Gatel!


            “Pak, pak’e!”

            “Lapo? Nang kene.”

            “Tukokno lele nang pasar pak, sekilo ae.”

            Krungu mak’e kate ngongkon bapake tuku lele, Tomin sing lagek uglak-uglik nang kasur langsung mbengok.

            “Emoh lawuh lele mak, pitik ae.”

            “Gak oleh koen iku mangan pitik, gatel,” saure Wiji.

            “Sopo sing gatel, wong sunat kok gatel,” Tomin nyauri karo mecucu.

            “Lha iyo, manukmu iku ngko sing gatel lek dipangani pitik. Mari sunat gak oleh mangan iwak pitik, endog yo gak oleh.”

            “Aku lho gak seneng lele, ngunu dipekso ae mangan,” omonge Tomin sik ae ora trimo.

            “Koen pingin ndang mlebu sekolah opo gak? Bekase iku sik teles, lek dipakani iwak gak ndang garing. Kesuwen ngko lekmu ijin sekolah.”

            Tomin mecucu. Mari wingi manuke kecepit slerekan Tomin kudu disunat maneh. Arek lanang iku ora mlebu sekolah soale mlakune sik angel. Lek pingin mekso sakjane yo iso ae ning ora iso nggawe kathok, isone sarungan. Jelase Tomin ora gelem, isin. Mbuh mergo wis kegeden areke opo ancen Tomin sing manja, manuke Tomin ora ndang mbalik-mbalik. Ketoke arek iku malah kesenengen nang omah. Penggaweane ben dina mung nonton tipi, mangan, turu kaya raja.

            Pak’e Tomin meneng ae. Wong lanang iku wis tuwuk lek ngrungokno anak bojone gembrah ben dina. Paling lek wis mangkel kaet melu omong. Nyandak sepeda motor Diman budal nang pasar. Sakjane lek karepe ati ngunu Diman pingin nduwe anak maneh. Lanang opo wedok ora masalah ning bojone ora gelem. Wiji trauma mergo biyen pas nglairno Tomin angel. Meh ae dheweke bablas.

            Sesuke awan-awan Tomin umek maneh.

            “Mak pingin es, ngelak.”

            “Banyu putih ae,” saure Wiji.

            “Halah mak, guluku ki rasane gak enak ngombe banyu putih garai munek-munek. Pingin sing onok rasane.”

            “Teh ae lek ngunu,” Wiji sik ora gelem ngalah.

            “Emoh, es campur mak. Nang omahe Yeni kae lho mak, yo mak?” Tomin mulai ngrayu.

            “Es campur kae atek santen…”

            “Garai gatel, teles…” saute Tomin.

            “Lha ancen iyo kok. Arek diomongi kok mesti nyauri.”

            “Yo wes tukokno rainbow cake ae.”

            “Opo iku?”

            “Jajan. Gak atek santen iku, gak onok iwak pitike yoan. Nang ngarep pasar kae lho mak, nang minimarket sing ngarep onok sing dodol.”

            “Gak ngerti aku,” saure Wiji.

            “Sampeyan ngerti pak? Sing wernone akeh iku lho pak, panganan sehat iku.”

            “Aku pisan ngertio, njajan ae gak tau,” saure Diman.

            “Yo garek ngomong nang bakule, tumbas rainbow cake ngunu. Ngko lak bakule ngerti, dijupukno.”

            Wiji nyawang bojone. Sing disawang meneng ae ning wis paham, langsung nyandak sepeda motor budal. Ndelok bapake budal Tomin langsung mesem-mesem. Wiji sing lagek nonton tipi ora komentar.

            “Ancen lanangan kurang ajar, kudu ngruwes ae aku ndelok raine.”

            Wiji ngomong-ngomong dewe ndelok acara gosip nang tipi. Tomin sing lungguh nang sandinge meneng ae.

            “Koen yo Min suk lek gedhe, lek nduwe bojo lek sampek koyok ngunu tak tugel manukmu!”

            Krungu omongane mak’e Tomin sing ora ngerti opo-opo langsung menteleng matane.

            “Lapo mak? Disunat ae loro atek ditugel sisan,” omonge mringis karo mbayangno.

