Uncategorized

Es!


“Min, ndang nyapu-nyapu kono. Ojo mlungker ae kaya ngunu!”

Sing dibengoki ora obah.

“Min!”

“Lapo sih, mak? Ngantuk iki lho.”

Dibengoki banter akhire Tomin nyauri. Arek lanang iku molet sediluk trus ngrangkul gulinge maneh.

“Aku kate nang mbahmu, nginguk diluk. Ndang disapu iku omahe, reget kabeh. Risih aku nyawang.”

“Gak disapu sedina yo gak popo,” saure Tomin.

“Koen iki lek dikongkon mesti nyauri. Kurang enak opo koen? Mangan garek mangan, sekolah yo garek budal. Gak tau mikir wong tuwek jungkir walik golek duit, dikongkon nyapu ae gak kenek. Awas ngko lek aku mulih gurung resik omahe, tak gibeng koen.”

Mari ngomeli anake Wiji metu. Diman, bojone, durung mulih lek kerjo. Tomin sing kaet awan wis mulih sekolah mari mangan gletakan nang ngarep tipi sampek sore. Ditinggal emak’e ora ndang budal nyapu Tomin malah nerusno lek turu.

“Min, ayo nekeran.”

“Emoh, aku nunggu es.”

“Yo wis. Aku dolenan sik ya.”

“Ho oh.”

Wawan ngalih. Tomin mung nyawang sediluk trus nerusno lek nunggu termos’e. Mulih sekolah Tomin sing mlaku ketok kabotan. Tas sekolahe nyantol nang pundak, tangan tengene nggawa termos es. Karo mlaku arek cilik iku bengok-bengok nawakno es.

“Es! Es! Tumbas es!”

“Min, es siji.”

Tomin mbuka tutup termos’e. Arek lanang sing sik tanggane iku njupuk es siji trus langsung diombe.

“Piro?” takone.

“Mangatus.”

“Utang sik,” omonge arek lanang iku karo mlaku ngalih.

“Mas…”

Tomin nyeluki arek lanang iku tapi sing diceluk wis mlaku adoh. Arek lanang sing kringete drodos iku mlaku maneh karo nawakno es’e. Raine ketok kucel padha kaya seragame putih abange sing wis malih rupane dadi semu coklat. Lagek bengok-bengok pas nang enggokan moro-moro ono sing nubruk. Tibake Edi, kancane sekolah, nabrak Tomin atek sepedae.

“Aduh!”

Tomin ambruk nang embong. Arek lanang iku mringis karo nyekeli dengkule. Termos es’e lugur garai isine kecer nang embong.

“Wou…salahmu iku. Koen gak nyawang.”

“Aku lho mlaku ndok pinggir,” jare Tomin karo sik mringis.

“Pokoke salahmu,” omonge Edi karo mancal sepedae ngalih.

Tomin njupuki es’e sing lugur kabeh. Kate dilebokno nang termos tapi ora sido. Plastike rusak, garai es’e kelebon lemah. Akhire Tomin mulih karo nggawa termose sing kosong.

“Wis mulih?” takone mak’e.

“Ho oh.”

“Entek es’e?”

Tomin meneng. Ndelok anake meneng Wiji njupuk termos sing dicekel anake.

“Ndi duite?” omonge karo mbuka tutup termos.

Tomin ngelungno duit saka sak klambine.

“Kok mung sakmene?”

“Ojo diseneni, mak,” omonge Tomin lirih.

“Duite liyane ndi? Mbok gawe njajan ta?”

“Enggak. Es’e lugur, ditabrak sepedae Edi…” saure Tomin karo nangis.

“Ojo nesu, mak, huhuhu…”

Wiji ambekan dawa. Dadane mbedodok.

“Maaf, mak huhuhu…ojo diseneni mak aku huhuhu…ojo nesu…”

Krungu omongane anake atine Wiji selot lara. Ora krasa wong wedok iku mbrebes.

“Wou…arek iki, njaluk digibeng temenan. Min, tangi! Tak kongkon opo koen mau?”

Wiji narik guling sing dikeloni anake trus dikeplakno nang gundule anake.

“Tangi! Kon nyapu malah mlungker ae!”

 “Mak, aku emoh dodolan es mak. Ampun mak…aku ojo kon dodolan es mak huhuhu…”

Tomin sing ndelok mak’e ngadeg nang sandinge langsung ngrangkul emak’e. Arek lanang iku nangis banter.

“Aku sayang mak’e, ojo diseneni mak huhuhu…”

“Arek edan! Lapo koen iku rangkul-rangkul kaya bedes?”

“Aku gak nakal mak, aku sekolah ae gak gelem dodolan es. Emak ojo nesu, ojo nangis yoan huhuhu…”

“Sing nangis yo sopo? Wou…pedot sisan arek iki.”

Wiji ngomel-ngomel. Tomin sik ngrangkul emake karo nangis. Arek lanang sing keturon maneh mari ditinggal mak’e nang omahe mbahe iku ngipi dodolan es nang sekolahan.

            “Dingaren emak karo anak iso rukun. Yo kunu lak apik, gak rame ae kaya bedes karo anake bedes.”

            Diman sing kaet teka langsung ngomong ndelok anak bojone rangkulan.

 

***

10 thoughts on “Es!

Leave a comment