Naksir


            Wiji lagek ngresiki brambang nang pawon pas anake mecungul. Arek STM iku ketok klimis, rapi. Rambute dikei minyak rambut, dimodel njegrak. Kaose anyar mari lek nukokno mak’e digawe.

            “Ciee….” gudo Wiji nang anake.

            Sing digudo ora isin malah selot nggaya. Lambene mesam-mesem, rumangsa ganteng.

            “Yok opo mak anakmu, ganteng gak, masyuk gak dandananku?”

            “Ho oh, masyuk. Koyok artis nang tipi-tipi,” saure Wiji karo melu mesem.

            “Lha aku asline lek gelem kan iso mlebu tipi mak, saking ae aku gak pingin sekolahku keteteran.”

            “Ho oh, wong ngene ae wes garai mumet opo maneh lek dadi artis, lak stroke aku mikir rapotmu.”

            Tomin cengengesan. Arek lanang iku nyedeki mak’e.

            “Mak…”celuke.

            “Lapo?”

            “Nyuwun sangu.”

            “Sangu opo? Minggu-minggu kok njaluk sangu? Prei.”

            “Halah mak, aku kate dolen karo Sindi.”

            “Siti sopo?” takone mak’e.

            “Siti…Sindi!” saure Tomin karo mecucu.

            Saiki ganti Wiji sing mecucu. Wis seminggu dheweke curiga anake lagi naksir-naksiran karo arek wedok. Dudu opo-opo, pikire Wiji sekolah ae sik durung bener, akeh malese opo maneh lek pacaran.

            “Sindi anake sopo?” takone Wiji.

            “Halah, anake Lik Tukijo kae lho. Koncoku SD biyen.”

            “Oalah, sing rambute ribondingan kae? Sing kemayu kae?”

            “Ho oh, eh gak, gak kemayu wong ancen ayu.”

            “Ayu opo? Awake sak biting ngunu. Iku lek dijak mlaku trus diterak angin lak katut, miber.”

            “Padakno krupuk ae. Yo mak? Rong puluh ewu ae.”

            “Dengkulmu mlocot. Rong puluh ewu jare, malese. Mang ewu ae.”

            Lagek umek karo anake, bojone, Diman, teka. Wong lanang iku langsung nyedeki mejo, nyandak gelas trus ngombe. Males debat karo emake, Tomin nyedeki bapake. Karo kedep-kedep Tomin ngetungno tangane.

            “Lapo iki?” takone Diman.

            “Halah pak, kate dolen iki,” omonge Tomin.

            “Kate pacaran areke pak, karo anake Tukijo sing rambute lurus koyok sapu iko…”

            “Mak’e ki mesti kok. Lagian sopo sing pacaran, wong dadian ae gurung kok,” omonge Tomin.

            “Golek pacar ki sing genah. Rambute ae palsu, ndahno tresnane. Yo gak pak?” takone Wiji nang bojone.

            “Yo gak mesti. Arek gaul ki yo ngunu iku mak. Mosok onok yoan arek wedok saiki sing kabehe asli, mesti onok sing diganti,” omonge Tomin ora trimo.

            “Onok. Aku asli kabeh. Yo gak pak?”

            “Sampeyan kan arek jaman sepur lempung, jaman purba!” Tomin sik ora trimo.

            “Wou malah ngunek-ngunekno wong tuwek. Ojo dikei pak, jarno ae cek mangan laler.”

            Diman meneng ae ndelok anak bojone gembrah dewe. Wong lanang iku malah lungguh karo kipas-kipas.

            “Pak’e…”celuke Tomin.

            “Min…Min, gurung duwe pacar ae koen angel sinau ndahno lek wis pacaran, kate dadi opo. Gurung maneh ngko lek pacarmu meteng, trus sekolahe putus, kate kerjo opo koen? Anak bojomu mbok pakani opo?” omele Wiji.

            “Halah mbuh, mak’e ki mesti kok ancene. Gak seneng lek anake seneng. Wong pacaran ae gurung disangoni wis mikir ngetengi anake wong. Lha areke gelem karo aku ae gurung mesti. Iki sik usaha tapi lek sampeyan gak ndukung yo mbuh, selot abot usahaku,” omonge Tomin karo mecucu.

            Mumet krungu anak bojone tukaran, Diman grayah-grayah sak’e. Ditokno duit sepuluh ewu trus dilungno anake. Ndelok duit sing dilungno bapake, Tomin kate protes.

            “Iyo opo gak blas?” takone Diman.

            “Iyo,” saure Tomin karo ndang nyandak duit saka bapake.

            Arek lanang iku mesem. Masio ora padha karo sing dijaluk paling ora ono sangu. Timbang blas, pikire. Mari nampani duit arek lanang iku langsung ngaleh karo mesam-mesem. Wiji sing ora trimo mung mecucu, ora nyuwara. Mari anake wis ngaleh, ora ono suwara wong wedok iku langsung nyocot nang bojone.

