!


 

            “Min! Min! Pak, anakmu nang ndi?”

            Diman sing kaet ae teka ora nyauri.

            “Pak, ditakoki kok meneng ae.”

            “Mak…Mak, mobilku ae gurung tak jagang wis mbok takoki anakmu, opo yo aku ngerti,” saure Diman.

            “Mobile wong edan! Arek iku kaet mau gak ketok irunge.”

            “Dolen paling, nang omahe Edi opo sopo.”

            Diman lungguh nang kursi sing ono nang emper omahe.

“Lapo sih? Mbok yo mijeti aku kene opo ngawekno kopi timbang bengak-bengok ngunu kui.”

            “Yahmene kok njaluk pijet, awake sik kringet kabeh ngunu. Kate tak kon adus, wes sore.”

             “Woalah, wong arek wis joko ngunu kok adus ae atek dibengoki. Jarno lak ngko adus dhewe.”

            Nggoleki anake ora temu-temu, Wiji mlebu omah. Ora suwi wong wedok iku metu karo nggowo gelas. Mari ngelungno gelas nang bojone, Wiji melu lungguh.

            “Anak sitok ae kok kaya ngunu,” omonge Wiji.

            “Lha koen dijak gawe sitok maneh gak gelem.”

            “Sitok ae ndasku rasane kudu coplok opo maneh tambah.”

            “Yo gak, mesti bedo.”

            Wiji ngusapi kringete atek pucuk dastere. Wong wedok iku mari ngresiki omah, nyapu. Pingine anake lanang iku kon adus trus lagek dheweke cek klambine iso dikucek sisan.

            “Males. Kae biyen kok kaya ngunu iku lapo yo, Pak?”

            “Lha yo koen iku, ngidam njaluk aneh-aneh. Ngunu iku dadine arek.”

 

***

            “Mas…” celuke Wiji lirih.

            Sing diceluk wis angler lek turu, ora krungu.

            “Mas,” balene Wiji.

            Diman sing wis miber teka Jakarta lek ngipi ora obah. Bengi wis sepi nang kampung. Omahe Wiji yo wis peteng. Udan kricik-kricik garai enak turu ning ora Wiji. Wong wedok sing maune yo wis turu iku tangi. Ono roso sing kurang nang atine. Krungu suwara ngoroke bojone, Wiji selot lara ati. Akhire wong wedok iku nangis.

            “Lapo, kok gak turu malah nangis?”

            Diman sing krungu bojone nangis, melek. Awale Wiji mung mecucu, ora nyauri. Didesek suwi-suwi ngelem ngomong.

            “Aku pingin…”

            “Oalah ngunu ae atek nangis.”

            Diman kaet ae kate ngrangkul bojone sing sik membik-membik iku ning Wiji langsung nyingkuri. Tangise sing mau lirih selot banter.

            “Malah banter, lapo?”

            “Aku pingin maem, luwe,” omonge Wiji karo sik nangis.

            “Ealah luwe ta hehe…”

            “Makane ta lek ono wong ngomong dirungokno sik,” protese Wiji.

            Diman mesem. Dijiwit pipine bojone sing nyempluk.

            “Mau sore ketoke wis maem, karo aku mau?”

            “Ho oh tapi luwe maneh.”

            Diman ngucek-ucek matane.Wong lanang iku kedip-kedip ngematno jam nang tembok kamare.

            “Gorengno sego, Mas,” jaluke Wiji.

            “Heh? Tuku ae yo, nang ngarep pasar mesti sik buka bakule.”

            “Emoh, pingin gorenganmu dhewe.”

            Mari rabi oleh pitung sasi Wiji durung ono tanda lek wis isi. Ning dheweke karo Diman sante ae polahe yo pingin ngrasakno wong loroan. Lek Wiji moro-moro luwe, njaluk mangan yo ora aneh. Wong wedok iku ancen seneng mangan. Diman dhewe ora tau protes. Dheweke malah seneng lek bojone iku seneng mangan. Mending njaluk mangan timbang njaluk sing aneh-aneh pikire.

