Move On Garis Kiri


            “Min, digoleki arek kae lho!”

            “Min!”

            Bolak-balik dibengoki mak’e, sing diceluk meneng ae ora gelem nyauri opo maneh metu saka kamar.

            “Min, budeg ta koen iki?”

            Gemes ora disauri, Wiji mlebu nang kamare anake. Nang njero kamar Tomin mlungker karo ngeloni gulinge. Raine brukut ditutupi sarung coklat kesayangane.

            “Heh, dibengoki kaet mau meneng ae. Budeg temenan mbuh koen ngko.”

            “Lapo sih, mak?” saure Tomin alon.

            “Lapo gundulmu. Digoleki arek kae lho. Kaet mau areke ngenteni nang ngarep.”

            “Sopo?” takone Tomin karo nyawang mak’e.

            “Mbuh, arek wedok. Ketoke pacarmu kae, sopo jenenge? Siti?”

            Tomin mlengos. Atine moro-moro lara.

            “Omongi gak onok. Turu…mati!”

            “Cangkemmu lek omong ati-ati. Wes kadung tak omongi onok. Metu kono, sakno ngenteni kaet mau.”

            Wiji metu saka kamare anake. Wong wedok iku wis krasa ngantuk. Sindi sing meh setengah jam ngenteni nang emper karo lungguh wis gatel kabeh mergo dicakoti nyamuk.

            “Pak, omongono aku wis turu,” omonge Tomin nang bapake sing lagek nonton tipi.

            “Ngomong dhewe, wong wis gedhe,” saure bapake.

            “Wong turu kon ngomong dhewe, yok opo sampeyan iki? Ndang tho pak, pisan iki ae lho.”

            Tomin macak rai melas. Arek lanang iku ora pingin ketemu Sindi, kancane sing yo tanggane.

            “Masalah ki ojo dihindari, opo maneh atek mbujuk. Gak ndang mari malah selot nemen.”

            “Ceramahe ngko ae, sakiki omongono areke sik. Sakno ngko dicokoti nyamuk nang ngarep.”

            “Lha iku sik perhatian, brarti sik sayang,” omonge pak’e maneh.

            “Wes ta lah pak. Ndang, omongono.”

            Akhire Diman ngadeg. Wong lanang iku asline ora setuju ning sakno Sindi sisan lek ngenteni suwi-suwi. Opo maneh dheweke ngerti anake iku lek wis nduwe karep angel omongane. Sindi sing lungguh karo kukur-kukur ngadeg pas Diman metu. Arek wedok iku mikir lek Tomin sing metu. Mari diomongi lek Tomin wis turu ora iso digugah Sindi langsung pamit.

            “Mbok kapakno iku arek wedok, Min?” takone Wiji sing tibake during turu.

            “Gak tak kapak-kapakno,” saure Tomin.

            “Saiki gak ditemoni gak popo tapi sesuk-sesuk lek atine wis penak ndang dijak omong. Ojo ditokno kaya ngunu, sakno areke,” omonge Diman.

            “Wingi ae lek nguber-uber eram, saiki kok kaya ngunu.”

            Wiji metu trus nyanding bojone sing gletakan nang ngarep tipi.

            “Sopo sing nguber-uber? Aku lho biasa. Lagian guduk aku kok sing ninggal.”

            “Lha kok areke nggoleki awakmu?”

            Tomin lungguh nang kursi sandinge emak karo bapake gletakan. Lambene mecucu. Wingi-wingi arek lanang iku ancen ngesiri Sindi. Ben dina disms, kadang diparani nang omahe. Ora sengaja winginane pas mulih sekolah Tomin eruh Sindi lagi digandeng arek lanang. Tomin sing patah hati langsung ngendeki lek sms. Lek jare arek gaul saiki Tomin lagi usaha move on.

            “Sindi ki masa lalu,” omonge.

            “Ciee…omongane anakmu pak. Kaya arek waras ae.”

            “Areke lho seneng arek liya, lha lapo sik nggoleki aku.”

            “Yo sopo ngerti kate takok PR, nyelang buku,” omonge Diman.

            “PR opo? Wong sekolahe ae bedo.”

            “Yo mbuh. Sopo ngerti kon marahi ngaji be’e, opo nyelang pulpen,” tambahe bapake.