            “Lapo mbok sangoni pak? Iku ngko lak maleh tuman areke. Sekolah ae gurung genah opo maneh lek ngko pacaran…”

            “Jarno ta mak, arek sak munu iku lek mbok larang malah ndadi. Wong yo sik sir-siran ae, gurung mesti oleh. Justru ngene iki koen kudu siap-siap,” omonge Diman.

            “Siapa-siap yok opo?”

            “Yo siap-siap, masak sing enak, atine ditata. Ngko lek anakmu mulih koen kudu iso dadi sendenane.”

            “Sik ta lah pak, sendenane yok opo maksude sampeyan. Gak ngerti aku?”

            “Lha iku ngko…Tomin ngajak dolen arek wedok, ngesiri, lek ngko areke ditolak lak koen kudu siap nampani anakmu. Ojo sampek anakmu lara kuadrat. Lara ati ditolak trus koen ngomel-ngomel. Lak bahaya ngunu iku, koyok nang tipi-tipi kae, sing stres lah, bunuh diri lah.”

            “Oalah…sik tapi maksude sampeyan arek iku ngko ditolak? Siti gak gelem karo Tomin anakmu?”

            “Yo sopo ngerti. Wong anakmu yo ngunu kui mungan prejengane. Arek wedok saiki lak selerane dukur-dukur. Siap-siap lak yo luwih apik mak.”

            “Wou…wani nolak anakku tak parani arek iku, tak labrak,” omonge Wiji.

            “Lah? Jare mau pacaran gak oleh, ngesiri Sindi yo gak oleh…?”

            “Yo tapi aku gak trimo lek anakku digawe lara ati. Tomin ki cengoh-cengoh ngunu yo ganteng lho pak, deloke lek mesem lak koyok nom-nomanmu biyen, manis.”

            Diman gedhek-gedhek. Bojone iku ancen aneh, ora kaget.

            “Ho oh, karepmu, manut,” omonge Diman lirih.

            Tomin sing wis macak ganteng, oleh sangu sepuluh ewu kudu gelo polahe arek wedok sing diparani ora ono nang omah. Arek wedok iku pamit nang mak’e jare metu karo kancane. Akhire Tomin sing ora sido apel menggok nang PS-an, main game ngentekno sangu saka bapake.

            Senin hari terakhir nang taun 2012. Arek-arek mulai sing cilik sampek tuwek padha umek kate taun baruan. Tomin sing dijak kancane metu nang alun-alun terpaksa ora melu mergo ora oleh karo emake. Oleh asal mak’e karo pak’e yo melu. Timbang isin Tomin milih ora melu. Ora pingin taun barune mung ngunu ae, uglak-uglik nang kamar Tomin pingin ngrayakno dewe. Arek lanang iku ngrayu mak’e, jaluk duit maneh ngge tuku kembang api.

            “Mak, tumbasno kembang api yo? Mosok meneng ae taun baruan,” omonge Tomin.

            “Nyumet lilin kono lak podho ae,” saure Wiji.

            “Lilin, padakno kate ngepet ae. Kembang api yo mak, ngko tak sumet nang mburi omah karo arek-arek, lak podho seneng ngko.”

            “Emoh, ngko ngenei genteng malah garai kobongan. Tuku jajan kono ae.”

            “Jajane yo iyo tapi kan apik lek onok sing diunekno.”

            “Yo kono ngunekno kentongan nang poskampling, mesisan melu ronda.”

            “Halah mbuh, mbarang-mbarang gak oleh. Pacaran gak oleh, taun baruan gak oleh, tuku kembang api yo gak oleh…”

            Tomin mecucu. Arek lanang iku gelo.

            “Nang Indomaret ae yo, tuku es krim, opo tuku panta karo camilan ngge ngenteni jam rolas. Ngko pakmu dijak sisan. Ngko mbleber kloso nang mburi omah, trus turu-turu karo ndelok kembang api ko balai kota, lak ketok iku wisan…”

            Tomin meneng, mung matane mubeng-mubeng, mikir.

            “Ngko lek nyumet dewe bahaya, lek kebledosan malah ciloko, gak iso nulis koen ngko. Yo? Ayo ndang adus gek ngajak pak’e nang Indomaret.”

            “Tukokno Chitato,” omonge Tomin.

            “Ho oh.”

            “Karo Sego Padang yo mak, ngko bengi lek luwe barang.”

            “Ho oh, pak’e lho duite akeh.”

            Tomin mesem. Arek lanang iku ngoleki pak’e disusul mak’e. Diman sing ora ngerti opo-opo diseret anak bojone, digowo nang Indomaret.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s