Ketemon


 

            “Aku gak seneng arek endel.”

            “Ouu. Sopo sing endel?”

            “Wedhus!”

            Tomin mecucu. Roro garuk-garuk gundule.

            “Wingi koen dolen karo Edi tho?”

            “Ouh Mas Tomin cemburu ta? Hehehehe.”

            “Gak, malese!” saure Tomin.

            “Lha iku, ngunu iku lak cemburu jenenge hehehe.”

            “Kandani gak kok!”

            “Iyo iyo, gak cemburu. Gak usah necu hehe. Garai pingin ambung hehehe.”

            “Wani ngambung aku tak…”

            “Tak ambung ganti? Ho oh?” takone Roro karo mesam-mesem.

            “Ndasmu! Tak…”

            “Tak tambahi? Hehe…” takone Roro maneh, ngudo.

            “Tak pakakno wedhus koen!”

            Roro ngguyu krungu saurane Tomin. Tomin sing moro-moro gagap selot mangkel. Arek lanang iku mecucu.

            “Dolenan bedek-bedekan ae yuh,” ajake Roro.

            “Hadiahe opo?” takone Tomin.

            “Ngko lek omong ambung dipakakno wedhus. Hmmm, gak usah atek hadiah ae, pinter-pinteran.

            Tomin lungguh. Roro sing maune ngadeg nang sandinge melu lungguh. Arek loro iku ndoprok nang ngisor wit karo nyawang kali.

            “Iwak opo sing ngangeni?” takone Roro.

            “Iwak pitik goreng!” saure Tomin.

            “Salah.”

            “Iwak kali goreng! Iwak ndog dadar!”

            “Salah hehehe.”

            “Lha opo?” takone Tomin.

            “I…wak-tu aku bersamamu hehehe,” saure Roro.

            “Mekso! I-ne ngge opo. Mbelgedes!”

            Tomin ora trimo. Roro sing ndelok Tomin mangkel mung ngguyu-ngguyu.

            “Yo wis, iku gak diitung. Jangan opo sing romantis? Hehe.”

            “Jangan semur tahu dibentuk cinta!” saure Tomin.

            “Salah!”

            “Jangan lodeh dipangan karo pacare sing ayu nang pinggir kali pas surup!”

            Roro mikir sediluk trus gedhek-gedhek.

            “Lha opo? Awas lek ngarang maneh.”

            “Jangan kembalikan hatiku hehehe.”

            “Arek edan. Bedekan gak mutu!”

            Roro mesem. Tomin sing lambene sik mecucu meneng ae. Mari wingi ndelok Roro karo Edi numpak pick up atine rada lara. Pas Roro sms arek loro iku janjian ketemu nang pinggir kali. Tomin sing nglamun kegowo suasana kaget pas moro-moro Roro ngambung pipine. Ngerti lek Tomin bakal ngamuk arek wedok iku langsung mlayu karo ngguyu.

            “Arek edan! Awas koen ngko! Wedhus!”

            Mlayu karo ngguyu Roro ora sadar ono watu nang ngarepe, arek wedok iku akhire njungkel. Roro ngadeg karo mringis ngempet loro. Ora suwi arek iku ngguyu maneh trus nerusno lek mlayu, mulih.

            “Sokor koen! Kapok!” bengoke Tomin.

            Nang omah, Wiji mencak-mencak mergo nemu majalah dewasa nang ngisor kasur pas lagi resik-resik. Bojone sing lagek leyeh-leyeh langsung dikabruk.

            “Wis tuwek kok kakean polah. Ngene ki trus kate ngge opo?” bengoke Wiji nang bojone karo nduduhno majalah.

            “Sabar, Mak, guduk ka’anku iku.”

            “Ngene ki ngko lek eruh anakmu opo gak isin, heh? Kate rabi maneh koen, Pak?”

            “Lah, gak, Mak, gak. Rungokno dhisik ta lah.”

            “Gak cukup ta aku iki, Pak?”

            “Cukup, Mak, kegeden malah. Aku lho ngge opo majalah ngunu iku, ndelok thok gak iso ndemok ngge opo?”

            “Dadi sampeyan pingin ndemok sisan?” Wiji sing ora trimo.

            “Lah? Gak, Mak. Oalah, dirungokno sik. Aku nemu iku nang kamare anakmu. Tak singgahno polahe kate tak takoni areke. Lha kok malah kedhisikan awakmu…”

            “Tomin gak mungkin wani moco ngene ki.”

            “Lah? Anakmu iku wis gedhe, Mak. Yo mungkin guduk Tomin, iso ae kancane nitip. Makane kate tak takoni areke, tak singgahno ngge barang bukti.”

            Wiji meneng. Nang atine ora mungkin anake wani ning dipikir maneh yo bener omongane bojone. Opo maneh anake iku saiki wis duwe cekelan HP dewe. Iso ae diujuki kancane.

            “Awas lek sampeyan mbujuk, Pak, titenono!”

            “Gak, gak wani aku. Sabar sik, dienteni areke mulih.”

            Nang njero ati Diman rada lego ndelok bojone wis mulai tenang. Saiki wong loro iku lungguh ngenteni Tomin. Sing dienteni moro-moro njebus saka dalan. Raine abang ireng. Ndelok anake ketok seneng, Wiji langsung ngadeg.

            “Tomin anake Diman, rene!” bengoke banter karo njuding anake sing lagek mlebu pelataran omah.

            Tomin kaget. Raine langsung mengkeret. Nang njero ati arek lanang iku wedi, wedi lek ketemon.

            “Wani koen yo saiki? Wis rumongso gedhe koen? Dikei sangu ben dino, dipakani apik-apik malah kaya ngunu polahmu!”

            Tomin mandeg, ora wani nyedek. Wiji nang ngarepe saiki ketok kaya buto sing lagi ngamuk. Ndelok anake keweden, Wiji selot muntab.

            “Rene! Njaluk diajar koen? Heh?” bengoke Wiji.

            Tomin ora nyongko lek emake ngerti kedadean nang pinggir kali mau. Arek lanang iku kepikiran ono sing eruh trus ngomong nang emake. Diman sing mau meneng nang mburine bojone alon-alon minggir.

            “Sabar yo, Min, ngko tak tukokno sate senenganmu. Sepurane,” omonge Diman lirih karo krembuk-krembuk ngalih.

***

2 thoughts on “Ketemon

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s