Perpisahan


            Iki crita mbalik jaman Tomin sik TK maneh.

“Lek diomongi gurune ki manut, ojo ngeyel ae senengane,” Wiji sing kaet mulih mapak anake ngomel-ngomel.

            Sing diomeli mecucu, nesu. Diman sing wis biasa ndelok bojone ngomeli anake mung gedhek-gedhek. Opo maneh, batine.

            “Perasaan panganane yo podho kok iso koen iki gak kaya arek-arek kae,” wiji sik ae ngomel.

            “Lapo sih, Mak, rame ae?” akhire Diman takon.

            “Iku anakmu, Tomin Bin Diman, lek gak ngeyel gatel be’e lambene iku.”

            Batine Diman ngunu kok kaget, wong ono sing diturun, ning wong lanang iku meneng ae timbang selot dawa ngomele.

            “Lapo, Min?” Diman ganti nakoni anake sing sik mecucu.

            Arek TK iku nyedek bapake sing lagek dandan-dandan terus njaluk pangku.

            “Lapo meneng? Kono ngomong?” omonge Wiji.

            “Edi nakal,” omonge Tomin.

            “Yo koen iku, kok koncone sing diarani,” Wiji nyaut maneh.

            Diman nyawang bojone.

            “Iyo, aku meneng,” omonge Wiji nang bojone.

            Karo mecucu Tomin akhire crita nang bapake. Arek lanang iku mau nang sekolahan eyel-eyelan karo koncone, Edi. Perkarane Tomin ora setuju omongane Edi. Jare Edi dunya sak isine iki ciptaan Tuhan. Kabeh-kabeh ki sing gawe Tuhan. Tomin sing ben dina ndelok bapake iso gawe meja, kursi, kandang lan liya-liyane ora trimo. Ora iku thok pas gurune nengahi mergo arek loro iku udur-uduran ora mari-mari nang kelas, garai kelas rame, Tomin sik ngeyel. Tomin nambahi conto lek bapake yo iso gawe menungso, dheweke. Jelas Edi ngeyel maneh, Bu Gurune yo melu ngandani.

            “Bener kan, Pak, aku kan sing gawe pak’e?”

            Diman meneng. Wiji mung mbatin, rasakno.

            “Pak’e kae kan tau omong lek aku biyen gak onok trus pak’e gawe karo mak’e trus aku metu cilik mentik trus gede-gede ngunu. Ho oh kan? Guduk Tuhan sing gawe.”

            “Oalah, Min, pak’e gak sekolah yo gak pinter. Sesuk-sesuk manut lek omong Bu Guru ya,” omonge Diman.

            “Pak’e mbujuk?” takone Tomin.

            “Gak, pak’e gak ngerti.”

            “Yo mbujuk berarti. Duso campeyan, Pak,” omonge Tomin karo mecucu, nesu maneh.

            Diman ngukuri gundule. Tomin sing gelo ngrasa dibujuki bapake mlaku ngalih, njaluk mangan nang emake. Ora krasa Tomin TK wis setaun. Sekolahane kate ngenekno perpisahan ngge arek TK B sing meh mlebu SD. Tomin karo konco-konco TK A kebagian ngisi acara. Ono sing nari, moco puisi, nyanyi, macem-macem. Masio perpisahan arek TK acara perpisahan digawe bengi cek wong-wong sekitar iso nontok kabeh, dingge hiburan.

            Tomin sing kendel kebagian nyanyi. Ben dina arek lanang iku latihan, nang sekolah, nang omah. Lagu sing kate dinyanyekno Tomin judule Topi Bundar. Seminggu latian Tomin wis mantep, apal.

            “Wis nguyuh gurung anakmu, Mak?” takone Diman sing bengi iku wis siap nonton anake tampil.

            “Wis, tak pekso iku mau.”

            Wiji, Diman karo wong-wong tuwa liyane wis lungguh rapi nang ngarep panggung sing sengojo didekno ngge acara perpisahan. Acara sing dimulai mari Magrib wis oleh sak jam akhire giliran Tomin. Arek lanang sing wis dipacaki ganteng karo emake gawe jas karo dasi kupu-kupu plus kacamata ireng plastik andalane iku ketok lucu.

            Ora ndang nyanyi masio wis dikei mic akhire gurune nyedeki. Pas ditakoni Tomin ngomong lek lali lagune. Mecucu karo ngempet nangis arek iku njegegeg nang nduwur panggung. Ndelok anake ora nyanyi malah kate nangis Wiji langsung ngadeg nyedeki anake. Saka ngisor panggung wong wedok iku nakoni anake.

            “Lapo gak nyanyi?”

            “Lali,” saure Tomin karo mecucu.

            “Ben dino wis latian kok lali. Ndang nyanyi ngko tak tumbasno sate.”

            “Emoh nyanyi Topi Bundar.”

            “Lah, wong jatahe iku kok.”

            “Emoh pokoke.”

            Tomin sing ben dino wis latian, apal mbareng nang panggung malih lali lirike. Timbang nyuweni Tomin dijak mudun karo emake ning ora gelem. Arek lanang iku pancet pingin nyanyi ning ganti lagu.

            “Lek emoh mudun yo nyanyi,” omonge Wiji.

            Timbang nangis, ora gelem kon mudun yoan, akhire Tomin oleh nyanyi lagu liya. VCD karaoke lagu jalukane disiapno.

            “Nyanyi sik apik, mak’e nontok karo pak’e nang mburi.”

            “Ho oh.”

            Mari mak’e ngalih, mari dikode gurune akhire Tomin nyanyi.

           

Nang Cetaciun Balapan….

           

            “Oalah pak, kok malah macak wong mendem ngunu anakmu. Gusti…”
            “Yo anakmu iku, sopo sing diturun lek ngunu iku lek guduk awakmu,” saure Diman.

            “Min…Min kon nyanyi Topi Bundar jare lali malah nyanyi kaya ngunu. Gek nirukno sopo kaya ngunu iku.”

            Wiji gedhek-gedhek ndelok anake sing sik pelat iku nyanyi Stasiun Balapan. Ora mung nyanyi Tomin yo njoget, nirukno sing biasane nang VCD sing disetel emake.

           

            Nang Cetaciun Balapan kutho Colo cing dadi kenangan koe kalo acu…naliko ngetelno silahmu

 

            “Sirahmu jare, gundulmu iyo,” omonge Wiji.

            “Jos, Min!” bengoke sing nonton.

            Arek-arek enom sing mau mung meneng nonton ndelok Tomin langsung melu njoget nang ngisor panggung. Arek-arek cilik keplok-keplok, seneng.

“Sesuk-sesuk lek meteng ojo njaluk wedhus maneh, Mak,” omonge Diman.

 

***

 

           

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s