Kapok!


 

 

            “Mak, anakmu kae gak tau mbok sangoni ta? Mbok yo dikei masio sithik-sithik, sakno.”

            Wiji sing lagek malik sego langsung menteleng matane.

            “Gak tau disangoni yok opo, ben dino ki limang ewu mesti,” omonge Wiji karo ngatung-ngatungno entong nang Diman.

            “Ngunu kok mau isuk areke marani nang kerjoan, njaluk sangu. Jare gak tau mbok sangoni.”

            “Wou njaluk disampluk ancen arek iku. Wani-wanine mbujuk.”

            “Yo wes gak usah mbleyer, areke lho yo gak onok. Selak luwe iki, wes mateng gurung segone?” omonge Diman.

            Tomin sing ben isuk njaluk sangu nang mak’e saiki wis wani njaluk nang bapake. Arek lanang iku mbujuk nang pak’e lek ora tau dikei nduwit jajan karo mak’e. Pak’e sing mesti budal kerjo isuk-isuk diparani. Tomin ngerti pak’e ora tau nyekel duit akeh ning paling ora wong tuwane lanang iku mesti ngesaki sewu rong ewu.

            Isuk iki mau Tomin yo wis niat kate njaluk duit nang pak’e maneh. Sayang, isuk iki pak’e ora kerjo. Garapane wis mari dadi bapake mung nang omah. Paling ngko golek ramban karo golek kayu. Ndelok pak’e sing lagi uglak-uglik nang lincak pawon karo ngewangi mitili lombok mak’e sing lagek masak Tomin krembuk-krembuk nyedek. Wedi lek mak’e melu krungu arek lanang iku ngode. Tangane ditungno nang pak’e njur diarahno nang sak klambine, kode jaluk sangu.

            “Lapo?” takone pak’e banter.

            Krungu suwarane bojone, Wiji sing lagek umek ngempakno geni melu noleh. Tomin kepek. Wiji sing eling omongane bojone wingi langsung nyocot.

            “Lapo koen? Kate njaluk opo koen?” takone nang anake.

            “Lapo, aku lho gak lapo-lapo. Kate salim nang pak’e iki,” omonge Tomin mbujuk.

            “Sopo wingi sing omong lek gak tau disangoni? Ben dino dikei mang ewu ki sik kurang ta?”

            Kadung kepek, konangan, akhire diterusno karo Tomin. Duit limang ewu lek ngewei mak’e ngge sangu dirasa Tomin sik kurang.

            “Limang ewu yo gak cukup mak. Aku lho wes stm,” omonge Tomin.

            “Wes stm wong gobloke pancet ae kok bangga. Wong ben unggah-unggahan mesti garai wong tuwek jantungan ngunu kok.”

            “Arek sd kae saiki sangune yo limang ewu mak, malah onok sing luwih,” Tomin sik alasan.

            “Yo lek pingin mbalik sd kono, enak tho cedek sekolahe.”

            Tomin mecucu. Mak’e lek dijak omong masalah ngene iki mesti angel, batine. Ning lek ora usaha Tomin yo ora bakal luwih apik nasibe. Karuane wis dicocoti mesisan ae pikire.

            “Arek sd kae mung ngge jajan tok ae sangune semunu mak, lha aku? Numpak angkot pindo, lha jajane?”

            “Angkotmu lak sewu mangatus, pindo telung ewu pas ngge pp. Iku lak wes siso rong ewu, ngge jajan lak kenek.”

            “Es sak gelas sewu mangatus, mang atuse gorengan siji. Iku ae wingi tak balekno separo gorengane, jare bakule saiki gorengane pitung atus seket.”

            “Yo nggowo banyu dewe. Ki yo onok tempe sisane mau bengi, garek ngangeti diluk ngko dikreseki.”

            “Malese mak, padakno arek tk ae.”

            Ndelok anak bojone Diman mung meneng ae. Wong lanang iku ora mbelani bojone yo ora ngewangi anake. Masalah duit wis dipasrahno nang bojone, sak lek ngatur.

            “Wes gek budal kono, telat mbuh koen,” omonge Wiji nang anake.

            “Gak tambahi temenan iki sangune?” takone Tomin ngarep.

            “Ngko lek koen wis pinter.”

            “Halah mak, selat regone gedang goreng limang ewu sijine.”

            “Yo wes mlaku kono lek sekolah cek duite angkot iso ngge njajan.”

            “Ho oh trus teko sekolahan garek turune, gempor.”

            “Kakean cangkem kok ancen arek iki, ndang budal kono lho,” omonge Wiji karo nyurung anake ngalih.

