Njalukan


            

Jare uwong dadi anak tunggal iku penak, paling ora penak lek pingin opo-opo mesti dituruti. Ning ora kaya ngunu sing dirasakno Tomin. Pitulas taun dadi anak tunggal, Tomin kudu ngrayu-ngrayu lek pingin opo-opo. Salok dituruti, akehe malah mung diomeli. Ning dudu Tomin lek ora usaha dhisik. Masio kerep ditolak, arek lanang iku pancet semangat usaha. Ngunu iku yo ora moro-moro, kaet cilik arek iku iso diomong njalukan. Koncone nduwe jajan, njaluk. Tanggane nduwe tipi anyar, njaluk. Ngganti jegeg bapak emake. Apike Tomin lek njaluk ora tau nang wong liya, mesti nang bapak emake dhewe.tomin

 

            Jaman Tomin sik cilik…

 

            “Mak, umbasno uwi,” omonge Tomin nang emake.

            “Gak usah tumbas, ngko nyuwun pak’e.”

            “Uwe? Nono uwi?” omonge Tomin karo njuding balon.

            “Lah jare Uwi? Onok, mbah yo nduwe nang mburi omah,” saure Wiji ora rumangsa salah.

            “Iku cing umbul-umbul,” balene Tomin karo lonjak-lonjak ndelok balon warna-warni.

            “Wou bahaya lek iku. Mbledos ngko ngenei irungmu, selot mblesek mbuh ngko. Ayo mulih.”

            Ora ditukokno, Tomin cilik mbengok-mbengok karo juding-juding balon. Wiji meneng ae, ora nggambres. Pas Tomin nangis, anake iku langsung dicandak, digendong trus dijak mulih. Awale arek lanang iku sik pancet nangis mbareng dimimiki emake suwi-suwi meneng dhewe.

 

            Jaman Tomin rada gedhe sithik…

 

            “Lik, tumbas!”

            Tomin sing wis iso ngomong teteh, jelas, selot pinter. Lek pingin opo-opo ora ngomong bapak opo mak’e dhisik tapi langsung nyeluk bakule. Cara iku digawe polahe lek omong dhisik mesti ora dituruti. Bakule diceluk, digawekno pesenane, gelem ora gelem bapak karo emake kudu mbayar.

            “Siji opo loro pentole?” takoke bakul bakso.

            “Telu!” saure Tomin karo nduduhno driji papat.

            “Iku guduk telu, iku limo,” saure bakule.

            “Ho oh, limo, sing akeh.”

            Wiji sing ndelok saka omah anake nang ngarep lagi ngenteni bakul bakso nggawekno pesenane langsung siap-siap. Anake kudu diajari. Kakean njajan, mangane malih angel. Ora mung kuwi, bakul-bakul wis apal modele anake, akhire ben lewat omahe mesti dibanterno lek nawakno dagangan. Mlakune yo mesti dialon-alon.

            “Mak, aku tumbas bakso,” omonge Tomin pas emake metu.

            “Ho oh, dientekno lho ya,” omonge Wiji kalem.

            “Ho oh. Mak kok ayu, kate ndok ndi?”

            “Lungo,” saure Wiji sing sengojo dandan karo nggowo tas.

            “Lungo ndok ndi? Aku melu mak, tak entekno sik maeme.”

            “Ojo, ndok omah ae. Mak’e kate nang Malaysia.”

            Krungu mak’e kate lungo nang Malaysia, Tomin langsung nyelehno mangkoke. Arek lanang iku ngadek karo nyawang emake.

            “Mak’e ojo nang Malaysia,” omonge Tomin karo kate nangis.

            “Lha lek gak lungo sopo sing mbayar baksomu? Mak’e gak nduwe duit ngko ngge numbasno bakso karo jajanmu.”

            “Pak’e sing mbayar.”

            “Pak’e duite ngge tuku beras, tuku gulo. Wis entek ngge tuku jajanmu wingi yoan. Wis ojo nakal, ndok omah karo pak’e.”

            Ndelok emake ketok temenan Tomin sing keweden ditinggal lungo mak’e langsung nangis. Bakul bakso sing kaet mau ngadeg nang sandinge gerobak dagangane mung meneng ae.

            “Mak’e gak oleh lungo. Aku emoh ditinggal lungo….” Tomin nyekeli tangane emake karo nangis.

            “Sediluk thok, paling setaun opo rong taun. Ngko mulih duite mak’e akeh, iso ngge tumbas jajan.”

            “Emoh, aku emoh ditinggal. Aku gak jajan, gak nyuwun jajan maneh. Gak nduwe duit gak popo huhuhuhu…”

            Wiji meneng. Wong wedok iku sik njegegeg. Anake sing nangis-nangis dijarno. Bakul bakso sing mau meneng ae mung iso ngukuri gundule karo mesam-mesem. Mari dilungi duit telung ewu bakul bakso iku langsung ngaleh.

 

            Jaman Tomin rada gedhe akeh…

 

            “Pak’e tumbasno mobil remot.”

            “Ban e sing piro?” takone Diman.

            Tomin ngitungi drijine.

            “Ngene,” omonge karo nduduhno drijine.

            “Lha iku piro? Pak’e gak sekolah yo gak ngerti.”

            Tomin ngitungi drijine maneh.

            “Papat no, pak’e ki gak pinter.”

            “Atek supire sisan gak?”

            “Gak, kan supire aku. Tak remot ngko cu…cu…cu, mlaku dhewe. Yo pak?”

            “Sik pak’e tak mikir.”

            “Lapo kok mikir dhisik?”

            “Yo iyo no, mbarang-mbarang ki yo kudu dipikir dhisik. Apik opo gak, iso opo gak.”

            “Ooo…ojo suwi-suwi yo, pak.”

            “Yo mbuh, kan pak’e gak pinter.”

            Mangkel pak’e ora ndang ngiyani, Tomin mecucu.

            “Pak’e ki gelem nukokno gak?” omonge.

            “Lha iyo iki sik dipikir.”

            “Lek gak gelem nukokno yo wis, gak usah mikir-mikir.”

            “Yo wis,” saure Diman kalem.

            Mbedodok atine Tomin langsung ngalih. Arek lanang iku mlayu, dolan, nang omahe kancane. Batine, ora emak ora bapak padha ae.

 

***

           

           

           

             

 

 

           

2 thoughts on “Njalukan

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s