Gombal Mukiyo


            Iki cerita mundur maneh, cerita Wiji Diman jaman Tomin durung ono. Kaya wong enom liyane, Wiji Diman yo ngalami pacaran sak durunge rabi. Bedane lek biasa wong pacaran lanange sing tukang ngrayu, nggombal iki sewalike. Diman sing ora akeh omong ora pinter ngrayu. Yo paribasane ora romantis. Wiji sing lambene gatel lek meneng termasuk wedokan sing kiwir-kiwir alias pinter omong.

            “Mas, bapakmu pilot yo?” takone Wiji nang Diman pas wong loro iku lagi pacaran nang pinggir kali.

            “Yo pak’e ancen nduwe doro sih, tapi mung ingon-ingon ae. Utamane yo tani.”

            “Guduk pilot sing iku. Pilot sing ngumbulno pesawat kae lho, guduk pilot doro.”

            “Opo maneh pilot iku, wong sekolah ae gak.”

            “Embuh! Terus ae disauri,” omonge Wiji mangkel.

            “Lah wong takok mosok dinengno, gak disauri?” takone Diman bingung.

            “Ojo disauri ngunu, aku ki kate ngrayu. Ngomongo, kok ngerti.”

            “Lha koen gak ngomong mau. Yo wis balenono.”

            “Males, wong kok gak romantis.”

            Mangkel Diman ora ngerti karepe Wiji akhire meneng karo mecucu. Diman sing ngrasa bersalah akhire njajal.

            “Mbahmu maling yo?” takone Diman.

            “Yo mbahmu iku sing maling! Lek gak seneng ngomong ae gak usah nggowo-nggowo wong tuwek. Enake ngarani mbah’e uwong maling,” saure Wiji karo ngadeg, nesu.

            “Yok opo sih arek iki? Meneng salah, kate ngrayu yo salah.”

            Masio kerep nesu, mecucu mergo karepe ora dingerteni karo Diman ning Wiji ora tau kapok. Dasare lambene kiwir-kiwir ben ono kesempatan mesti nggombal. Sore iki Wiji karo Diman pacaran nang sawah, karo nunggu manuk. Pas mulih ndilalah kok udan akhire wong loro iku ngiyup nang gardu siskampling, masio awake wis padha teles.

            “Njajal ngene ki onok kamera yo, Mas,” omonge Wiji.

            “Ngge opo?”

            “Ngge moto sampeyan,” omonge Wiji karo mesem.

            “Yo suk pas poto KTP lek oleh tak jalukno Pak Lurah.”

            “Suwe, telat yoan.”

            “Yo sing sabar. Ben dino yo ketemu, apikan didelok asline ngene, iso didemok sisan.”

            “Ngge bukti nang arek-arek kae lho, Mas, cek aku gak dikiro mbujuk.”

            “Lha emang koen ngomong opo? Crito opo?”

            “Aku ngomong lek malaikat iku iso teles lek kudanan,” saure Wiji karo mesem-mesem.

            “Heh?” Diman ora dong.

            “Gak dong maneh?” takone Wiji.

            Diman ngukuri gundule, bingung. Ndelok Diman plonga-plongo Wiji langsung mangkel. Wis ora tau dirayu, ben ngrayu sing dirayu ora dong, ora paham.

            “Opo’o sih sampeyan gak iso kaya wong lanang liyane?” takone Wiji mangkel.

            “Lapo?”

            “Sakjane sampeyan sayang aku gak sih? Gak iso ngrayu okelah, gak masalah. Tapi ngomong sayang? Gak tau blas. Mosok aku terus sing kon ngomong? Aku terus sing ngrayu-ngrayu.”

            “Sing penting kan koen wis ngerti,” saure Diman.

            “Ngerti opo? Sopo sing ngerti lek ngomong ae gak tau. Kalah boto karo sampeyan.”

            “Lha aku yo kaya ngene. Pinginmu yok opo?” takone Diman.

            “Embuh, gak penting!”

            Mangkel akhire Wiji mlayu mulih masio udan sik deres. Diman sing nyeluki ora digambres. Asline ngunu Wiji pingin diuber, digandoli ning pisan maneh Diman ora dong karepe pacare. Wiji udan-udanan karo mbrebes. Wong wedok lek wis pol mangkele akhire yo mung iso nangis. Diman? Wong lanang iku mung plonga-plongo nang gardu karo nyawang Wiji sing selot suwi ora ketok. Rong dina Wiji lek ora gelem ketemu. Pas ora sengojo ketemu disapa yo ora gelem nyauri. Atine sik lara, ngeling-eling Diman sing nang pikirane ora ngerti perasaane, ora sayang kaya dheweke sayang nang Diman.

            Dina kelimo Diman wis ora betah. Masio tukang mecucu, tukang nesu, Wiji areke ngangeni. Rasane suwi nemen Diman ora krungu suwarane Wiji, ora ndelok lambene. Ndilalah kok ono tangga sing nduwe gawe. Wiji, Diman karo arek nom-noman liyane padha kumpul ngewangi sing nduwe gawe. Pas ono kesempatan Diman sing ndelok Wiji lagek lungguh dhewe ngresiki tela dicedeki. Pas wis cedek, Diman sing mlaku saka mburi langsung njawil pipine Wiji. Kaget, Wiji langsung noleh. Pas didelok, Diman mesam-mesem nang sandinge. Wiji sing sik mangkel noleh diluk karo mecucu. Isin lek ono sing ndelok Diman ngalih, nerusno lek ewang-ewang.

            “Ojo nesu terus, aku gak betah,” omonge Diman pas akhire ono kesempatan iso loroan karo Wiji.

            Wiji mencep.

            “Sepurane, lha aku gak iso kaya ngunu. Sesuk-sesuk yo iso tapi sing sabar,” omonge Diman maneh.

            Wiji sing asline yo ngempet kangen akhire ora nesu maneh. Wong loro iku akhire wis akur maneh kaya biasane. Ora let suwi wong loro iku rabi. Diman sing janji kate blajar romantis tibake pancet ora iso. Pasrah, akhire Wiji iso nompo lek Diman ancen ora bedo adoh karo boto.

            “Saka ngendi, Dek?” takone Diman.

            “Lha sopo sing lungo, genah kaet mangan bareng ngunu lho,” saure Wiji bingung.

            “Lha iyo iku mau koen ngalih sediluk nang ndi?” takone Diman maneh.

            “Oalah, njupuk gelas nang pawon ngunu lho.”

            “Ouh.”

            “Lapo?” takone Wiji.

            “Gak popo, mung aku ngrasa kelangan pas koen nang pawon mau, kangen.”

            Wiji sing sak umur-umur kenal Diman ora tau dirayu krungu omongane Diman langsung kate semaput.

            “Lapo, Dek?” takone Diman kaget ndelok bojone abang ireng raine.

            “Gak popo kaget ae tibake boto yo iso ngrayu,” omonge Wiji karo mesem.

 

***

           

           

           

           

One thought on “Gombal Mukiyo

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s