            Masio mangkel ning Tomin ora iso lapo-lapo. Mak’e ibarate raja nang omahe. Lek kadung bolong udele yo iso diploroti ning lek kumat medite yo ojo arep-arep. Mlaku nang ngarep dalan gedhe, lambene Tomin pancet mecucu. Atine lara mak’e ora gelem nambahi sangune. Ben dina nang sekolahan arek lanang iku kerep ngempat idu lek kanca-kancane njajan.

            Lagek mlaku karo ngomel nang njero ati mara-mara ono wong nyeluk jenenge. Mbareng didelok tibake tanggane rada adoh, Lik Nah.

            “Min, makmu onok?” takone.

            “Gak,” saure Tomin sak karepe.

            “Lah yok opo makmu iki, wingi aku wes sms tak kon ngenteni kok. Trus yok opo ngene ki, ngunu jare selak butuh,” omonge Lik Nah.

            Tomin meneng, durung ngerti maksude tanggane sing biasa dolan karo mak’e iku.

            “Makmu ki wes tak omongi wingi, isuk-isuk aku mruput. Jare kate tuku sandal nang jmp, ki duite wes tak gawakno malah lungo…”

            “Oh ho oh Lik, mak’e mau wes pesen nang aku, ngko lek Lik Nah moro tampanono ngunu…” omonge Tomin mbujuk.

             Tomin sing wis apal modele mak’e iso ngendus lek ono ambu-ambu duit antara mak’e karo Lik Nah saiki.

            “Ngunu ta? Kok gak ngomong sih makmu, padahal karepku mau yo pingin bareng sisan lek katene nang jmp.”

            “Kesusu mak’e Lik. Pak’e kan gak kerjo iki mau dadi kon ngeterno. Lek awan-awan pak’e gak gelem, panas.”

            “Woalah, yo wes lek ngunu tak titipno ae. Aku tak budal dewe be’e ketemu. Ngko tak smse wonge…”

            “Gak usah Lik, hpne pak’e matek. Mari kecemplung sumur.”

            “Lah pakmu ki kok sembrono sisan. Yo wes, nyoh, selak panas sisan aku yo males.”

            Lik Nah ngetokno duit limang puluhan ewu loro saka dompete. Wong wedok iku wis janji nang Wiji lek kate mbalekno duit sing disilih. Durung ngganti teka omahe Wiji kok ketemu anake, jebul dibujuki sisan. Mari nampani duit langkahe Tomin selot enteng nang sekolahan. Mak’e wis kebangeten. Arek gede, arek stm kaya dheweke kok sik dipadakno arek sd, kalah malahan. Jare ora duwe duit tibake kate tuku sandal.

            Nang sekolahan atine Tomin ora tenang. Uteke mikir kate diapakno duite. Emake iku ancen senengane ngutang-ngutangno duit ning yo kerep sambat ora duwe duit. Dipikir terus akhire Tomin nemu ide, duite mak’e kate ditukokno jajan karo kathok. Wingi kancane mari pamer jare ono kathok endek apik nang distro cedek sekolahane. Murah jare, mung pitung puluh ewu. Masio ngko diseneni misale dheweke iso alasan, mak’e mbujuki pak’e, muni ora duwe duit ning diutang-utangno, kate tuku sandal yoan.

            “Kathoke sopo iku?” takone Wiji ndelok anake sore-sore macak ganteng nggawe kathok anyar.

            “Kathokku no.”

            “Kapan lekku nukokno?”

            “Tuku dewe no. Wes stm kok, pinter.”

            Wiji mung nyawangi anake, mikir saka endi anake oleh duit. Ning mergo eling kate sms kancane, Lik Nah, wong wedok iku ora nerusno takonane. Diman sing kaet adus metu saka jeding karo katuken. Wong lanang iku mlebu kamar trus salin klambi. Lagek enak-enak ngetik sms nang hp, Wiji krungu suwara banter saka mburi omah.

            “Aduh mak, loro mak’e!”

            Krungu suwarane anake sing ora sebaene, Wiji mlayu nang mburi omah disusul bojone. Tomin sing lagek nang jeding sik bengak-bengok kelaran.

            “Lapo koen?” takone Wiji.

            “Aduh mak, manukku kecepit slerekan mak, loro mak!”

            Mesakno krungu anake sing saiki nangis-nangis, Wiji langsung mlebu nang njeding ndelok anake. Diman meneng ae nang pinggir sumur karo gedhek-gedhek.

            “Pak’e celukno pak mantri, kudu disunat maneh iki,” omonge Wiji.

            “Emoh mak, loro huhuhu isin huhu…”

            “Pilih loro opo isin?” takone Wiji.

            “Lo…isin huhuhu…kapok mak’e…huuhuhu..”

***

2 thoughts on “Kapok!

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s