Layang Suwara


 

 

            “Dek, aku kangen.”

            “Sabar mas, eling cita-citane awake dhewe.”

            “Ho oh, aku gak lali. Ning ngempet kangen ngene ki yo gak enak, lara njaba njero.”

            “Mas…”

            “Dek…aku kangen ngelus pipimu, kangen lambemu sing tukang mecucu, kangen kabrukanmu…”

            “Wis mas, ojo diterusno…”

            “Lapo? Koen gak kangen aku? Koen wes gak sayang aku?”

            “Gak mas. Aku yo kangen sisan, sayang sampeyan sisan ning lek mbok terusno ngko aku gak kuat…”

            “Dek….”

            “Sik mas, juraganku nyeluk. Tak pateni dhisik yo?”

            “Emoh, diluk maneh.”

            “Gak iso mas, ngko malah aku diseneni. Sabar sik, ngko bengi tak telpon maneh, yo?”

            Parti mateni telpone banjur cepet-cepet mlayu marani juragane sing nyeluk. Nang sebrang, Supani sing sik kangen bojone mung iso misuh-misuh. Wis nem sasi bojone budal dadi TKW nang Malaysia. Urip nang kampung selot abot, opo maneh lek ora duwe modal. Wong lanang sing biyen dodol klambi nang pasar iku kepekso nglelakno bojone nang luar negri amarga kiose kebakaran. Anak loro sing wes SD karo SMP butuh biaya akeh. Pingine dheweke sing lunga ning wong lanang sak umurane iku angel lek kate nang luar negeri, opo maneh ora duwe ketrampilan liyane dagang.

            “Gusti, abotmen cobamu iki…” omonge Supani lirih.

            Saben dina sms-an, telpon masio ora ben dina seminggu pisan mesti ning ora garai kangene ilang malah selot ndadi. Anak-anake sing wis seneng dolan dhewe ora tau nakokno mak’e. Anak-anake wis diwanti-wanti bojone ora oleh nakal, kudu manut pak’e, kudu sregep sinau. Arek cilik masio krasa kelangan ning ngerti perjuangan wong tuwane. Lha sing gedhe bukane ora ngerti ning ono sing ora gelem ngerti.

            Sore mancing nang pinggir kali cek ora kepikiran bojone ae. Isuk, awan nang tegalan, macul-macul karo tandur-tandur sak onoke. Kate dodolan maneh sing durung wani. Duwit lek ngirimi bojone sasi wingi dinggo mbayar kebutuhan sekolah anak-anake. Iso tahan pirang jam, ning lek wis bengi rasa kangene mbalik maneh. Anak-anake wis turu. Omah wis sepi ning matane Supani ora gelem ndang merem.

            Dek….

            SMS dikirim wis setengah jam luwih ning durung dibalesi. Bojone lek kerjo ancen nganti bengi, kadang ora ngerti wayah. Kesel ngenteni balesan, Supani nyetel MP3 nang henpone.

            Wis nem sasi lagu-lagu iku ae sing disetel. Lagu sing menurut dheweke pas nggambarno opo sing lagek dirasakno atine.

Layangmu, lewat sms hp-mu…
Raiso, ngobati kangenku…
Sworomu, lewat telepon gratisan…
Raiso, ngalai yen sesandhingan…

 

            Supani merem. Lambene lirih nirukno penyanyi koplo sing suwarane saiki ngebeki kamare. Bayange Supani mulai mblayang teka ngendi-ngendi. Eling jaman bojone sik nang omah. Lek dipikir bojone yo ora ayu-ayu nemen, biasa malah. Awake rada gedhe alias lemu. Kulite coklat khas wong jowo. Ning wong wedok sing wis ngewei anak loro iku ancen ora ono gantine. Pijetane ngalah-ngalahi ahli tukang pijet, enak tur mantep. Masakane masio ora enak-enak nemen ning pas nang ilat. Sing ngunu iku Supani ora tau ngeluh. Masio kadang mangkel lek bojone kumat ngomele ning lek adoh ngene iki lagek krasa ono sing ilang.

            “Dek Parti….” celuke Supani lirih.

            Kontrak rong taun sik oleh seprapate. Sik suwi. Saiki iso ngempet, sesuk-sesuk yok opo. Dieling-eling perjuangan bojone nang luar negri, dieling-eling cita-citane cek iso oleh modal nggo mbuka kios anyar maneh. Lek jare kancane, sing tau ditinggal bojone dadi TKW lek ora kuat yo nang pasar sapi ae. Pisan-pisan ora popo sing penting ora nggo langganan, kebiasaan tur ojo nganti kecantol.

            Wis akeh crita nang kampunge, ditinggal bojone lunga golek duwit lha kok sing lanang budal golek wedokan liya. Akhire rumah tanggane bubrah. Cita-citane ambyar. Sing wedok ora gelem mbalik nang omah. Sing lanang mung wara-wiri kaya wong ora nggenah. Biasa ngandalno kiriman bojone langsung disetop, ora oleh opo-opo. Durung anak-anake sing malih ora jelas nasibe.

            “Gusti…”

            Supani ngelus dadane dhewe.

            Mas, sepurane mau sik nurokno anake juragan.

            Sing dienteni akhire teka, balesan sms saka bojone. Supani nyandak henpone banjur ngetik.

            Anake juragan opo jurangane? Balese.

            Anake juragan mas, sumpah! Sampeyan mosok gak percoyo aku. Aku nang kene kerjo temenan mas, kerjo apik nggo sampeyan, nggo arek-arek. Ojo mikir sing gak-gak.

            Yo sopo ngerti mari nurokno anake, pak’e njaluk sisan.

            Ojo-ojo malah sampeyan sing wis golek arek wedok liyo. Ho oh mas?

            Maca balesane bojone matane Supani langsung amba. Abote adohan yo ngene iki salah sijine, kangen sing luwih iso garai curiga, cemburu. Supani mbenakno bantale. Bojone mesti wis kesel awake, yahmene sik durung mari lek kerjo, durung leren. Supani ambekan dawa. Alon diketik balesane.

            Gak dek. Aku percoyo koen, koen yo kudu percoyo aku. Sepurane aku ngomong ngunu mau, aku mung lagi kangen koen, kangen nemen.

            Nang sebrang Parti maca balesan sms bojone karo mbrebes. Nem sasi ora ketemu, mung sms karo telpon garai wong wedok iku kadang nangis lek bengi. Ora suwi-suwi polahe mesti keturon mergo awak wis kesel kerjo sedinaan. Lek mung nuruti ati, kangen, pingine yo mulih, ngramut anak bojo nang omah ning iku brarti cita-citane nggo golek modal, mbalikno usahane bojone ora kasil.

            Iyo mas, gak popo. Aku yo ngerti. Aku percoyo sampeyan. Aku sayang sampeyan mas, sayang arek-arek. Sing sabar yo, mugo-mugo kabeh lancar cek awake dewe iso ndang kumpul maneh.

            Supani nyawang pyan kamare. Dikuatno atine sing sempet goyah. Bojone wis mbelani ngalah ngewangi golek duit sing kudune kewajibane. Supani ora kaya kancane. Dheweke lanang, lanang pantes dianggep lanang lek iso dicekel omongane.

            “Gusti, paringi kulo sabun…” omonge rada banter karo merem.

***

4 thoughts on “Layang Suwara

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s