SMS Mesra


 

 

            Jenenge wong omah-omahe iku mesti ono pasang surute. Ngunu uga nang rumah tanggane Wiji karo Diman. Jaman Tomin sik SD, Diman sing ketoke adem ayem karo bojone tau kegudo wedokan liya. Mulane Wiji ora ngerti ning suwi-suwi wong wedok iku krasa. Henpon sing biasane digletakno kleleran saiki dicekel terus karo bojone. Muni sithik langsung dicandak terus digawa ngalih. Polahe Diman sing ora kaya biasa garai Wiji curiga terus meneng-meneng pas bojone turu henpone dijupuk, diwaca isi smse. Bareng diwaca langsung panas atine Wiji, bengi iku lanang wedok tukaran.

            “Dadi kaya ngunu iku polahmu, Pak. Tego yo sampeyan karo aku. Gak eling wis nduwe anak bojo, heh? Nemen sampeyan, Pak!”

            Diman mulane muni ora-ora ning mbareng diduduhno buktine akhire ora iso selak maneh. Kesel lek ngomel-ngomel, lara atine, Wiji milih ngunci awake nang kamar. Diman dikon turu nang njaba. Isuke wong wedok iku meneng. Penggawean omah pancet ditandangi ning ora nyuwara. Anake sing mau bengi wis turu ora ngerti opo-opo, pancet budal sekolah kaya biasane.

            Diman sing rumangsa salah melu meneng. Nyasat sedinaan wong loro iku ora omong-omongan. Bengi Wiji ndhisiki budal turu karo ngeloni anake. Kamare dikunci saka njero. Gelem ora gelem Diman turu njaba maneh, ning ruang tengah mlungker nang kursi. Isuke bojone sik ora gelem omong maneh, akhire mergo ora betah Diman manekno omong.

            “Mak, ojo meneng ae. Mumet ndasku ndelok koen kaya ngunu,” omonge.

            “Mumet yo gak usah ndelok, sopo sing ngongkon ndelok aku,” saure Wiji galak.

            “Yo ngomongo, ojo meneng ae.”

            “Sak karepku wong lambe-lambeku dhewe,” omonge Wiji karo nerusno lek nyapu.

            Jegeg karo saurane bojone Diman milih lungguh karo nyruput kopine. Ora let suwi Wiji sing wis mari lek ngresiki omah metu saka kamar karo nggawa bangkelan. Meh ae Diman keselek kopine.

            “Mak, kate nang ndi?”

            “Timbang sepet matane sampeyan, aku tak lungo ae. Lagian wis bosen kan nontok raiku. Anake tak tinggal, ngko lek nggoleki aku ndok emak,” saure Wiji karo mlaku metu.

            Wong wedok lek kadung lara atine yo ngunu iku dadine. Wiji milih mulih nang omahe emake, masio ora patio adoh saka omahe dhewe. Tomin sing sik cilik dibujuki lek mbahe lara, kudu ditunggoki. Arek SD iku lek bengi melu turu nang omahe mbahe, karo emake. Isuk utawa sore Wiji pancet mulih kaya biasa, masak, ngresiki omah.

            “Min, ayo melu pak’e,” omonge Diman nang anake.

            Wong lanang sing lagek judeg atine iku ngajak anake dolan. Anake dijak muter-muter kampung sepeda motoran terus mandeg nang pasar, tuku jajan karo ndelok sepur lewat.

            “Pak, mbah lara opo?” takone.

            “Lara tuwek,” saure Diman mbujuk.

            “Embah sing lara kok emak sing nangis?”

            “Heh? Kapan mak’e nangis?”

            “Mau bengi mak’e nangis,” omonge Tomin karo mangan jajane.

            Diman meneng. Dielus-elus gundule anake.

            “Pak’e kate golek emak anyar?” takone Tomin.

            Diman kaget.

            “Jare sopo?”

            “Jare Lik Parti.”

            “Gak,” saure Diman.

            “Mak’e elek ta, Pak? Ho oh ding, mak’e elek,” takone Tomin maneh ning disauri dhewe.

            “Bahno yo Pak, mak’e elek.”

            “Gak, jare sopo mak’e elek?”

            “Jare Lik Parti. Mak’e elek makane pak’e kate golek mak anyar.”

            Krungu omongane anake rasane dadane Diman kaya disunduki. Jenenge urip nang kampung, masio ta Diman yakin bojone ora crita-crita ning mesti tanggane sing tukang nggosip nyebar berita dhewe. Pirang-pirang dina ditinggal bojone turu nang omahe emake garai Diman mikir. Dheweke ngakoni lek ancen kegudo ning lek dipikir-pikir maneh ora mungkin Diman ninggalno anak bojone. Salah wis diakoni, saiki garek yok opo carane bojone gelem mulih.

            Diman wis apal jadwale bojone. Sore sak durunge Wiji mulih nyepakno pangganan karo resik-resik omah, wong lanang iku wis macak ngganteng. Diman sing biasane males adus wis wangi. Pikire cek didelok bojone terus sopo ngerti kangen, terus pingin mulih.

            “Ehmm…ehm,” Diman dehem-dehem pas bojone teka. Sing didehemi meneng ae, ora nggape.

            Diman sing bingung karepe dhewe akhire wira-wiri nang sandinge bojone, golek perhatian jawane. Jebule bojone sik ora nggape. Mari resik-resik omah anake didusi terus didulang, terus mbalik nang omahe emake. Diman ngeplak batuke dhewe, gagal. Isuke Diman mbelani ora budal kerjo, males sisan sakjane karo tanggane sing nakoki ae. Pas bojone nyapu Diman sing yo wis ngganteng lungguh nang kursi karo tepe-tepe.

            “Mak, ono bakul anyaran ndok pasar, njajal yuh ngko,” omonge.

            Sayang, sing dijak omong ketoke durung penak atine, meneng ae ora semaur. Ora betah akhire Diman ngadeg.

            “Karepmu opo? Lek pancen gak trimo, sing lara atine ki ngomong? Ojo meneng ae,” omonge Diman rada banter.

            “Pisah!” saure Wiji.

            Diman kaget, ora nyangka lek bojone bakal njaluk pisah. Wong lanang iku akhire meneng terus ngalih, nyandak sepeda motore. Nang dalan Diman mikir. Dieling-eling jaman perjuangane karo bojone. Dipikir kurang karo luwihe bojone. Lek mikir nyesel yo nyesel ning ora iso malik wektu. Lagian dheweke yo durung lapo-lapo sakjane karo wedokan selingkuhane. Ning yo diakoni bener omongane bojone, khilaf kok diterus-terusno berarti yo ancen doyan, niat.

            “Selingkuh iku enake ora sepiro’o, sediluk, ning sorone dhowo, iso-iso digawa sampek tuwa.”

            Diman eling omongane emake.

            “Lek mung mikir kurange ae akeh tunggale, ora bakal ono sing pas. Yo koen wong loro sing kudu blajar nepakno yok opo pas’e. Rumah tangga yo ngunu iku, ora terus krasa ora penak sithik langsung golek liya.”

            Ditinggal bojone ono sepuluh dina luwih Diman wis ngerti ora penake. Iku ae dheweke sik iso ndelok bojone. Kadang atine melu lara lek ndelok bojone sing saiki malih meneng. Awake yo ketok luwih kuru. Rasane kudu dirangkul ning wedi lek bojone nesu. Akhire yo mung disawang saka adoh karo nyabarno atine dhewe.

            “Mak,” celuke Diman lirih.

 

***

           

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s