, ngko nangis gak sido budal.”

            Wiji nyebek. Lanang wedok iku akhire ngeterno anake nang sekolahan. Ora adoh rute mlakune mung ngubengi dalan sekitar sekolahan. Mari masrahno anake nang Bu Guru Diman karo wiji ngenteni anake cedek garis finish. Iring-iringan wis mulai mlaku. Masio ora adoh ning hawa panas plus uwong uyel-uyelan, durung maneh klambine Tomin sing brukut karo topeng, garai arek iku sumuk. Sik oleh setengah dalan Tomin mogok, ora gelem mlaku. Bu Guru wis ngerih-ngerih Tomin ngongkon mlaku soale rombongan TK liya yo wis siap nang mburi ning arek iku pancet ora gelem mlaku, malah nangis.

            “Pak, tak paranane anakmu,” pamite Wiji sing ngrasa ora enak.

            “Lha lapo? Jarno ae, mari ngene lak teka,” saure Diman.

            “Halah, kaya gak ngerti modele anakmu ae.”

            Wiji mlaku ngoleki rombongan TK-ne anake. Wong wedok iku ngrasa ora tenang lek durung ndelok anake. Ndilalah temenan, anake mogok, nangis ora iso dirayu.

            “Malah nangis, tukang reparasi kok gembeng,” omonge Wiji nang anake.

            “Bahno huhuhu.”

            “Ayo mlaku maneh, kurang sithik. Ngko mulih tumbas jajan karo Pak’e, Pak’e tumbas es iku mau,” rayune Wiji.

            “Emoh, kecel huhuhu.”

            Ora kenek dirayu akhire gelem ora gelem Wiji ngendong anake. Ora gelem dijak metu saka rombongan Wiji kudu ngendong anake karo rombongan karnaval liyane. Ora iku thok, Tomin sing kadang sik ngempeng njaluk susu. Isin ning pisan maneh gelem ora gelem Wiji kudu nyusoni anake karo mlaku sandinge arek-arek cilik kancane anake.

            “Oalah Gusti,” batine Wiji ngempet isin.

            Wis enak digendong karo disusoni emake Tomin meneng, masio sik membik-membik. Uwong-uwong nang pinggir dalan sing nonton Wiji karo Tomin mung mesem-mesem, maklum jenenge arek cilik.

            “Spidermane sik ngempeng tibake,” omonge wong nang pinggir dalan karo ngguyu.

            Diman sing ndelok anak bojone dadi guyonan wong-wong sing nonton karnaval melu gedhek-gedhek.

            “Min…Min,” omonge Diman lirih.

 

***

           

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s