            “Yo gak mungkin. Wis pokoke ojo nggowo-nggowo jenenge Sindi maneh. Aku wis move on!”

            “Opo maneh iku? Justru lek koen menghindar ngunu iku jenenge sik ono rasa. Wong yo kanca, tangga sisan, yo biasa ae. Pijeti mak,” omonge Diman.

            “Pak’e ki gak ngerti atiku. Lek sik ketemu, omong-omongan trus yok opo lek nglalekno?”

            “Ealah, padakno aku gak tau enom ae. Ngerti Min anake Wiji, anakku barang sih. Lali ki gak iso dipekso, malah lara lek kaya ngunu iku. Santi ae, yo mak? Makmu ki lho pinter lek ngunu-ngunu iku. Nangis cukup sewengi ae, sesuk wis ngguya-ngguyu, masio ta atine sik lara…”

            “Yo ngunu iku jenenge membohongi diri sendiri, nyoro awak,” sauté Tomin.

            “Nang ngarepe ngguya-ngguyu padahal lek wonge gak onok nangis-nangis, malese! Munafik ngunu iku, pak. Mbujuki perasaane dhewe,” tambahe Tomin.

            Tomin sik ora trima. Sindi ancen durung ngewei lampu ijo nang dheweke masio kabeh wong ngerti lek Tomin ngesiri dheweke. Ning mbuh arek wedok, disenengi sok jual mahal bareng ditinggal malah nggoleki.

            “Gak mbujuk wong koen yo gak ngomong lek awakmu gak popo. Tapikan menjaga silaturahmi, wong Sindi iku kancamu kaet cilik yoan. Gurung mesti opo sing mbok pikirno saiki bener, wong koen yo gak ngomong kan? Mbok pendem dhewe kan?”

             “Gak iso, pak, pokoke aku wis gak ngesiri Sindi. Aku wis move on. Aku iki penganut move on garis keras!”

            “Jarno pak, arek lek tomin yo ngunu iku. Cek dipikir dhewe, cek dirasakno dhewe. Pokok gak moro-moro gantung diri ae utowo njegur kali. Saiki ngramut wong mati kan larang,” omonge Wiji.

            “Kalian nggak ngerti perasaanku, nggak bakal ngerti,” omonge Tomin.

            “Ho oh, wong koen metu saka boto kok ancene,” omonge pak’e lirih.

            “Aku boto la’an?” takone Wiji karo epok-epok nesu.

            “Boto sing ayu hehehe…”

            Isuk Tomin wis ganteng. Arek lanang iku tekad nglalekno Sindi. Lek biasane dibengoki mak’e, isuk iki dheweke wis siap sekolah kaet isuk.

            “Mak, budal,” pamite.

            “Yo, ati-ati. Lek ditakoni pulisi santé ae. Ojo ngomong lek penganut mup on garis keras, ditangkep mbuh ngko.”

            Tomin mlaku nang ngarep embong, kate nyegat angkot. Arek lanang iku nyangkruk nang pinggir embong karo guyon karo kanca-kancane.

            “Min, tak goleki kaet wingi. HPmu mati ta?”

            Tomin noleh. Jantunge langsung dag dig dug. Sindi ngampiri karo mesem.

            “Ho oh, HPku rusak,” saure Tomin mbujuk.

            “Oalah. Mau bengi aku nang omahmu, jare koen wis turu. Koen lak nduwe clana putih yo, Min?”

            “Clana putih? Eh ho oh, opo’o?”

            “Tak selang yo, wingi aku nyelang Edi tapi gak cukup. Koen lak luwih cilik ta, cukup mesti lek digawe Beni.”

            Mari ngomong moro-moro ono sepeda motor mandeg nang ngarepe arek-arek iku.

            “Ngko mulih sekolah tak njupuk ya,” omonge Sindi karo setengah mbengok mergo sepeda motor sing diboncengi langsung mbalap.

            “Hahahahaha….”

            Ora dikomando, arek-arek sing mau mung meneng ae langsung ngguyu. Nang njero ati Tomin misuh-misuh.

            “Move on, Min, move on hahaha…”

             “Gak usah keras-keras, garis miring ae. Opo sing gak mainstream sisan, move on garis kiri. Sangar!”

           ***

4 thoughts on “Move On Garis Kiri

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s