Ngidam Tralala


Iki crita terusane jaman Wiji meteng Tomin. Wiji karo Diman sing itungane sik manten anyar akhire bakal oleh tambahan anggota keluarga. Wong meteng ngalem iku wis biasa. Diman sing durung duwe pengalaman ngurusi wong meteng sak durunge yo wis paham iku. Masio kadang yo gregetan, gemes, ning senenge bakal duwe anak, darah daginge dewe, ngalahno roso-roso liyane.

“Mas, mambu gak enak,” omonge Wiji karo nutupi iruge.

Diman sing wis ngletak nang sandinge bojone ngendus-ngendus.

“Mambu opo? Biasa ngene,” saure Diman.

“Sampeyan iki mesti ambune. Aduso kono,” omonge Wiji.

“Lah, aku lho wis adus. Mulih kerjo mau lak langsung adus.”

“Yo aduso maneh, kecut ngunu.”

“Adem, ngantuk wisan.”

Wiji mecucu. Ora suwi lambene wong wedok iku maju-maju, kaya kate mutah.

“Huek!”

“Oalah, yoh tak adus,” omonge Diman karo ngadeg budal nang jeding.

Ora mung adus, Diman yo ganti klambi maneh. Untung ae ora kon wedakan pisan, batine nang njero ati. Wis rumongso ganteng Diman nyanding bojone maneh. Karo mesam-mesem wong lanang iku ngeloni bojone. Gemes karo bojone sing wis merem tapi sik mecucu Diman ngambung pipine.

“Emoh diambung!” bengoke Wiji karo melek.

“Sithik ae hehehe.”

Wiji mecucu maneh.

“Mas, sesek,” omonge Wiji.

“Apane sing sesek? Dadane sesek? Dicopot ae…”

“Nggone sing sesek,” omonge Wiji motong Diman.

“Biasane yo ngene.”

“Sikile iki lho natap-natap.”

“Yo sikile meneng ae, lek usrek ae yo natap.”

“Gak enak!”

“Lha yok opo?”

“Sampeyan turu ngisor ae.”

Wis dikongkon adus maneh bengi-bengi saiki dikongkon turu nang ngisor. Kate ngomel jare ngko anake ngileran. Sabar, batine Diman. Akhire wong lanang iku mudun. Kasur tipis sing biasa dingge lek nonton tipi digelar nang njobin.

“Mas, sesuk tumbasno AC ya?”

“Ngge opo? Gak kuat listrike.”

“Sumuk.”

“Atek kipas ae. Sesuk tak tukokno sing merk Maspon kae, iso nengkleng-nengkleng, isis.”

“Garai masuk angin, enak AC.”

“Gak, atek AC malah kathuken koen ngko. Nang kamar adem trus metu hawane panas malah mletek ngko kulitmu.”

“Omong ae gak duwe duit, atek ngeden-ngedeni.”

“Yo iku wis ngerti hehehe.”

“Mbelgedes. Kipasi, Mas.”

Pingin misuh ning eling anake. Diman tangi, njupuk kipas trus lungguh nang pinggir kasur ngipasi bojone.

“Nina bobok…oh nina bobok…”

“Sopo Nina? Pacarmu ta?” takone Wiji karo mecucu.

“Lah? Eh iyo ding, salah. Wiji bobok…oh…”

“Gak usah nyanyi! Kipasi ae.”

“Lapo? Cek ndang iso turu kok.”

“Emoh, suwaramu kaya gas bocor.”

Diman ngelus dadane. Disawang bojone sing sik umek ora turu-turu masio matane merem.

“Wis gek turu, sikile ojo obah ae,” omonge Diman.

“Gak enak! Sampeyan gak ngrasakno.”

“Ho oh, sak sirmu wis.”

Bengi iku akhire Diman ora turu. Tangane terus ngipasi bojone sing ngrasa ora tepak ae awake. Minggu isuk Wiji njaluk dijak mlaku-mlaku. Wong wedok iku pingin golek jajan karo olahraga pisan. Ora adoh-adoh wong wedok iku milih mlaku-mlaku nang pasar.

“Tumbasno iku,” omonge Wiji karo njuding bakul kacamata.

“Yo kono milih,” saure Diman.

Wiji njajali kacamata sitok-sitok. Opo sing ditawakno bakule dijajali kabeh. Batine Diman sakjane yo dingge opo. Kacamata ireng maneh sing dipilih.

“Iki ae,” omonge Wiji karo nduduhno kacamata ireng sing wis digawe.

“Siji thok?”

“Ho oh, siji ae.”

“Lapo gak loro sisan, kan matane loro?” omonge Diman.

“Sesuk maneh,” jare Wiji karo mlaku.

“Piro iku?” takone Diman nang bakule.

“Selawe ae. Bojone ta, Mas?”

“Guduk, juragan! Yo bojoku, sopo maneh.”

“Hehehe…Sabar yo, Mas. Wong meteng yo ngunu iku.”

“Kok ngerti lek meteng?” takone Diman.

“Mas…Mas, aku ki yo nduwe bojo. Sik mending bojone sampeyan iku, paling gak njaluk-njaluk dingge dewe. Aku biyen gak iso kerjo pas bojoku meteng. Dibengoki ngalor ngidul, bengi-bengi dikongkon golekno panganan aneh-aneh. Lek dipangan gak popo, wis kesel-kesel lek nggolekno gak didemok.”

Diman manthuk-manthuk.

“Mas, tumbasno iku!” bengoke Wiji saka adohan.

Diman karo bakul kacamata langsung noleh, nyawang opo sing dijuding Wiji. Bakul kacamata langsung mesam-mesem.

“Lha kate dipangan opo ditumpaki iku ngko,” omonge Diman lirih.

“Sing sabar, Mas, demi anak hehe,” omonge bakul kacamata.

“Yo Mas yo? Lucu,” omonge Wiji karo ngelus-elus wedhus nang sandinge.

***

 

 

3 thoughts on “Ngidam Tralala

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s