OPTIMIS!


   

            “Mas, gorengno iwak ngge lawuh.”

            “Iwak pitik? Nang pasar sik yo,” saure Diman.

            “Emoh iwak pitik, iwak kali.”

            “Iyo, nila opo wader?” takone Diman.

            “Lele ae.”

            “Yo. Melu nang pasar opo nang omah ae?”

            “Lapo nang pasar?” takone Wiji.

            “Yo tuku lelene, tuku bumbune sisan.”

            “Emoh sing nang pasar, sing nang kali.”

            “Lha lapo golek nang kali, angel, gak mesti ono. Nang pasar ae garek tuku wes dibelehno sisan, resik yoan.”

            “Emoh. Lek nang pasar lelene saka blombang, dipakani ngunuan…hiy…”

            “Yo gak. Sing didol nang pasar iku yo mesti pakane pur, pakan iwak.”

            “Emoh pokoke, sing ko kali,” omonge Wiji ngeyel.

            Mari ketemon telat rong sasi, jalukane Wiji selot aneh-aneh. Kaya isuk iki, wong wedok sing seneng mangan iku njaluk lawuh lele ngge sarapan.

            “Yo suwi. Nang kali mancingo gurung mesti oleh lele. Akeh-akeh yo wader, nila. Lele ki nang blombang, diingu.”

            “Mesti gurung usaha wes gak gelem,” omonge Wiji karo mrengut.

            “Wou…arek iki. Yo tak pancingno nang kali tapi lek keluwen ojo nesu lho ya.”

            “Yo dicepaki sik. Lagian aku melu lek mancing, tak tunggoni. Tumbasno sego pecel sik, dibungkus ngge bekal nunggoni sampeyan mancing, ya?”

            Rasane pingin ngurut dada ning ora dilakoni. Timbang ngko bojone selot mecucu mikir dheweke ora ikhlas akhire Diman mung ambekan dawa. Wong lanang iku manthuk trus nyiapno pancinge. Ora mung iku, Diman yo nyiapno banyu putih, piring karo sendok garpu. Masio njaluk dibungkus, Wiji ora gelem lek mangan ora nang piring atek sendok garpu. Wiji sing wis adus kaet tangi mung nyandak topi bunder. Lanang wedok iku budal nang kali sing ora patio adoh saka omah mlaku.

            Pas mandek tuku sego pecel nang warung, Wiji eling lek bojone durung nggowo kloso.

            “Mas, klosone ndi?”

            “Gak usah, ngko lungguh nang suket ae. Malah asik,” omonge Diman.

            “Emoh, teles. Reget yoan.”

            “Gak, malah asik yo kaya nang luar negeri kae.”

            “Lha iyo wong luar kae yo nggawe kloso. Jupuken, Mas.”

            “Yo, tak mulih sik. Kui segone tunggonono, ngomong dhewe kono njaluk lawuh opo.”

            “Emoh, sampeyan sing ngomong. Aku ngenteni kene ae.”

            Rasane kudu nyakot boyo saking gemese ning diempet.

            “Lawuh opo?”

            “Iwak pitik, sing pupu.”

            “Jare mau gak gelem iwak pitik, njaluk dipancingno lele…”

            “Kan ngge nunggu lelemu.”

            “Yo. Sak bungkus opo rong bungkus awakmu?” takone Diman.

             “Siji ae, kan ngko maem maneh karo lele.”

            “Loro karo aku brarti,” omonge Diman maneh.

            “Siji ae. Sampeyan ngko ngeteni lele. Mau kan wes masak sego, kakean ngko.”

            “Lha karo ngenteni aku gak oleh mangan? Iyo lek oleh lelene, lek gak.”

            “Mesti sampeyan iki, aku maem opo ae mesti njaluk. Lagian sing optimis ngunu lho Mas, mesti oleh ngunu lho ngomonge. Lek gak yakin ngko lek maleh kedadean, gak oleh temenan,” omonge Wiji karo mrengut maneh.

