Ambung Jos


 

 

            Wis gawan bayi lek sing jenenge Wiji iku kurang seprapat alias ora genep. Lek arek wedok biasane anteng, isin-isin, sing jenenge Wiji meneng durung genep limang menit ae langsung gatel awake. Lambene iso meneng lek lagi merem, mangan utawa ora enak atine. Diman wis paham masalah iku. Pokok lambene wis mecucu mesti lek ora mergo mangkel yo luwe. Akeh-akeh mangkel mergo luwe. Isin mergo polahe bojone yo ora pisan pindo dirasakno Diman. Ning yo mergo wis paham iku mau Diman ora tau protes. Paling lek wis kebangeten isin’e krukupan kresek utawa ditinggal ngalih.

            Lek lagi ngomel jenenge Wiji iku yo ora ono kesele. Wayahe mangan dibengoki. Durung adus dijenggongi. Salah neleh klambi utawa anduk dikabruk. Awal-awal rabi lek ngomongi sik rada kalem suwi-suwi Diman lapo ae disempriti. Kalah pokoke pulisi karo Wiji. Dasare Diman ora kakean omong, ora seneng rame yo dinengno ae bojone jenggong. Dihoohi ae sak unine. Tau tanggane takok kok iso Diman kuat nduwe bojo kaya Wiji, kuat ngadepi polahe sing kerep aneh-aneh. Diman kaya biasa mung mesem thok.

            “Nang…nang alun-alun tak goleki. Ter…terminal stasiun tak ubengi…”

            Suwarane Wiji nirukno penyanyi saka VCD sing lagi diputer. Lagu-lagu campursari sing diremix dingge pelatih aerobik banter ngebeki omah. Nang ngarep tipi Wiji nyanyi karo joget-joget. Wong wedok iku ancen seneng olahraga. Ora milih lari opo olahraga liya, Wiji luwih seneng nirukno pelatih aerobik sing akeh didol VCDne nang pasar.

            “Se…senajan setaun tak enteni. Tres…tresnamu sing tak tunggoni…”

            Diman sing mau pamit budal kerjo mulih. Ngerti bojone teka, Wiji sing gobyos kringet thok langsung mandeg. Lagune dipateni.

            “Lapo kok mandeg?” takone Diman.

            “Gak popo, kesel.”

            Diman nyawang bojone sing selot semok awake. Rambute sing mau dikuncir dicopot taline, diure. Kringet sing ndrodos ceblok siji-siji. Risih disawangi bojone Wiji mlaku ngalih.

            “Mak, ngantuk,” omonge Diman.

            “Yo turu kono. Eh kok sampeyan wis mulih yahmene?” takone Wiji, ora sido ngalih.

            “Ho oh, wis mari garapane. Kancani, Mak.”

            “Yo sik, adus sik. Kringet ngene.”

            “Gak usah adus, kancani yo, Mak,” omonge Diman maneh.

            Wiji nyawang bojone sing ketok bedo isuk iki. ora nyauri wong wedok iku akhire melu bojone mlebu kamar. Awan pas anake mulih Wiji wis ayu. Diman sing sik ngenakno turu dijarno. Tomin sing sik SD mari mangan langsung dolan. Bengi Diman sik ae meneng. Masio ta ancen ben dino ora akeh omonge ning menenge Diman saiki bedo.

            “Pak, sesuk golek iwak yuh.”

            “Iwak opo?”

            “Iwak hias, dikekno akuarium.”

            “Halah, iwakmu wingi matek ngunu gak mbok openi,” saute Wiji.

            “Lha gak ditukokno plembung-plembung. Ngunu iku kudu onok plembung-plembunge, yo Pak?”

            Diman meneng.

            “Kono gek turu. Ngantuk kon sesuk, angel tangine,” omonge Wiji nang anake.

            “Yo, Pak?”

            “Turu,” omonge Wiji karo mentelengi anake.

            Tomin mecucu trus mlebu kamar. Diman sing wis turu meh sedinoan bengi iki sik pancet ora ono omongan.

            “Pak,” celuke nang bojone pas wis gletakan nang kamar.

            “Opo?”

            “Necu?”

            “Sopo? Aku? Gak.”

            “Luwe? Eh iku lak aku yo, meneng ae lek luwe hehehe.”

            Diman nyawang genteng. Tangane karo ditekok, dingge bantalan gundule.

            “Pak, lek aku meneng ngunu kae, nesu, sampeyan mangkel gak?” takone Wiji.

            “Gak.”

            “Gak gatel pingin ngapakno opo ngomong opo ngunu?”

            “Paling pingin njiwit lambene,” saure Diman.

            “Padahal lek ngunu iku aku pingin diambung hehehe.”

            Wiji ngguyu. Diman melu mesem. Rada suwi lanang wedok iku meneng-menengan. Wiji sing ngrasa ono sing ora tepak nang bojone ngelus-ngelus dadane bojone karo dusel-duselno gundule nang keleke Diman.

            “Pak, mau mulih kok mlaku. Sepeda montore nang ndi?”

            Deg. Rasane jantunge Diman kudu coplok.

            “Anu…sepedae tak…sepedae…” saure Diman glagepan.

            “Wis gak usah mbujuk, Pak.”

            Diman ngingirno gundule bojone. Wong lanang iku lungguh karo nyawang bojone. Wiji melu tangi, lungguh.

            “Sepurane, Mak, sepedae ilang. Tak tinggal tuku paku, kuncine sik nyantol. Padahal mung limang menit.”

            Raine Diman ketok melas. Sepeda motor sing kaet lunas kreditane ilang digondol maling. Diman wis siap dijenggongi bojone. Kaet isuk kate cerita ning durung siap. Tibake bojone sadar disikan trus takok.

            “Ojo kaya wong susah, Pak, sesuk tuku neh,” omonge Wiji.

            “Gak nesu, Mak? Gak popo nesuo, mbok kabruk aku yo siap. Ancen aku salah, lalian, gak ati-ati.”

            “Gak luwe kok nesu, yo sesuk ae lek luwe. Ayo turu, wis bengi.”

            “Mak…”

            “Opo?”

            “Gak nesu temenan?” takone Diman ora percoyo.

            “Lha wis ilang, kate dikapakno. Ngko lak onok rejeki yo tuku maneh sing akeh, limolas,” omonge Wiji karo ngletak.

            Diman plonga-plongo. Ora percoyo lek bojone sing ngomelan iku ora ngamuk.

            “Limolas dingge opo? Siji ae,” omonge Diman.

            “Dikekno malinge cek gak nyolong maneh. Dingge serep lek ngko ilang maneh,” saure Wiji.

            Diman meneng. Sedinoan pikirane abot ngeling-eling sepeda motore, mbayangno reaksine bojone lek ngerti.

            “Gak pingin turu? Gak pingin dikeloni?” takone Wiji.

            Diman manthuk. Alon wong lanang iku melu ngletak nang sandinge bojone.

            “Sepurane yo, Mak,” omonge Diman sik rumongso ora enak.

            “Emoh.”

            Diman nyawang bojone, bingung.

            “Ambung sik,” jare Wiji karo mesem.

            “Njaluk piro? Limolas?” takone Diman karo melu mesem.

           

 

***

           

           

2 thoughts on “Ambung Jos

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s