Uncategorized

Jor-joran


 Gendut lagi dolenan karo koncone, Saipul. Awale biasa, montor-montoran macak dadi sopir sing lagi kebut-kebutan nang dalan mbuh mergo wes bosen opo yok opo suwi-suwi arek loro iku kok eyel-eyelan.

            Saipul         : Koen lho kalah, gak oleh ngunu iku.

            Gendut       : Gurung, wong pinise lho guduk iku, sik adoh.

            Saipul          : Gak, kunu iku. Mau lho wes tak garis.

            Gendut       : Kandani guduk, iku lho sing wingi.

 Mak’e Gendut sing lagi senam krungu anake udur-uduran karo Saipul dijarno ae. Wong wedok sing gak mung ayu tapi semok iku sik umek nirukno instruktur senam nang tipi.

            Saipul              : Ojo nakalan koen, tak omongno ayahku ngko.

            Gendut            : Omongno, aku lho gak wedi.

            Saipul              : Ayahku pulisi, duwe pistol!

            Gendut           : Pakku tukang reparasi, duwe solder!

          Saipul             : Yo kalah jelase karo ayahku. Bapakmu sik lagek mlaku wes ditembak karo ayahku. Dor!

         Gendut           : Gak iso, pistole ayahmu lho wes disolder karo pakku dadi kelet nang kathoke, gak iso dijupuk.

        Saipul          : Bundaku guru, koen ngko lek sekolah cek dijewer karo bundaku.

Gendut          : Makku…makku tukang senam, awake kuat. Bundamu ditendang langsung semaput. Deloken kae lek gak percoyo, pakku ae wedi karo makku.

Saipul              : *Meneng, nginguk mak’e Gendut soko lawang ngarep sediluk* Yo wes.

Gendut            : *Mesem, menang* Makku kok dilawan.

Masio ta kerep gelutan Gendut karo Saipul pancet koncoan sampek gedhe. Pancet, arek loro iku senengane udur-uduran, umuk perkoro opo ae. Lek gak jor-joran perkoro pinter yo perkoro ganteng. Onok ae lah pokoke. Koyok sore iki pas Gendut karo Saipul lagi cangkruk nang pos kampling mari bal-balan nang lapangan. Gendut karo Saipul sing masio wes gedhe, kaet lulus SMA sik seneng nggowo-nggowo wong tuone lek lagi udur-uduran.

Saipul              : Ayahku lho wingi mari melu komunitas moge. Suk lek aku mlebu perguruan tinggi negri aku kate ditukokno montor sisan.

Gendut            : Preketek. Ditukokno truk cek iso ngamoti boto kae lho.

Saipul              : Delok ae. Emange pakmu…

Gendut            :           Lapo pakku? *kate ngamuk*

Saipul           : *Rodok wedi* Pakmu gak gaul, gak duwe komunitas. Masio wes tuwek ki yo perlu kumpul-kumpul ngunu iku, cek gak stroke.

Gendut            : Jare sopo, pakku lho wong kretek.

Saipul              : Komunitas kretek?

Gendut           : *Meneng*

Saipul              : Sangar pakmu!

Gendut           : Guduk. Wong Kretek, mBantul… *kalem*

11 thoughts on “Jor-joran

Leave a comment