Cembokur


            “Min, makmu ndi?”

            “Embuh.”

            “Ditakoki kok embuh.”

            “Lha ancen gak ngerti kok. Wong sampeyan ae sing bojone gak ngerti opo maneh aku.”

            Rasane kudu dikeplak ae gundule anake iku ning diempet karo Diman. Dina iki wong lanang iku leren, ora kerjo. Mau isuk budal sediluk ning mulih maneh polahe awake krasa ora penak.

            “Mak! Mak!” celuke Diman.

            Ora ono sing nyauri. Diman sing nginguk nang mburi, nggoleki bojone, mbalik nang omah maneh.

            “Koen lapo gak sekolah?” takone Diman nang anake.

            Tomin sing lagek ngletakan nang ngarep tipi nyawang bapake.

            “Yahmene malah nontok tipi, gak telat ta koen?”

            “Mumet pak’e iki. Minggu pak, Minggu. Tontok kae tanggalane, abang.”

            Diman ngukuri gundule. Wong lanang iku ancen dudu pegawe dadi lumrah ae lek ora apal tanggalan. Minggu opo ora, ora ono bedane.

            “Lha iyo, wingi iku aku gak ngerti opo’o moro-moro ngeblak ae. Ngliyeng rasane.”

            “Kok iso? Darah rendah paling sampeyan.”

            “Gak ah. Jare Tomin aku ki paling darah tinggi.”

            “Lek darah tinggi ki gak mumetan, gak ngliyeng. Darah tinggi ki lek kumat rasane pingin muring-muring, ngamuk ae.”

            “Lha iyo, ben dino aku lak muringi Tomin karo pak’e.”

            “Dipriksakno ngunu iku, Yu, ojo dijarno ae. Sopo ngerti ono penyakit liya. Saiki penyakit lak aneh-aneh.”

            Wiji sing lagi digoleki bojone tibake lagek nang omahe Yamini. Yaminine dhewe ora nang omah. Dheweke lagi nang pasar, blonjo. Nang omahe lagi ono Karto, tanggane sing biasa ngreparasi.

            “Wegah, males aku nang dokter. Ngko sithik-sithik suntik, sithik-sithik obat.”

            “Lha yo cek ndang waras.”

            Wong lanang sing umure sing telung puluhan iku nyauri karo umek mbenakno sanyo. Sanyone Yamini rusak, ora iso nyedot banyu.

            “Min, golekono makmu.”

            Diman sing mau wis mlebu nang kamar, kate turu, metu maneh.

            “Halah pak, golekono dhewe. Apik iki lho tipine. Paling yo nang Lik Parti, lek gak nang Lik Yamini, nggosip.”

            “Awakku gak penak, tak kon ngeroki. Koen gelem ta ngeroki aku?”

            Tomin mecucu. Mending ngoleki mak’e timbang kon ngeroki bapake. Akhire arek lanang iku ngadeg. Ora suwi Tomin mbalik ning dhewe. Diman sing ngenteni karo turu-turu nang kursi nyawang anake sing mulih dhewe.

            “Makmu ndi?” takone.

            “Nang Lik Yamini, sik jare.”

            “Koen gak ngomong lek tak kon ngeroki?”

            “Uwes, mari ngene lak mulih. Sik ngedabus karo Lik Karto.”

            “Kon mulih saiki,” omonge Diman.

            “Wes tak omongi pak, paling sik mlaku.”

            “Makmu lek kadung omong-omongan mesti suwi. Ndang, awakku wis lara kabeh iki.”

            Tomin sing wis ndlosor nang ngarep tipi ngadeg maneh karo mecucu. Bapake bener. Emake sik ngenakno lek omong-omongan, ora ndang mulih.

            “Mak, pak’e kate semaput kae lho. Ndang mulih,” omonge nang mak’e.

            “Semaput lapo? Pakmu lho gak tau lara.”

            “Diomongi gak percoyo yo wis. Lek moro-moro ngeblak mbuh ngko.”

            “Pakmu ae.”

            Masio sik aras-arasen Wiji mulih ngetutno anake. Nang omah bojone sik turu-turu nang kursi.

            “Sing ndi sing dikeroki?” takone nang bojone.

            “Yo boyok, ndi maneh,” saure Diman ora nyawang bojone.

            “Dadane dipijite gak?”

            Diman meneng.

            “Nang kamar opo nang kene?”

            “Nang kamar ae,” saure.

            Wiji mlaku nang mburi omah, ngisuhi tangane. Diman krembuk-krembuk mlebu nang kamar.

            “Lek onok sing nggoleki omongi gak onok,” omonge Diman nang anake.

            “Nggoleki pak’e opo emak?”

            “Kabeh.”

            Wiji sing mbalik nang omah langsung nyaut.

            “Omongi lagi rapat.”

            “Mbujuk la’an,” omonge Tomin.

            “Pak…pak, wis tuwek ae atek cembokur. Kaya arek enom ae,” omonge Wiji lirih karo ngetutno bojone.

            Pas nggoleki bojone mau Diman sing wis apal kebiasaane bojone eruh lek bojone iku nang omahe Yamini. Ning ngerti lek bojone iku lagi enak ngobrol karo Karto dheweke ora sido nyeluk ning ngongkon anake. Wiji dhewe sak klebatan yo ndelok bojone.

            “Pak…pak ngunuan ae mbok cemburoni. Tinggal nang pasar ae males sing nemu,” omonge Tomin.

***

4 thoughts on “Cembokur

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s