Anteng


 

 

            “Mak, njaluk sangu.”

            Wiji sing lagek nyapu ngrogoh sak dastere trus ngelungno limang ewuan siji nang anake.

            “Tambahi Mak, olahraga ngko.”

            Wiji ngrogoh sak’e maneh. Duwit ewu-ewuan nang sak’e metu. Kaet kate ngelungno loro nang Tomin, anake iku wes ngode atek tangane njaluk limo. Sik diitung karo Wiji, Tomin sing wis paham mak’e rada cetil langsung ngrayah duwit nang tangane emake trus mlayu budal.

            Bengi wayah mangan, Tomin sing biasane mesti njaluk digorengno tempe anget njaluk ditukokno sate. Bapake sing kesel mari kerjo ora gelem. Polahe anake iku lek njaluk ora tau gelem budal tuku dhewe.

            “Pak’e ki gak ngerti anake kesel kok. Aku lho mau olahraga nang sekolahan, kon mlayu ngubengi lapangan ping telu,” omonge Tomin karo mecucu.

            “Lha aku yo mari kerjo, kesel. Lek gelem yo tuku dhewe kono, wes gerang ngunu mangan ae atek umek,” balese Diman.

            Wiji sing mau lungguh meneng ae langsung ngadeg. Wong wedok iku mlebu nang kamar sediluk trus bablas metu. Tomin karo Diman sing ora ngerti ngenakno lek mangan, masio Tomin karo sik mecucu.

            “Mak! Gak melu mangan ta?” bengoke Diman ndelok bojone ora mbalik-mbalik nang pawon.

            Ora ono sauran. Diman mbaleni mbengok.

            “Mak, kene lho, mangan sik.”

            Pancet ora ono suwara. Diman sing curiga langsung ngongkon anake ndelok Wiji nang kamar.

            “Jarno ta, mak’e lho wes gedhe. Ngko lek luwe lak mangan dhewe,” saure Tomin.

            “Ndasmu! Dikongkon wong tuwek nyauri ae. Kono deloken, be’e makmu semaput,” omonge Diman.

            Durung nganti Tomin ngadeg, Wiji moro-moro mecungul karo nggowo bungkusan sing langsung diteleh nduwur mejo.

            “Opo iki, Mak?” takone Tomin karo mbukak bungkusan.

            “Asik, sate!” bengoke Tomin.

            Wiji lungguh. Tomin sing kesenengen langsung njupuk sego maneh trus mangan. Diman nyawang bojone sing mung lungguh meneng ae. Mari ngunu disawang piringe bojone sing mung ono tempe goreng loro, ora ono segone.

            Menenge Wiji garai Diman ora betah. Wong lanang sing wis paham bojone iku ngrasa lek ono sing ora tepak nang bojone iku. Dienteni sewengi bojone ora crita. Bengi masio usrek ae, ora turu-turu ning ora nyuwara. Isuk bojone yo tang kaya biasa trus langsung nyandak pengawean omah.

            “Mak, anakmu gurung mulih,” omonge Diman sore kaet mulih kerjo.

            “Ho oh,” saure Wiji karo nerusno lek nyapu emper.

            “Kok ho oh? Gak kon adus? Wes surup, sik kluyuran,” takone Diman maneh.

            “Ngko lak mulih,” saure Wiji.

            Diman gedhek-gedhek. Dheweke selot yakin lek ono sing ora tepak. Bojone berubah. Lagek bingung mikir tingkahe bojone sing malih aneh Tomin, anake, klunak-klunuk teka. Arek lanang iku cengengesan lewat nang ngarep wong tuwane. Wiji meneng ae, nerusno lek nyapu. Biasane lek ngene ki anake iku mesti langsung dijenggongi karo bojone. Diman selot bingung.

            “Wes mangan, Mak?” takone Diman.

            “Gurung.”

            “Gak luwe?”

            “Biasa.”

            Diman nyerah. Biasane lek meneng ngene iki lek ora mergo luwe yo mergo mangkele wis pol-polan. Lek luwe kok sing sregep ae, lambene yo ora mecucu. Garek siji, mesti lagi mangkel, pikire Diman.

