Alus


 

            Tomin mecucu. Isuk-isuk mak’e wis gembrah. Arek sing sik ngantuk, pingin mlungker iku dibengak-bengoki ae kon tangi. Iyo lek dina biasa, wong Minggu, ora sekolah. Wiji sing wis kadung ngomel, masio wis dielingno anak bojone lek Minggu pancet ae diterusno.

            “Mak’e ki duwe ilmu ta, Pak?” takone Tomin karo nyedeki bapake sing lagi ndandani sepeda nang samping omah.

            “Ilmu opo?” takone Diman.

            “Yo mbuh, ilmu kebal be’e.”

            Diman meneng. Wis paham.

            “Mak’e lek bengi seneng tangi ngunu gak, Pak?” takone Tomin maneh.

            “Yo kadang tangi. Kadang moro-moro ngomel, nglindur.”

            “Gak tangi trus ngalih ngunu, mlaku metu ko kamar?”

            “Yo ngalih lek kroso nguyuh. Lapo sih?”

            “Mak’e ki paling duwe ingon-ingon opo ngunu. Bengi-bengi tangi trus mangan kembang opo opo ngunu, lelaku, Pak.”

            “Krungu makmu mbuh koen ngko, ojo njaluk tulung nang aku.”

            Tomin mrengut maneh. Sarunge sing durung dicopot dikrukupno nang gundule. Diman sik umek karo sepedae. Sepeda onthele iku ora enak digawe, mlakune ban rada miring.

            “Iki opo mari ditibakno?” takone Diman.

            “Mbuh, mak’e paling. Aku lho gak tau sepedaan.”

            “Lapo iku malah krukupan koyok maling, raup-raup kono lho. Gek rene, ewangi umba-umbah. Penakmen tangi-tangi malah cangkrukan!” bengoke Wiji saka pawon.

            “Iku mau opo wis sarapan, Pak? Gurung kan? Kok kuat kaet isuk bengak-bengok lek gak nduwe ilmu,” omonge Tomin.

            Diman ora nyauri. Dibanding Tomin, lek mung perkara dibengoki dheweke wis tuwuk, penake ngomong wis dadi sega jangan.

            “Makmu ki asline ceklekan wonge, alus,” omonge Diman.

            “Makhluk alus?” sahute Tomin.

            Durung bapake nyauri Tomin nambahi maneh.

            “Bocor alus?”

            “Ndelok wong ojo saka njaba thok. Koen sik enom, kudu akeh ndelok sekitarmu. Sekolah penting, sinau yo penting ning ojo lali kudu peka. Akeh-akeh moco, konco…”

            Durung mari Diman lek ngandani anake moro-moro bojone mbengok maneh.

            “Min, deloken iku sapa nang ngarep. Celak-celuk kae lho.”

            Tomin ngadeg, masio asline sik aras-arasen. Sarunge dicopot trus disampirno nang tali jemuran. Saka samping Tomin mlaku nang ngarep omah. Nang ngarep lawang omahe Tomin ndelok arek cilik loro, lanang wedok. Lek didelok rupane ketoke adik kakak. Sing wedok luwih gedhe timbang sing lanang. Arek loro iku noleh pas ngerti ono Tomin.

            “Nggoleki sopo?” takone Tomin.

            “Tumbas krupuk, Mas?” takone sing wedok karo nduduhno kresek sing dicekel.

            Tomin nyawang arek loro iku gantian. Klambine sing mung kaos karo kathok cekak ketok lecek. Kaose malah nglowoh, ketok lek kegedhen.

            “Sak bungkus sewu, Mas,” balene arek wedok iku.

            Kaya dielingno Tomin langsung nglagepan. Arek lanang iku pamit kate nyeluk mak’e sik. Ora suwi Tomin mbalik maneh karo mak’e.

            “Dodol opo?” takone Wiji.

            “Krupuk, Lik. Sebungkus sewu,” omonge arek wedok iku.

            Wiji ndelok kresek sing dicekel arek wedok iku. Kresek sing isine krupuk telo dibungkusi cilik-cilik iku ditokno isine.

            “Anake sopo koen?” takone Wiji.

            Arek cilik iku meneng. Adike sing nyekel tangane mbak’e ketok sentrap-sentrup, nglebokno umbele.

            “Omahmu ndi?” takone Wiji maneh.

            “Mburi pasar, Lik.”

            “Min, jupukno dompet,” omonge Wiji nang anake.

            Wiji ngongkon arek cilik loro iku lungguh. Tomin mbalik karo nggawa dompete mak’e.

            “Tuku limo,” omonge Wiji karo ngelungno duit limang ewuan.

            “Nggih, Lik.”

            “Arep jambu?” takone Wiji nang arek sing lanang.

            Arek lanang cilik iku nyawang mbak’e. Mbak’e nyawang balik, meneng trus nyawang Wiji.

            “Min, erahno jambu kono. Melu Mas Tomin yo, cek dierahno jambu. Enak lho iku, seger,” omonge Wiji.

            Nang ngarep omahe Tomin ono wit jambu air sing lagek buah. Biasane tangga-tanggane lek mampir mesti ngerah dewe. Kadang ono sing ngerah saka njaba pager, karo mlaku. Arek cilik loro iku manthuk karo ngetutno Tomin sing mlaku dhisikan. Arek lanang cilik sing mau ketok isin matane saiki ketok amba, seneng. Ndelok jambu sing warnane ijo semu abang gulune langsung ngelek idu, selak pingin ngrasakno.

            “Lek pingin mampir rene maneh cek dijupukno Mas Tomin,” omonge Wiji karo mlebu.

            Mari ngerahno jambu, arek-areke cilik wis ngalih, Tomin mbalik nang samping omah. Bapake sik durung mari lek mbenakno sepeda.

            “Pingin ngerti aluse makmu gak?” takone Diman nang anake.

            “Kapan Pak?”

            “Kae, incingen ko cendelo. Mesti lek lagi nangis iku.”

            Masio ora percoyo Tomin melu omongane bapake. Arek iku penasaran. Matane Tomin langsung amba, ora percoyo, pas ndelok nang pawon mak’e ngusapi luh e. Lambene mak’e ketok maju-maju. Bolak-balik wong wedok iku ngusapi luh e nggawe dastere.

            “Kok iso, Pak?” takone Tomin sik ora percoyo.

            “Makmu ki gembeng, nangisan. Ndelok ngunu iku lak atine langsung lara, sakno.”

            Tomin manthuk-manthuk. Durung tau arek lanang iku eruh mak’e kaya ngunu. Ben dina sing dieruhi mak’e ora bedo kaya garangan, mbencekno, tukang ngomel, akeh pokoke.

            “Wis percoyo saiki?” takone Diman.

            Sik kaet ae kate nyauri bapake, Tomin kaget mergo moro-moro ono suwara banter nyeluk jenenge.

            “Tomin anake Diman, lek koen ngunu ae tak gibeng ngko. Wis diomongi bolak-balik sampek kate suwek lambeku pancet ae njogrok nang kono!”

            “Lapo sih, Mak? Ngaget-ngageti ae,” saure Tomin.

            “Lapo? Kambine kae lho, kumbahono. Makane ta tangi turu langsung raup, cek genah lek diomongi wong tuwek, sadar!”

            Diman sing krungu bojone bengak-bengok mung mesem. Tomin mecucu maneh.

            “Alus ko Hongkong!” omonge lirih karo krembuk-krembuk mlaku nang jeding.

 

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s