Mbeneh


            “Nang pasar dhewe kono, aku kate umbah-umbah.”

            “Tuku opo?”

            “Yo sirmu opo, biasane yo njaluk iwak pitik ae.”

            Mari nampani duwit saka mak’e, Tomin budal nang pasar. Sing dijujug wis jelas, bakul iwak pitik. Bakul sing dadi langganane mak’e iku lagi rame wong tuku. Tomin ngadeg nang pinggir, ngantri.

            “Ayo uweh.”

            “Lha ngko lek onok sing tumbas yok opo?”

            “Uweh! Uweh!”

            Nang sandinge bakul pitik, ono wong wedok enom karo anake sing sik cilik lungguh ngadep kacang. Anake sing sik umur patang taun iku umek njaluk mulih. Rumangsa ono sing nyawang, wong wedok iku ndangak.

            “Lho onok Mas Tomin kae lho, isin lek nangis. Blonjo, Mas?”

            “Ho oh, Mbak. Mas Supri ndi, Mbak?”

            “Mas lungo.”

            “Uweh! Ayo uweh!” anake wong wedok sing tibake Endang iku terus umek.

            “Melu Mas Tomin yuh? Ndelok wedhus, kae nang kono,” omonge Tomin karo njuding wedhus-wedhus sing ditali nang pinggir pasar.

            Endang nyawang anake karo ngusapi eluhe anake sing ndrodos ae.

            “Ayo, wedhuse akeh nang kono. Melu mas yuh,” ajake Tomin maneh.

            “Min, pirang kilo awakmu?”

            Lagek ngrayu Niko, anake Endang, bakul pitik sing dienteni takok.

            “Gak, aku gak tuku kok. Iki mau mung dolen,” saure Tomin.

            “Temenan ta? Makmu lak ben dino tuku, ngge lawuhmu.”

            “Mak’e gak masak, kesel jare. Ayo, Nik, melu mas.”

            Niko sing mau nangis suwi-suwi meneng. Arek cilik iku nyawang emak’e sediluk. Karo rada isin, wedi, arek cilik iku akhire gelem dijak Tomin. Mari Tomin ngaleh karo nggandeng Niko, bakul iwak pitik langsung komentar.

            “Elek-elek ngunu tibake mbeneh yo.”

            “Nggih mboten elek, Lik,” saure Endang.

            “Emake iku lek nyeneni isuk bengi, tapi yo gak popo lek areke mbeneh ngunu. Gak koyok Slamet kae, diomongi sampek suwek yo pancet ngunu ae polahe. Wis gedhe senengane umbul ae, lek gak ngunu dolenan henpon. Judeg aku.”

            Nang omah Wiji sing ngenteni anake muring-muring. Bojone sing ora ngerti opo-opo melu dibengoki. Males ngenteni anake akhire Wiji nyeluk bakul sayur sing lewat.

            “Awas ngko lek mulih, tak gibeng temenan arek iku. Dikongkon tuku lawuh malah ngluyur!”

            Pas Tomin mulih, awane, Wiji langsung ngomel-ngomel. Ning bedo kaya biasane, Tomin meneng ae. Raine malah ketok melas, garai Wiji ora tego nerusno ngomele. Bengi wayahe mangan, Tomin meneng nang njero kamar. Dibengoki bolak-balik ora metu-metu, ngko jare.

            “Lek nyeneni anake ki yo ojo nemen-nemen, Mak. Delok kae malih ngengkleng ngunu, ora gelem mangan. Wong arek wes gedhe yoan, diajari tapi kalem ae,” omonge Diman karo mangan.

            “Lha mangkel aku, dikongkon nang pasar tuku lawuh malah ngluyur. Mulih sik lak iso, aku lho ngenteni.”

            “Ngajari arek gedhe karo arek cilik ki bedo, Mak…”

            “Ho oh ho oh, gak tak bengoki maneh. Kae kongkonen mangan, ngko masuk angin.”

            Durung nganti diceluk sing dirasani metu trus lungguh. Diman karo Wiji mung nyawangi anake lanang iku.

            “Ki satene,” omonge Diman.

            Tomin gedhek.

            “Emoh sate?” takone Wiji alon.

            Tomin gedhek maneh. Mari mangan lawuh tempe Tomin mlebu maneh nang kamare.

            “Satene gak dipangan?” bengoke Diman.

            “Pak’e karo Mak’e ae,” saure Tomin.

            “Alhamdulillah,” omonge Diman. “Terus ae kaya ngene.”

            “Anakmu kok aneh, Pak? Biasane lek karo iwak-iwakan ngunu lak seneng. Aku mau lek nyeneni kenemenen ta, Pak?” takone Wiji setengah wedi.

            “Jarno sik, sesuk lak mari dhewe.”

            “Mak, sesuk masakno kacang,” bengoke Tomin saka kamar.

            “Jangan Kacang? Iwake opo?” takone Wiji.

            “Ho oh, Jangan Kacang. Karo tempe ae.”

            Wiji nyawang Diman. Sing disawang ngenakno lek mangan sate.

            “Yo peneran, malah ndang sugih awake dhewe. Sate enake kaya ngene kok gak gelem,” omonge Diman.

            Isuke Wiji sing sik wedi lek anake lapo-lapo ndang budal nang pasar. Kate nang bakul iwak pitik ning Wiji eling omongane anake opo maneh pas ndelok Endang karo anake nang sebelahe.

            “Lho dodolan ndok kene saiki?” takone Wiji.

            “Nggih, Lik.”

            “Kacange piroan iki?”

            Nang omah, awan pas bojone mulih Wiji langsung crito.

            “Pak, ngerti Endang gak? Bojone Supri.”

            “Ngerti, sing mlebu penjara mergo dodolan nomer?”

            “Ho oh. Lha sing wedok iku tibake saiki dodolan kacang karo anake cilik nang pasar, Pak.”

            “Lha yo gak onok sing golek duwit, yo pener ngunu iku.”

            “Sakno lho, Pak. Areke ayu ngunu gek anak-anak cilik.”

            “Yo sakno tapi yok opo maneh. Ngunu-ngunu sik gelem dodolan, gak isinan.”

            “Iyo sih. Iki mau aku ngerti pas nukokno kacang ngge anakmu. Ojo-ojo…”

            Wiji mikir.

            “Eleko ngunu anakmu ki mbeneh, Mak, makane ojo diseneni ae ngko lak luwih mbeneh maneh.”

            “Tibake gobloko iso mbeneh yo, Pak.”

            “Yo gak goblok ngunu iku, pinter.”

            “Ho oh, anake sopo yo Pak?”

            “Anakmu lek ngunu iku.”

            “Min…Min, anake mak’e rek, tibake iso mbeneh.”

 

***

           

One thought on “Mbeneh

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s