            “Iku deloken. Pejabat kok koyok ngunu. Wong lanang ki mesti kakean polah ancene. Kere dikancani lek wes sugeh mesti lali, golek wedokan maneh. Nyenengno wong wedok siji ae gurung karuan iso, roba-rabi ae senenge. Njaluk dipuklek manuke,” omonge Wiji gemes.

            “Mak…mak tipi ae mbok percoyo. Lha iku arek wedoke yo gelem kok. Lanange gelemo lek wedoke gak gelem yo gak kedadean,” omonge Tomin.

            Wiji meneng mung lambene sik mecucu, ngempet mangkel ndelok berita nang tipi.

            “Lha jare wes cerai kok, dibujuki areke. Areke sik cilik ngunu,” omonge Wiji maneh.

            “Wong cerai lak yo onok surate. Iso ditakok-takokno sik temenan wes cerai opo gurung, gak kesusu iya iyo ae…”

            “Yo iki mergo lanangane kucing garong, nduwe kuoso. Mbuh, pokoke koen suk lek koyok ngunu awas koen. Pakmu barang iku lek sampek wani-wani koyok ngunu tak…”

            “Puklek manuke?” takone Tomin.

            “Mbuh ngko, pokok awas ae lek wani-wani koyok ngunu.”

            “Kakean nontok sinetron sampeyan mak, ndang stroke. Opo maneh gosip koyok ngunu iku, mending nontok bal-balan.”

            “Malah koyok wong edan iku. Bal siji ae ngge rebutan, mlaku rono rene garai mumet sing nyawang.”

            Bengi jam wolu omah wis sepi. Udan kemricik garai wong aras-arasen metu. Wiji karo bojone wis mlungker nang njero kamar. Tomin kaet sore yo wis mlebu kamar. Pak’e lek nukokno rainbow cake ora tanggung-tanggung. Kebeneran nduwe duit, timbang anake ngrengik ae trus kongkon-kongkon ditukokno akeh sisan cek wareg trus ndang turu.

            Jam sanga luwih Tomin sing maune wis merem usrek. Ono sing ora enak nang awake. Arek lanang iku kate kukur-kukur ning wedi. Akhire klogetan dewe kaya uler kepanasen. Ora betah ngempet arek iku celuk-celuk mak’e.

            “Mak…mak’e…gatel mak…”

            Pisan pindo sing diceluk ora nyauri, wis keenaken lek turu. Wis ora betah arek iku akhire mbengok.

            “Mak’e gatel mak!”

            Wiji karo Diman sing krungu langsung tangi trus mlebu kamare anake.

            “Lapo koen iku? bengi wayahe turu malah bengak-bengok.”

            “Gatel mak huhuhu…” omonge Tomin karo nangis.

            “Apane sing gatel? Kene tak kukure.”

            “Yo ikune sing gatel, opo maneh. Ojo dikukur, loro ngko huhuhu…”

            “Lha koen mau mangan opo? Mangan opo pak arek iki mau?”

            “Yo embuh. Aku mau mung nukokno jalukane iku mau, rembo kek.”

            “Panganan opo iku mau? Isine opo?” takone Wiji nang anake.

            “Roti mak, koyok sing nang tipi kae lho. Koyok lek arek-arek ulang taun kae,” saure Tomin.

            Wiji nyawang mejone anake. Kardus bekas roti dibukaki, wis kosong isine. Nang njabane didelok gambare.

            “Iki lak nggawe endog, atek mentego barang…yo iki sing garai gatel.”

            “Yo gak, jare mantrine wingi gak popo mangan opo ae,” saure Diman.

            “Lha nyatane gatel ngunu saiki.”

            “Iku perbanmu wes mbok ganti gurung?” takone Diman nang anake.

            “Gak, wedi loro pak huhu…”

            “Yo iku sing garai gatel. Dileboni tinggi paling perbane trus nyokoti manukmu. Yok opo rasane?”

            “Gatel, panas, cengkring-cengkring…”

            Akhire bengi-bengi perbane Tomin dibuka. Wiji njupuk banyu anget ngge ngresiki. Ora iso langsung mari gatele sewengi Wiji karo Diman gantian ngipasi manuke anake ngganti anake lanang iku iso turu maneh.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s