            Lek mau pingin nguntal boyo, saiki Diman pingin ngedukno sirahe nang aspal. Bojo siji garai gemes ora entek-entek, batine.

            “Yoh, OPTIMIS!”

            Mari ngomong Diman mlebu nang warung trus pesen sego. Ora suwi dheweke mlaku mulih njupuk kloso. Wiji sing nunggu nang ngarep warung wis nyekel sego sak bungkus. Ora nganti sepuluh menit bojone wis mbalik karo nggowo kloso. Wong loro iku langsung nerusno budal nang kali.

            Sak durunge nepakno pancinge Diman nepakno bojone dhisik. Wong lanang iku ngolek nggon sing enak cek bojone iso enak lek ngenteni mancing. Kloso digelar nang ngisor wit. Kali sing rupane ora bedo adoh karo selokan iku ancen kerep dinggo mancing. Masio ta olehe jarang ning ono ae wong sing mancing nang kono. Karo ngenteni bojone, Wiji leyeh-leyeh nang kloso karo kipas-kipas atek topine.

            “Mas, aku luwe.”

            “Yo gek mangan kono, dibuka iku segone.”

            “Gurung nyantol ta?”

            “Gurung, sabar,” saure Diman.

            Wis sak jam luwih Diman nyogrok ngenteni pancinge nyantol ning durung ono iwak sing pingin mangan umpane. Bojone sing luwe wis mulai mangan. Saka lek lungguh Diman nyawangi bojone sing ngenakno lek mangan iku.

            “Dek, nyuwun,” omonge Diman.

            “Gak oleh. Sabar sik ta Mas, oleh oleh ngko lelene,” saure Wiji.

            “Iki yo sabar. Karo ngenteni mosok nyuwun sithik ae gak oleh, aku yo luwe.”

            “Ojo kaya wong susah ngunu, garai gak enak maem aku. Rene tapi ojo akeh-akeh.”

            “Ho oh, sak sendok rong sendok ae.”

            Lagek enak-enak mangan, tanggane Diman sing pas nang kali nyapa.

            “Wou…piknik ta iki mau? Manten anyar rek, rukun,” omonge.

            “Iki lho njaluk lawuh iwak tapi gurung ono sing nyantol. Maem Lik,” saure Diman karo nawani sego.

            “Yo kudu sabar, kali kaya ngene akeh sampahe timbang iwake. Pingin iwak opo?” takone tanggane maneh.

            “Lele,” saure Wiji.

            “Lele kuning ta? Hahhaha. Opo yo ono. Lele tuku ae nang pasar, akeh hehehe.”

            Karo ngguyu tanggane Diman iku mlaku ngalih. Ndelok tanggane ngguyu-ngguyu Wiji rumangsa diece. Wong wedok iku langsung nyebek, mecucu maneh.

            “Jarno ae, wong gak optimis iku. Wes terusno lek mu maem.”

            Wiji sik mecucu, wong wedok iku lara atine jalukane diguyu tangane. Diman sing ndelok bojone plerak plerok njajal ngerih-erih.

            “Mulih,” omonge Wiji.

            “Lah, gak dienteni lelene?”

            “Mulih ae,” baleni Wiji.

            “Yo wes, tuku nang pasar ae ya?”

            “Emoh lele.”

            “Lha opo?”

            “Iwak pitik.”

            “Lha iku, pecele lawuhe wes iwak pitik.”

            “Lha mbok entekno ngunu lho.”

            “Aku lho mangan sak cakotan mau,” omonge Diman.

            “Pokoke gorengno iwak pitik neh!”

            Mangan mung sak cakotan jare sing ngentekno, batine Diman. Disawang bojone sing lambene wis maju-maju iku. Rasane pingin dijiwit ae lambene bojone iku ning maneh Diman kudu ngempet.

            “Piro?” takone Diman.

            “Siji.”

            “Gak kurang?”

            “Lek kurang yo njaluk maneh,” saure Wiji.

            “Yakin mesti kurange, optimis wes,” omonge Diman kalem.

 

***

 

           

           

6 thoughts on “OPTIMIS!

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s