Ancen Asu


 

 

 

            Kaet isuk Tarji mulek ae. Mulih saka pasar wong lanang sing dadi blantik wedhus iku ketok ora tenang. Diluk-diluk nyawang jam, banjur nginceng hp-ne.

            “Pak, meneng. Ojo umek ae koyok ngunu, mumet ndasku sing nontoki,” bengoke bojone sing jebule ngemati.

            “Lapo sih? Aku lho gak lapo-lapo,” saure Tarji.

            “Gak usah mbujuk. Awas lek ngko mendem, tak kunci omahe!”

            “Sopo sing katene mendem? Aku lho wes gak tau mendem maneh.”

            Endang neleh sisire. Wong wedok sing lagek nyemir rambute iku langsung nyawang bojone, ora, mentelengi.

            “Mbok pikir aku gak ngerti ta? Goblok ta? Koncomu lak teko sih, konco kesayanganmu, konco mendem!”

            Tarji ora iso selak. Wong sugih kaya Bambang ora akeh nang kampunge. Kanca cilik sing wis dadi kontraktor sukses nang Kalimantan iku kaet teka wingi, nyambangi mak’e. Isuk-isuk pas Tarji nang pasar dheweke disms, bengi iki dijak pesta nang omahe Bambang. Kanca-kanca liyane wis dikabari. Sakjoke urip nang Kalimantan, Bambang jarang mulih, durung mesti setaun pisan. Ning ben mulih siji sing ora tau dilalekno, kumpul kanca-kanca banjur omben bareng. Itung-itung nostalgia jaman lawas.

            “Wes gak sabar pingin nyusul koncomu kae? Pingin stroke koyok Paeran kae? Wes tuwek pak, ndang tobat. Urutanmu ki yok wes gak suwe maneh, ngaji-ngaji kono ojo omben ae sing dibelani.”

            Tarji meneng. Ndelok bojone meneng, Endang selot semangat lek ngomel.

            “Wes gak doyan jangan terong maneh ta? Bosen dikeloni wedokan lemu koyok aku? Pingin dikeloni cacing-cacing kae? Yo kono ndang budal.”

            “Opo sih mak?”

            Kesel lek ngomel, Endang nerusno lek nyemir rambut. Tarji sing masio wis diomeli ngalor-ngidul karo bojone, masio yo ngrasa lek omongane bojone ono bener pancet bingung. Wis telung taun Bambang ora mulih nang kampung. Ketemu thok yo ora mungkin. Mesti dheweke bakal diisin-isin kanca-kancane lek ora melu ngombe.

            Jam pitu bengi Tarji selot bingung kaya pitik sing memeti, bingung kate ngendok. Hp-ne wis bola-bali muni, yo telpon yo sms. Kanca-kancane ngabari lek wis padha kumpul. Wis dipikir, Tarji kudu tetep budal. Ngombe segelas rong gelas lak ora bakal konangan bojone, ora nganti mendem.

            “Ketoke selot penak uripmu saiki, Ji?” takone Bambang.

            “Enak opo, sik ngene-ngene ae.”

            “Ngene-ngene yok opo wong ketok selot subur ngunu. Opo mergo duwe simpenan nyar saiki?”

            “Hahahahaaaha,” kanca-kancane ngguyu bareng.

            “Simpenan opo? Siji ae gak entek,” saure Tarji.

            “Opo yo sik enak? Gak ngloloti ta ngunu iku? Hahahaha.”

            Ora nyauri, Tarji nambah sak gelas maneh, langsung dientekno.

            “Lha Endang kae galake ngalah-ngalahi garangan. Ben dino lek ngomel wong sak kampung krungu. Mosok wani Tarji iki karo bojone,” saute Nono.

            “Masio biyen ayu lek tuwek yo podo ae tibake, pancet alot. Hahahahaha!”

            “Alot malah gak ndang entek,” saure Tarji rada mangkel.

            “Hehehehehe, guyon Ji. Aku ki masio wedokan nang kono kene nduwe ning mung siji sing tak gandoli, mamahe arek-arek. Liyane kei duit, sesasi pisan diparani yo wis trimo. Mung ngge selingan, tombo stres mikir kerjoan.”

            Jam sanga luwih, wong-wong lanang sing umure patang puluh luwih iku sik ae guyon karo ngubengno gelas. Wis pirang botol ae sing dibuka. Nang omah Endang sing ngerti bojone mesti nang omahe Bambang mung meneng ae. Anak-anake wis dikongkon turu kabeh. Wis tuwek, dikandani nganti lambene busanen yo ora bakal ngefek lek ora saka atine dhewe. Masio mangkel, Endang akhire milih turu.

            “Gak popo ta? Iso mulih dewe?”

            “Iso, aku lho wes apal dalan nang kampung iki.”

            “Yo wes, ati-ati.”

            Jam sewelas pesta nang omahe Bambang kaet buyar. Tarji sing mau ora nggowo sepeda motor ora gelem diterno mulih. Wong lanang iku rumangsa sik kuat, pilih mlaku. Karo sempoyongan wong lanang iku nggeret sikile sing wis ora iso jejeg amarga wis ilang kesadarane.

            Masio kecontalan wong lanang iku sik iso mlaku. Diluk-diluk awake limbung, nubruki uwit nang pinggir dalan, tiang listrik. Omahe wis cedek, kurang pirang omah thok pas moro-moro ono sing jenggong. Kaget, mangkel dijenggongi, Tarji langsung ngomel.

            “Meneng, ojo rame ae!”

Jenenge asu lek ono wong asing sing ora biasa diambu lak langsung jenggong. Asune tanggane Tarji yo ngunu, ora mari lek jenggong malah selot banter.

“Cuk, koen gak ngerti sopo aku?”

Selot diomeli, selot banter maneh asune lek jenggong.

“Aku ki Tarji, tonggomu! Asu!”

Krungu rame-rame asu jenggong, Endang sing tibake ora iso turu langsung tangi banjur buka lawang. Wis apal polahe bojone lek mendem, Endang marani omahe tanggane sing asune rame jenggong.

“Karo tonggone dewe ora apal, deloken sing temenan. Aku Tarji, blantik wedhus sing paling terkenal nang kampung iki. Pak’e Edi! Sik gak ngerti koen? Ancen asu!”

Ndelok bojone ngomeli asu, Endang gedhek-gedhek karo marani bojone.

“Oalah pak…pak, lha kok asu mbok seneni iku lapo? Lak koyok wong edan sampeyan.”

“Ki lho mak, wes tonggoan pirang taun mosok aku sik dijenggongi ae. Gak kenal karo Tarji, blantik wedhus, opo gak kurang ajar ngunu iku?”

“Wes pak, ojo diterusno. Lek anakmu ngerti lak isin ngko areke. Ayo mulih.”

Endang nuntun bojone sing mendem iku balik mulih. Masio sik ngomel-ngomel nang asune tanggane, Tarji manut dipapah bojone.

“Kurang ajar mak, nemen ancene asu iki. Kene ki lak wes tonggoan suwi, sik ae dijenggongi…”

“Ho oh, ancen asu!” saure Endang karo terus nyeret bojone mulih.

***

One thought on “Ancen Asu

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s