            Ngantuk, adem, gelem ora gelem Diman tangi. Wong lanang iku budal nang pawon trus mulai gawe sego goreng. Jenenge manten anyar, opo-opo sik dituruti. Meh setengah jam Diman umek nang pawon. Sego goreng sing dimasak wis siap dipangan. Krembuk-krembuk dheweke malik nang kamar karo nggowo sepiring sego goreng.

            “Dek, iki sego gorenge.”

            Sing diceluk mulet sediluk trus anteng maneh.

            “Lah malah turu. Iki lho wes mateng.”

            Bolak-balik ditangekno Wiji ora tangi-tangi. Wong wedok iku ngenakno lek turu. Masio wis diuglak-uglik tangane karo bojone. Akhire sego goreng sing wis digawe dipangan dhewe karo Diman.

            “Mas, sego gorengku ndi?”

            Isuke Wiji sing eling sego gorenge nggoleki.

            “Yo tak pangan wong koen ditangekno meneng ae, gak obah.”

            “Huhuhu sampeyan iki lho, niat nggawekno gak sih?”

            “Lha koen njaluk sego goreng wis digawekno malah turu.”

            “Yo ngunu kuwi ojo dipangan, dijarno ngenteni aku tangi.”

            “Yo gak enak, gak anget maneh. Gawe maneh kono lho, ngunu ae kok ribut.”

            “Emoh, gawekno!”

            “Lha aku kate budal kerjo,” saure Diman.

            Wiji mecucu. Atine lara sego goreng sing dijaluk mau bengi dipangan dhewe karo bojone.

            “Yo, tak gawekno maneh. Entenono,” omonge Diman.

            “Emoh!”

            “Yo wes.”

            Ndelok bojone pasrah Wiji selot mangkel. Wong wedok iku selot maju lambene. Dadane munggah muduk ngempet mangkel.

            “Jare emoh? Lek gelem yo tak gawekno maneh saiki,” omonge Diman.

            “Emoh sego goreng!”

            “Trus opo?”

            “Sego kuning, sing lengkap!”

            “Yo suwi, tuku ae lek iku.”

            “Emoh!”

            Ati sing mbedodok wis meh ora kuat ngempet tangis. Ndelok bojone wis garek meweke Diman ngalah.

            “Iyo, tak gawekno. Gurung meteng ae wis njaluk aneh-aneh, ndahno lek meteng,” omonge lirih.

            “Omong opo? Lek gak ikhlas yo wes, gak usah!”

            “Ikhlas, lair batin ikhlas,” omonge Diman karo budal nang pawon.

            “Njaluk pirang porsi?” bengoke Diman saka pawon.

            “Sing akeh. Sampeyan gak oleh melu mangan, aku thok.”

            “Ho oh, panganen kabeh,” saure Diman.

 

***

            “Ko ndi koen? Dibengoki kaet mau gak krungu ta?”

            “Aku lho nang duwur kaet mau,” saure Tomin.

            “Duwur ndi?”

            “Wit jambu.”

            “Njaluk digibeng arek iki. Gak ngerti mak’e nganti suwek lambene lek mbengoki ngunu meneng ae, gak nyauri,” omele Wiji.

            Sing diomeli meneng ae, mung mecucu.

            “Wis, surup-surup ojo diomeli ae anake,” omonge Diman.

            “Lek ngunu sampeyan ae sing tak omeli,” omonge Wiji sewot.

            “Ojo. Yo wes terusno, aku tak adus,” omonge Diman karo ngadeg trus mlaku nang mburi, ngaleh.

 

***

 

           

2 thoughts on “!

  1. aku moco tulisan iki malah kebayang becak, acara neng JTV iku
    doh cuma rong taun neng suroboyo musti mbuka kamus maneh kulo, mbak
    *nah ngaco kan aku ngomomgnya hehehe

    Like

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s