Nulungi Rondo


            “Gak turu mak?”

            Wiji meneng. Wong wedok iku malah nyingkuri bojone. Diman sing wis apal polahe bojone ambekan dawa, siap-siap. Dienteni suwi sik ora ono reaksi, ora ono suwara. Wiji masio mung iso disawang gegere ning Diman ngerti lek bojone iku durung merem. Nang bayangane Diman, lambene bojone iku mesti mecucu. Ora salah. Ora let suwi sikile bojone iku mancal-mancal ora jelas.

            “Lapo sih?” takone Diman maneh.

            Sing ditakoni pancet ora semaur. Matane panas. Ora suwi trus mbrebes. Diman sing krungu suwara senguk-senguk langsung ngadep bojone. Dirangkul bojone saka mburi ning tangane langsung ditampek.

            “Turu nyobo kono! Aku pingin turu dewe!”

            Ora pingin ngembrah bengi-bengi Diman ngalah. Ditarik sarunge karo njupuk bantal siji trus krembuk-krembuk metu saka kamar. Ditinggal bojone ngaleh, Wiji sing mau ngongkon bojone metu selot banter lek nangis. Metune Diman saka kamar, manut ae, dianggep Wiji amarga wong lanang iku rumangsa salah, ngerti lek salah.

              Isuk, Tomin siap-siap kate budal sekolah. Arek lanang iku kaet ae adus. Wiji sing sewengi utuh nangis isuk iku durung lega. Atine selot-selot lara pas ndelok bojone biasa ae, kaya ora ono opo-opo. Bengi ora iso turu, tangi turu mecucu garai darah tinggine kumat, pingin ngamuk ae.

            “Mak, kunciku nang ndi?” takone Diman sing kate budal kerjo.

            “Karo kunci sing ben dino digawe ae mesti lali, lek karo wedokan gak tau lali,” saure sengak.

            Diman sing ora ngerti lek bojone sik nesu kaget krungu saurane Wiji. Wong lanang iku langsung mlongo. Sik mangkel, kadung wis metu akhire diterusno lek ngomel.

            Sik kaget, Diman meneng ae.

            “Jaremu biyen jangan kembalikan hatiku, taek! Lambemu kiwir-kiwir pak!”

            Wiji sing wis ora kuat ngempet akhire nangis. Tomin sing lagek nggawe seragam nang kamare krungu mak’e bengok-bengok karo nangis langsung metu.

            “Sampeyan wes lali pak, janjimu mung aku siji sing mbok tresnani. Janjimu mung aku wong wedok sing mbok pilih dadi mak’e anak-anakmu huhuhu…”

            “Mak, lapo?” takone Diman sik bingung.

            “Aku ngerti saiki aku wes ora ayu, ora enom maneh. Awakku yo wes sak mene gedene ning aku gak nyongko pak lek sampeyan tego karo aku. Sampeyan wes lali pak, sampeyan mendem, mendem wedokan!”

            “Malah ngludruk. Omong opo sih koen iki?”

            Diman selot bingung. Tomin sing rada sadar melu membik-membik ndelok mak’e nangis.

            “Aku ngerti pak, lek dibandingno Lastri aku iki ora onok apa-apane. Lastri sik enom, sik kinyis-kinyis, masio ta rondo…”

            Krungu ono jenenge tanggane disebut, Diman rada dong. Wingi wong lanang iku mbarengi tanggane iku sing lagek mlaku dewe mulih saka pasar. Masio durung jelas opo maksude bojone, paling ora saiki Diman wis duwe gambaran, bojone cemburu.

            “Aku gak onok opo-opo karo Lastri mak. Wingi iku mung mbarengi thok, sakno mlaku panas-panas. Nulungi tonggo mak…” omonge Diman.

            “Nulungi Rondo,” saute Wiji.

            “Nulungi tonggo sing kebeneran rondo. Mosok ngunu ae gak oleh? Lha awakmu opo gak tau digandeng wong liyo?” tambahe Diman.

            “Yo tau tapi aku kan gak rondo.”

