Kembar.


            Bengi jam sanga nang omahe Wiji wis sepi. Tomin sing kapanane mari sunat maneh mergo manuke kecepit slerekan wis mulai mlebu sekolah dadi rada sore mau wis turu.  Nang kamar, Wiji sing durung iso turu ngajak omong bojone sing wis merem, ngantuk.

            “Pak, tak pikir-pikir ki anakmu kok blejet kaya koen,” omonge Wiji.

            Diman meneng, ora nyauri. Matane sik rapet.

            “Lek dikandani angel, iya-iyo tapi gak tau dilakoni,” tambahe Wiji.

            “Lah?” saure Diman karo melek.

            “Loh, lha iyo kan? Sampeyan iku lak koen dikandani mesti angel. Meneng ae, sawangane ho ah ho oh tapi mesti lali.”

            “Lali, gak gak gelem,” omonge Diman.

            Wiji nepakno awake. Sing mau mlumah saiki miring, ngedep bojone.

            “Eling gak pas Tomin mlebu SD?”

            “Sing ndi?” takone Diman.

            “Halah, kae sing garai geger kancane sak kelas karo gurune. Sing areke ngembol mergo lara wetenge. Lara weteng kok gak ngomong nang gurune, malah meneng ae ditokno nang clonone. Ngunu iku lak kaya sampeyan, turunanmu.”

            “Sing elek-elek kok mesti dikekno aku. Lha iku manjane, nurun sopo lek ngunu iku?” takone Diman nang bojone karo mbuka matane.

            “Aku mosok manja?”

            “Gak, mung nesuan, tukang ngomel. Meneng sithik lambene gatel. Eruh wong nganggur sithik mesti njarak, gak trimo.”

            “Halah. Sampeyan ki lek gak dikonokno yo gak mlaku-mlaku pak, kudu diomeli ancene.”

            Bedo karo pasangan sing biasane saking kesele ngurus omah, urip, nganti ora sempat omong-omongan, Diman karo bojone masio lek awan kerepe kaya wong ora rukun ning lek bengi kerep ngobrol. Opo ae diobrolno. Kadang kerjoan, kadang tanggane, ora jarang ngomongno anak siji-sijine, Tomin.

            “Kiro-kiro anakmu sesuk iso munggah gak pak? Aku kok wedi lek arek iku gak munggah. Lha nilaine elek-elek. Kon sinau mesti akeh alasane. Padahal njaluk opo-opo yo wis dituruti.”

            “Oalah mak…mak, dadi wong mbok yo ojo ngunu-ngunu nemen. Anakmu sehat iku wis berkah, kudu disyukuri. Sekolah ben dina yo budal, sregep. Masalah nyandak gak nang sekolahan yo pasrahno nang anakmu, percoyo. Wong lek tak pikir anakmu iku lucu kok…”

            “Lucu jare, lucu garai wong pingin ngrawus raine.”

            Diman ambekan rada dawa.

            “Lek anakmu biasa yo gak ono critane. Kaya aku iki, aku milih awakmu yo gak sukur mergo koen gelem mak. Gak mergo sakno koen ditinggal rabi karo Ponijan. Bayanganku biyen lek aku rabi karo wong wedok ayu, meneng, manut gurung mesti lek saiki aku sik iso ambekan. Iso-iso aku wis mujur ngalor…”

            “Maksude opo?” takone Wiji ora ngerti.

            “Lha bayangno, lek bojoku ayu paling ben dina aku ngenes. Ben budal kerjo gak tego ninggal, wedi lek dijaraki tangga, wedi lek digowo mlayu wong liya. Trus lek bojoku wong meneng-meneng lak sepi omah. Mbarang-mbarang iya iyo ae, yo ketoke enak bojo meneng, manut lha tapi yo lek manute nang bojo thok, lek kabeh dimanuti lak bahaya…”

            Wiji meneng.

            “Eling gak mak pas kene metu bareng biyen, jamane aku nyedeki awakmu? Pas kene nonton pasar malem trus koen mbuh moro-moro nang ndi trus tak tinggal mulih? Sumpah mak, pas iku aku lali lek aku lungo karo koen. Tapi enake karo koen yo iku mak, ditinggal yo gak ono sing nemu, gak ono sing ngutik-utik. Pas aku eling tak baleni koen sik ono kan? Gak kelong blas…”

            “Guduk gak ono tapi aku sing emoh. Aku lho pas iku yo digodani arek lanang-lanang,” omonge Wiji ora trimo.

            “Ho oh, mesti arek-arek iku ngumun kok ono wong wedok kaya awakmu. Lucu mesti batine, apik lek didadekno bandul kalung hehehe…”

            “Gak usah sombong. Aku gelem karo sampeyan ki yo sampeyan sing untung,” omonge Wiji karo prengat-prengut.

            “Ho oh, podo bejane. Yo ngunu iku sing jenenge jodoh mak.”

            “Yo gak sukur jodoh, yo kudu diusahakno.”

            “Iyo. Wes turu, ngantuk aku.”

            Akhire wong lanang wedok iku merem. Diman langsung ilang, bablas turu. Wiji sing durung iso turu sing mrengut ae.

            “Sok ganteng. Wong lek aku gak gelem paling yo gak ono sing gelem ae lho,” omele karo ngrangkul bojone trus merem turu.

            Isuk-isuk Diman wis tangi. Wong lanang iku ngrijiki perkakas kerjone. Bojone, Wiji, wis umek nang pawon. Anake yo wis tangi, mari dibengoki karo bojone. Diman nyawang anake sing lagek metu saka jeding. Rupane sik ketok ngantuk. Lambene mecucu, ora trimo lek kudu budal sekolah, sik pingin turu.

            Wiji wis bolak-balik mbengoki anake. Kon ngene, kon ngunu, ngelingno opo sing kudu digowo anake. Kadang wong wedok iku lali lek anake wis gedhe, ora wayahe maneh dibengoki kaya arek SD. Mari ganti seragam, Tomin lungguh nang mejo makan. Arek lanang iku nyiduk sego trus langsung ngenakno mangan. Wiji sik umek karo masakane.

            “Mak,” celuke Diman lirih nang bojone.

            “Lapo?”

            “Delok iku anakmu. Sik iso ngomong lek nurun aku?”

            Wiji nyawang anake sing ketok enak lek mangan.

            “Lek wes ngedep panganan lak kaya wong lali dunyo. Lambene yo iso mencar-mencor ngunu.”

            “Yo iyo, wong gawene wong loro kok,” omonge Wiji karo nerusno lek masak.

            “Min…Min, lek wedok ngunu lak gak bedo koen karo emakmu, kaya arek kembar,” omonge Diman lirih.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s