Tomin Ciye!


            Roro    : Mas Tomin😀

            Tomin  : Password?

            Roro    : Aku arekmu😀

            Tomin  : Salah! Wes ganti.

            Roro    : Ganti apa?

            Tomin  : Rahasia!

            Roro    : *macak detektif Conan*

            Tomin  : *turu*

            Roro    : *ambung*

            Tomin  : *wudhu*

            Roro    : Mas Tomin lucu, tambah sayang aku😀

 

            Tomin nutupi raine atek bantal. Ora ndang iso turu arek iku milih murep. Sesuk Minggu nang sekolahane bakal ono acara Pensi ngge arek-arek kelas telu sing mari ujian. Tomin wis janjian karo kanca-kancane kate teka. Isuk mruput pas emake kate budal nang pasar arek lanang umek njaluk melu.

            “Lapo sih koen iku? Wis gedhe kok sik kintil ae. Wedi lek makmu ilang ta?” omele Wiji.

            Tomin meneng, ora nyauri. Nang pasar Wiji sing blanja sayur digereti ae dastere. Tibake arek lanang iku njaluk ditukokno kaos anyar.

            “Opo? Gak iso. Wingi henponmu iku piro regane, sik kate njaluk kaos barang.”

            “Halah, Mak, sitok ae lho,” rayune Tomin.

            “Emoh! Tak gibeng sisan koen ngko!”

            Tomin wis masang rai melas ning Wiji sik ora gelem ngalah.

            “Sepuluh ewu telu, siji telungewu manganus, Mbak Yu!”

            Lagek mlaku kate metu saka pasar, Wiji ndelok bakul njeroan dirubung wong akeh. Wong wedok sing penasaran iku trus nyedek.

            “Piro iku?” takone Wiji karo njuding sempak.

            “Mangewu, Mbak, murah meriah,” saure bakule.

            “Iku ae,” omonge Wiji nang anake.

            “Kaos guduk sempak!” saure Tomin.

            “Penting lak anyar. Lagian ganteng gak iku sing penting saka njero. Gelem gak?”

            Tomin mecucu.

            “Iku loro,” omonge Wiji nang bakule.

            “Ukurane opo? Sing iki L tapi kantongane XL,” omonge bakule ngguyoni.

            “Kuwalik, lek arek iki ukuran XL tapi kantongane S,” saure Wiji.

            Bakul njeroan sing lanang ning rada kemayu iku mesem karo nyawangi Tomin sing raine abang ireng, isin.

            “Iso ae, wong wis sakmunu gedhene. Lak wis sunat sih iku, Mbak Yu?”

            “Sunat sik kapanane kae,” saure Wiji.

            “Mak’e ki ngunu yo diomongno,” omonge Tomin karo selot mrengut.

            Ora oleh kaos anyar Tomin budal ndelok Pensi atek sempak anyar. Penting ono sing anyar masio ta ora iso dipamerno. Lek biasane numpak bemo dina iki Tomin numpak sepeda motor. Kaet wingi arek lanang iku wis umek nyilih sepeda motor bapake. Roro sing sekolahane sebelahan karo Tomin melu ndelok. Acarane ancen dibuka gawe umum, asal bayar tiket. Tomin sing wis diwanti-wanti karo bapake lek sepeda motore kate digawe kerjo dikongkon mulih maksimal jam loro seprapat. Lumayanlah, Tomin sing wis nang sekolahan kaet jam 10 wis lumayan katek lek nontok. Roro sing budale numpak sepeda mulihe njaluk bareng Tomin. Jare sepedae bocor.

            “Cie areke wis duwe pacar saiki,” omonge salah siji kancane Tomin.

            “Sopo?”

            “Halah, atek isin barang. Iku mau arek sebelah kan?”

            Kanca-kancane Tomin sing lagek ngumpul nang parkiran padha ngguyu. Tomin sing mangkel digudani mecucu.

            “Traktiran, Min.”

            “Ho oh, pacar anyar kudu dibancaki.”

            “Guduk pacarku. Aku lho gak seneng areke!” saure Tomin.

            Roro sing maune kate metu, marani Tomin langsung mandeg. Arek wedok iku meneng. Raine sing mau mesam-mesem malih melas. Kanca-kancane Tomin siji-siji ngalih. Ono sing mulih, ono sing mbalik nang lapangan, nerusno lek nontok. Tomin sik mangkring nang duwur sepeda motore ngenteni Roro.

            “Hehehe.”

            “Suuwiiiii,” jare Tomin ndelok Roro njebus.

            “Hehehee,” Roro cengengesan maneh.

            “Malah cengengesan. Wis gurung?”

            “Gak sido bareng, sepedae wis iso,” saure Roro.

            “Lah? Jare bocor? Mbujuk yo koen?”

            “Hehehe. Aku mulih dewe ae hehehe.”

            “Ojo lali SMS lek wis teko omah,” omonge Tomin.

            Arek lanang iku langsung nyandak sepeda motore trus budal mulih. Roro nyawang karo mesem ning ora suwi. Arek iku mbalik njupuk sepedae. Jam papat Tomin ndeloki henpone. Durung ono SMS. Arek lanang iku kate SMS dhisikan ora wani soale Roro nyilih henpone bapake.

            Jam limo henpone Tomin yo durung ono SMS saka Roro. Arek lanang iku mrengut. Kesel ngenteni arek lanang iku menek wit jambu ngarep omah. Ngedemno awak, ngedemno ati sing rada ora tenang. Sing dienteni ora kepikiran kate SMS. Mlaku nuntun sepeda saka sekolahan nang omah garai awake kembloh kringet. Iku ae durung teka-teka. Karo nyawangi dalan saka wit jambu, Tomin dolanan henpone. Pas lagek mlerok arek lanang iku ndelok Roro nuntun sepedae nang pinggir dalan.

            “Ro! Ayo bareng aku!”

            “Hehehe, wis cedek. Gak usah,” saure Roro.

            “Cedek opo, kene ditumpakno mburi.”

            Mulane Roro wegah ning suwi-suwi manut. Edi njunjung sepedae Roro, ditumpakno nang bak mburi. Arek lanang sing mari melu Om’e ngeterno sound system iku ngongkon Om’e mandeg pas ndelok Roro mlaku karo nuntun sepedae.

            “Aku lungguh mburi ae, isis,” jare Roro.

            “Yo, tak kancani.”

            Arek lanang wedok iku langsung munggah trus lungguh nglesot nang bak mburi karo sepeda. Ora suwi pick up Om’e Edi mlaku. Tomin sing ndelok mung mlerok karo mecucu. Roro sing ora tau nggawa sangu duwit, mung sangu mangan utawa jajan karo banyu iku ora iso nambalno ban sepedae sing bocor. Akhire arek wedok iku mulih karo nuntun sepedae.

            “Byur!”

            “Mak’e ki gak ndelok-ndelok. Ono anake nang dukur malah disiram!” bengoke Tomin sing raine kembloh banyu.

            “Salahe sopo mangkring nang kono. Aku lho lagek siram-siram,” saure Wiji.

            “Siram-siram ki yo lemah, nang ngisor gak nang dukur!”

            “Yo sak sirku. Bah kate tak siramno lemah, tak siramno dukur, tak ngge raup yo sak sirku,” saure Wiji ora gelem kalah.

            Diman sing krungu rame-rame nang ngarep omah moro ning ora nyedek. Karo gedhek-gedhek wong lanang iku ngomong lirih.

            “Arek wis meneng-meneng sik ae dijaraki. Gatel ta ndelok anake meneng ngunu?”

 

***

           

           

2 thoughts on “Tomin Ciye!

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s