Randa Sebelah Omah


ilustrasi dijupuk saka ikadanewsonline.com

“Umpomo sliramu sekar melati, aku kumbang nyidam sari…

Umpomo sliramu margi wong manis, aku kang bakal ngliwati…”

 

Kiman, wong lanang umur patang puluh anyaran sing kaet dadi duda rong taun iku, ketok bungah. Raine sing ireng njrungus amarga kringeten mari macul ora ngurangi aura seneng nang njero atine. Untune sing kuning mergo kakean ngrokok pating cemlorot ben dheweke mesem. Nang mburi omah, ngisor wit pelem, mangkring nang duwur lincak karo kipas-kipas banjur nyanyi-nyanyi ngene iki rasane kaya suwarga. Opo maneh ono wong ayu sing terus nggudo pikiran, munyer-munyer nang utek.

Tresna, wuyung, ora peduli umur. Kiman sing wis ora enom maneh jebule yo ora bedo karo arek sekolahan lek pas ngene iki. Wis seminggu luwih dheweke ngrasakno ono sing liya nang njero atine saben nyawang Rusmini, tanggane. Sapa sing ora kenal Rusmini? Wong wedok manis ginuk-ginuk sing durung ono rong minggu mulih saka Hongkong iku ketok selot ayu. Kulite sing biyen ireng saiki resik masio yo ora malih putih. Randa pegat iku mbalik nang kampunge amarga wis entek kontrak kerjone.

Kaet cilik kelara-lara. Rabi oleh setaun ditinggal minggat bojone sing kecantol wedokan liya garai wong wedok iku nekad dadi TKW. Setaun wingi bojone sing wis ora genah panggone moro-moro ngirim surat pegat nang omah. Rusmini sing lara atine selot jejeg tekade. Rong taun dadi babu nang negarane wong dibelani. Ben sasi ora tau lali ngirim duit nggo emak bapake. Omahe sing wis doyong dibenakno. Pak’e ditukokno sapi karo wedhus. Pingine ati ora mulih ning emake sing mung duwe anak siji, dheweke, ora kuat ngempet kangen. Anak wedok siji kok kesio-sio, pikire mak’e. Duwit piro ae digoleki ora bakal ono enteke, ngunu pesene mak’e sing akhire garai wong wedok iku mulih.

            “Wong ayu, gelemo dadi bojoku…” Kiman ngomong dhewe karo ngguyu-ngguyu.

            Ora marem mung mbayangno rupane Rusmini, Kiman nyandak hp-ne. HP merek cino sing ono tipine iku langsung diutek-utek.

            Duh wong ayu, opo sliramu ora kroso. Solah bawamu, tak gatekke sabendino…

 

            Kiman ng-update statuse nang Facebook njupuk sak baris lirik saka lagu jawa sing dirasa pas karo isi atine saiki. Ora let suwi wong lanang iku mesem-mesem dhewe. Manut critane, dheweke saben dina kesel ngurus omah karo ibuke majikane sing wis jompo, sing rewele ora ketulungan.

            Rong minggu nang omah akeh crita digowo Rusmini. Ben tanggane teka mesti dicepaki jajan banjur dheweke ditanggap, ditakoni pengalamane nang luar negeri. Manut critane, dheweke saben dina kesel ngurus omah karo ibuke majikane sing wis jompo, sing rewele ora ketulungan.

Kiman sing omahe mung kacek rong omah kerep mampir, ngretakno tanggane sing manis iku. Awale yo ora dirasa polahe Kiman yo ora pede. Masio randa, Rusmini sik enom, sugih sisan saiki. Kiman ngeling-eling awake sing mung macul penggaweane, duwe anak lanang siji sing wis SMP, masio ta dheweke yo ora iso diomong wong susah wong sawahe amba alias ora kere-kere nemen.

            “Dhewekan dek?”

            “Ho oh mas, lha karo sopo maneh.”

 

Obrolan sing ora tau ganti-ganti ben Kiman ketemu Rusmini lek bengi mubeng-mubeng nang uteke, garai dudo iku mesem-mesem dhewe.

“Dek Mini…”

Diempet-empet, mung nyolong-nyolong lek nyawang karo golek-golek kesempatan cek iso nyopo, ngobrol garai atine wong lanang iku kadang nelangsa. Lek seneng ae kudu diempet trus opo gunane dikei ati. Jare tresna iku picek, sak karepe dhewe tekane, ora iso dinalar kok seneng ae kudu diempet, ditepak-tepakno? Rong taun ditinggal mati bojone, Kiman nyasat ora tau cedek wedok liya. Sik Rusmini sing iso nangekno atine sing suwi beku.

            “Duh wong manis, kudu yok opo aku saiki?”

            Awan bengi mung nglamun. Mesam-mesem dhewe kaya wong pedot suwi-suwi yo ora betah. Akhire wis dipikir mateng-mateng, Kiman kate omong nang pujaan atine iku lek dheweke duwe rasa. Ora bakal mati ae, batine. Justru lek ora diomongno iso-iso dheweke mati penasaran, pikire. Bengi sik jam songoan, ning kampunge wis sepi. Anake lanang wis mlungker, turu. Kiman sing sik durung iso turu mlaku-mlaku nang bale-bale omahe.

            “Wong ayu, enteni aku…” omonge dhewe.

            Facebook-e dibuka. Mocone komen-komen nang status sing di-update sak durunge. Kabeh melu nyemangati, masio ora ngerti sopo wong wedok sing dikarepi. Anake butuh emak, luwih maneh dheweke butuh kanca. Ben bengi ngeloni guling, paling banter mung iso diileri. Dihewek-hewek yok opo yo ora tau mbales, mung manut ae. Kiman pingin kanca sing iso mbales lek dijiwit. Pingin nyiwit lambene Rusmini sing kadang mecucu lek digudani. Ora kuat ngempet gemes, ngenteni isuk, wong lanang iku akhire metu. Lawange ditutup alon cek anake ora tangi. Sarunge dibrukutno, ngurangi ademe howo. Krembuk-krembuk dheweke mlaku nyedeki omahe Rusmini.

            “Yahmene wes turu gurung yo areke?” takone nang awake dhewe.

            Kiman sik kaet kate mlebu pekarangane Rusmini pas moro-moro krungu suwara saka samping omahe wong wedok sing digandrungi iku. Kampunge sing masio wis ono listrik ning lek bengi ngene pancet ae peteng. Lampu limang watt nang empere Rusmini ora iso ngalahi petenge dunyo karo wit-witan sing sik akeh, ketel. Kiman meneng, nepakno kupinge.

            “Ati-ati mas.”

            Jarak Kiman karo kamare Rusmini ora ngganti limang meter, masio ora patio jelas dheweke sik iso nangkep suwara saka lambene Rusmini.

            “Iyo dek, sesuk aku moro maneh.”

            Dengkule Kiman langsung lemes. Nang ngarep matane wong wedok sing diseneni ngambung pipine wong lanang liya sing kaet metu saka kamare. Kiman terus ngematno lanangan sing mlompat saka cendelone Rusmini iku. Raine ora patio jelas polahe dikrukupi sarung. Mari clingak-clinguk sediluk, Rusmini langsung nutup cendelo kamare. Garek Kiman sing sik njegegeg nang nggone lek ngadeg.

            “Gusti, paringi kulo potas!” omonge Kiman karo krembuk-krembuk mulih.

***

2 thoughts on “Randa Sebelah Omah

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s