            Lek wingi bengi Wiji mung mangan tempe goreng loro, bengi iki wong wedok iku mung mangan sayur sop sing dimasak mau isuk. Ora atek sego, ora atek lawuh.

            “Mak, koen nesu ta?” takone Diman bengi-bengi pas kate merem.

            “Gak.”

            “Pingin iwak bakar?”

            “Gak.”

            “Pingin klambi anyar, ho oh?”

            “Gak.”

            “Lha pingin opo?”

            “Gak pingin opo-opo.”

            Isuk Diman lagek nang mburi omah, wetenge mules ora kenek diempet. Tomin sing wis tangi mari adus nyanyi-nyanyi nang njero kamare karo klamben.

            “Mak, sabukku nang ndi?” bengoke Tomin saka kamar.

            Ora ono sing nyauri.

            “Mak! Sabukku gak onok!” Tomin mbaleni mbengok maneh.

            “Goleki dhewe! Isuk-isuk wes bengak-bengok,” saure Diman sing wis mari lek nongkrong nang WC.

            Masio mangkel karo anake Diman sing kaet tangi durung eruh bojone melu nggoleki.

            “Mak! Mak’e!”

            Diman mlebu nang kamar, ora ono. Metu nang njaba, ora ketok. Pas mbalik kate nang pawon Diman ndelok sikil mblujur.

            “Mak! Mak! Koen lapo?”

            Wiji sing digoleki anak bojone mblujur nang ngisore kursi tamu. Wong wedok iku ketok pucet, lemes.

            “Min! Makmu Min!”

            Diman ngangkat bojone trus diturokno nang kursi. Tomin sing ndelok mak’e jekengkeng langsung nangis.

            “Mak, ojo mati. Mak, aku ngko karo sopo lek sampeyan mati?” tangise.

            “Njupukno banyu nang pawon,” omonge Diman nang anake.

            Mari diombeni banyu putih, dikei minyak kayu putih nang dadane, sikile kahire wong wedok iku mulai sadar.

            “Lek pingin opo-opo ki mbok ngomong, ojo meneng ae trus koyok ngene,” omonge Diman maneh.

            “Mak, ojo mati Mak huhuhu.”

            “Cangkemmu menengo, pijeti terus karo diblonyohi minyak kayu putih iku sikile. Koen kok gak tau mangan ki lapo, Mak? Lek nesu ki yo mbok ojo koyok ngunu.”

            “Aku gak nesu, “ saure Wiji lirih.

            “Lha trus lapo lek gak nesu?”

            “Aku diet.”

            “Woalah Mak…Mak sing mbok dieti ki opo, sopo? Koen lemu ngene ki aku malah seneng. Lek koen kuru malah gak enak sendenane. Wes ta lah, gak usah aneh-aneh. Saiki maem yo? Pingin opo?”

            “Gak pingin opo-opo.”

            “Lah, yo kudu pingin. Mangan Mak, mati temenan koen ngko lek gak gelem mangan. Tak tukokno sak njalukmu, tak gawekno, ngomongo pingin opo,” omonge Diman.

            Wiji nyawang bojone sing lungguh nang ngisore karo ngelus-elus rambute.

            “Aku pingin sampeyan seneng, Pak.”

            “Aku seneng, aku wes seneng. Maem yo? Pingin opo?”

            “Aku pingin sampeyan, Pak.”

            “Lha aku ki ka’anmu wisan, pek-pek’en, tak wehno kabeh wes.”

            Wiji mbrebes. Wong wedok sing pirang-pirang dina anteng iku tibake diet. Wis suwi dheweke ngrasa awake kelemon, pingin kuru. Ora mung iku wong wedok iku yo lagi blajar sabar, ora ngomelan. Diman sik ngelus-ngelus bojone.

            “Siji maneh, ojo meneng ae. Nesu-nesuo lho gak popo, meneng ae malah kesurupan ngko.”

            Wiji manthuk.

            “Eaaa…golek perhatian ae atek direwangi sema…duh!!!”

            Tomin ngaduh. Durung mari lek ngomong bapake wis ndhisiki njejeg sikile, garai arek lanang iku ngeblak.

 

***

           

           

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s