            “Lha opo pingin dadi rondo?”

            “Sampeyan pingin aku dadi rondo. Ho oh?”

            Wiji bengok karo menteleng. Salah, pikire Diman. Tomin sing kaet mau ndelok karo membik-membik ndelok wong tuwane tukaran akhire ora kuat meneng.

            “Pak’e kebangeten,” omonge nang bapake.

            “Meneng, ojo melu-melu,” saure Diman.

             “Pantes ae pulsa piro-piro saiki entek. Wingi mari tak isi, tak gawe sediluk ae langsung entek. Tibake mbok entekno ngge telpon-telponan karo wedokanmu!”

            “Lah, aku lho gak tau telpon-telponan. Pulsane entek iku mergo koen sms-sms artis nang tipi kae,” saure Diman.

            “Gak, iku gratis,” Wiji ora gelem kalah.

            “Gratis ko ndi? Mben smse mlebu pulsane kesedot. Tipi dipercoyo.”

            Ngrasa kalah, Wiji sing sik mangkel ora trima.

            “Ojo golek alasan, pokoke sampeyan salah!”

            “Yo, salah sithik. Salah nulungi tonggo gak ngomong-ngomong bojoku.”

            “Rondo! Nulungi rondo!”

            Diman meneng. Lek ngeyel ngko bojone selot emosi. Bengak-bengok isuk-isuk yo mbrebeki tangga. Wiji sik membik-membik karo ngomel masio wis ora banter. Diman meneng, ora nyauri.

            “Pak, mak, lek ancen kate pisah yo wis. Aku manut keputusane pak’e karo mak’e lek ancen wes gak iso bareng-bareng maneh. Aku mung njaluk siji, tukokno montor cek enak lek nang pak’e opo mak’e…”

            “Sopo sing kate pisah? Meneng, ojo malah nambah-nambahi!” ganti Diman sing saiki mbengok krungu omongane anake.

            “Aku tak mati ae timbang dadi rondo!” bengoke Wiji.

            Krungu omongane anake, Wiji sing mau wis rada tenang maleh mangkel maneh. Wong wedok iku mlebu kamar trus njupuki klambine. Anake bener, mending pisah ae. Klambi nang lemarine dilebokno tas trus digowo metu.

            “Kate nang ndi mak?” takone Diman.

            “Minggat!” saure.

            “Jare pingin mati?” takone Tomin nggomblohi.

            “Menengo cangkemmu,” bengoke Diman nang anake.

            Mangkel, isin, Wiji ndang-ndang metu karo nggowo bangkelane. Atine lara. Diman mburu karo nyeluki bojone. Kaet teka pager omah, Wiji mandeg. Matane ora sengaja nyawang wong wedok sing liwat nang ngarep omahe.

            “Mbak Wij, kate nang ndi?” bengoke wong wedok enom nang duwur sepada motor.

            Wiji ora nyauri. Lambene mangap amba. Diman mandeg, ngadeg pas nang mburine. Wong lanang iku melu nyawang Lastri sing lagek dibonceng wong lanang.

            “Iku sopo?” takone Wiji nang bojone, lali lek nesu.

            “Yo iku calon bojone Lastri. Arek kampung sebelah,” saure Diman.

            “Wes kate rabi? Opo wes onok telung sasi?” takone Wiji maneh.

            “Yo mbuh, urusane dewe. Ayo mulih.”

            “Rondo sik oleh sesasi ae wes nggandeng lanangan, kate rabi maneh,” Wiji nggrundel dewe.

            “Wes, gak usah ngurusi wong liyo,” omonge Diman karo nuntun bojone mbalik nang omah.

            Tomin sing ngerti mak’e karo pak’e mbalik mung mlongo. Arek lanang sing ngadeg nang ngarep lawang iku nyawang pak’e karo mak’e. Pas wong tuwane wis nang ngarepe langsung ditakoni.

            “Gak sido pisah?”

            “Gak,” saure pak’e.

            “Tapi aku ditukokno montor ya?”

            “Ndasmu!” bengoke Narti bareng karo Diman.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s