Tawuran Yeah!


            “Muayak kok ancen arek-arek sebelah iku! Mangkel aku.”

            “Lapo boi? Diapakno koen?”

            “Aku mau lak muleh karo Tomin, pas nang terminal ngenteni angkot dipliliki pak! Gak ngejak gelut ta ngunu iku?”

            “Gak langsung mbok garap ae mau?”

            “Lha aku mung loroan, kono arek akeh.”

            “Lapo gak sms aku? Aku lho mau nyangkruk nang warung sebelah terminal karo arek-arek.”

            “Yo gak sempat. Ki maneh, Tomin, ngejak ndang muleh.”

            Edi karo Budi langsung barengan nyawang Tomin. Sing disawang mung cengengesan.

            “Lha selak udan, males aku lek teles kabeh. Sesuk lho seragame sik digawe,” omonge Tomin karo garuk-garuk gundule.

            “Ndasmu iku, bonek kok wedi udan!” omonge Edi.

            “Yo gak ngunu, aku gak onok seragam liyo maneh polahe. Yo sesuk tak sms lek ngunu.”

            “Gak usah, sesuk langsung diparani ae areke. Koen sik eling kan raine, Bud?”

            “Eling lah, rai njancuki ngunu. Yo arek-arek sing biasane iku lho, sekolah sebelah. Langsung ngumpulno arek-arek ae awake dewe sesuk, kesuwen.”

            Edi, Budi karo Tomin, arek STM sing kaet mlebu iku lagek kumpul nang omahe Edi. Sore-sore ngene arek sing sik tonggoan iku leyeh-leyeh nang duwur lincak ngisor wit jambu ngarep omah. Wis dudu barang anyar maneh lek sekolah arek telu iku karo sekolah sebelah ora akur. Sekolah sing padha-padha nyasat lanangan kabeh isine iku kerep bentrok, tawur. Jalarane sepele ae, sawang-sawangan sithik ae iso dadi perkara. Jare lek nyawang ngunu iku ngejak gelut.

            “Yo wes ngunu ae, dadi! Ojo lali sesuk gespermu,” omonge Edi ngelingno.

            “Ka’anku wes gak onok, diguwak karo makku,” saure Tomin.

            “Goblok koen arek iki, mbok yo disinggahno, didelikno sing tepak ngunu lho. Ka’anku onok, wingi pas razia tak slametno nang toilet sekolah.”

            “Yo koen goleko opo ngunu Min, ojo lawaran. Arek-arek sebelah iku gawanane mesti lengkap.”

            “Nggowo opo aku? Lek konangan makku iso ajur aku ngko,” omonge Tomin sik bingung.

            “Kaet mau mak’e ae sing diomongno. Koen iki lanang gak sih? Wedi ta karo makmu?” takone Edi.

            Durung sempat Tomin nyauri, moro-moro ono suwara banter nyeluk jenenge. Bareng disawang tibake mak’e. Wong wedok iku mlaku karo bengak-bengok.

            “Yahmene sik nyangkruk ae. Nyapu-nyapu kono!” bengoke nang anake.

            Timbang mak’e selot banter lek ngomel, selot ngisin-ngisini tur yo wedi sisan, Tomin ndang ngadeg banjur pamit nang kancane loro iku. Sak durunge ngaleh dheweke ngomong nang Edi.

            “Jelas wedi lah, wong koyok ngunu iku modele,” omonge lirih karo ngaleh.

            “Sesuk ojo lali,” omonge Budi ngelengno.

            Jam terakhir kosong, ketepakan. Crita sing wingi mung diomongno arek telu saiki wis dibahas sak kelas. Ketepakan kok jam pelajaran kosong sisan, akhire arek sak kelas niat ngruduk arek-arek sebelah wingi bareng. Cukup sak kelas ae, wis mayan akeh. Wong sing kate diajar yo mung arek papat ae. Ora akeh. Ndene ngko rame pikir keri. Cek ora ono sing curiga arek-arek sak kelas iku nyebar. Saiki arek-arek sekolah lek ngumpul rada akeh ngunu mesti disawangi pulisi, biasa ora lapo-lapo yo dikongkon buyar.

            Edi karo Budi wis siap karo arek telu kancane sak kelas nang terminal. Tomin sing ndredeg, pamit nang WC dhisik. Arek sing ora tau melu tawuran iku wedi karo emake. Ora tega sisan lek kon gelut, ngajar uwong.

            “Nang ndi Tomin iki cek suwene?” takone Edi.

            “Jare mau mules, nang WC paling.”

            “Uancik, onok-onok ae arek iku! Ndi ki areke sing mbok critakno Bud, gurung ketok ta?”

            “Gurung, ki kan gurung wayahe muleh sekolah. Paling yo diluk engkas sih.”

            Edi, Budi karo arek telu kancane dudu ora ndredeg. Masio wis tau gelut ning lek tawur yo durung pengalaman. Jaman SMP ora tau tawur, paling gelutan biasa. Saiki wes STM, sekolahe terkenal tukang tawur sisan dadi yo kudu biasa, kudu wani.

            “Eh iku…iku areke!” bengoke Budi.

            “Ayo, ndang diparani ae selak ilang.”

            “Sik, kok akeh areke. Onok piro iku?”

            Arek sing dienteni wis mecungul nang terminal ning ora kaya wingi sing mung arek papat, saiki arek iku karo kancane akeh. Diitung-itung ono sepuluh luwih.

            “Akehmen, ndi ki Tomin?” takone Budi.

            “Arek-arek liyane wes mbok kandani ta?” takone Edi nang salah siji kancane.

            “Uwes. Jare mau diuyak pulisi. Kon muleh gak oleh nyangkruk nang warung.”

            “Brarti saiki wes muleh kabeh?”

            “Ho oh, lha iki lho smse.”

            Bingung jumlahe ora imbang, ngenteni Tomin yo ora njebus-njebus, akhire Edi karo kanca-kancane pilih ngaleh karo misuh-misuh.

            “Jancuk ancene Tomin. Nang ndi arek iku? Gak onok ngunu nang WC mau?” takone Edi.

            “Mbuh, ki tak sms gak mbales,” saure Budi.

            Ora nemu kancane, akhire arek-arek lanang iku mulih.

            “Koen arek 15 ta?”

            “Ho oh, kok ngerti?” takone Tomin ganti.

            “Lha iku bet-mu.”

            “Oh iyo sih hehehe.”

            “Biasa numpak angkot iki ta?”

            “Ho oh.”

            Tomin sing mau mules nang WC pas metu kate marani kancane ora sengojo ndelok arek ayu sing kate mlebu angkot. Wedi tawuran, wedi lek seneni mak’e ora ndang mulih, Tomin akhire melu mlebu nang angkot sing ono arek ayune iku mau. Mayan iso lungguh sebelahan, masio ta asline dudu angkot iku sing biasane ditumpaki Tomin lek budal mulih sekolah.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s