Beni Setruk


Sakjoke sepedae anyar, Ndemin 2 sing biasane males tangi saiki rodok sregep. Koyok isuk iki mau. Gak perlu ditangekno mak’e utowo mas’e, Ndemin 2 tangi dewe. Arek cilik iku budal nang jeding, adus trus ganti sragam. Sarapan sing wes disiapno mak’e langsung diemplok, dientekno. Susune sing biyen diombe soko botol, sakjoke sekolah diadahno termos cilik model robot trus digantungno nang gulune.

Ndemin 2 sing lek numpak sepeda senengane mbalap, cek aman ditukokno helm cilik. De’e yo nambahi perlengkapan nyepedane karo kocomoto plastik ireng, dolenane. Gayane gak kalah karo pembalap-pembalap nang tipi. Wes rumongso beres, arek cilik iku nelehno tas sekolahe nang bak sepedae.

“Mak, aku budal!” bengoke karo masang kocomotone trus mancal sepeda.

“Yo, ati-ati,” saure mak’e.

Nang sekolahan arek-arek wes rame. Ndemin 2 markir sepedae nang ngarep kelas trus nglebokno tas’e. Pelajaran durung dimulai, Ndemin 2 akhire dolenan karo konco-koncone. Onok sing prosotan, jungkat-jungkit, onok sing mung playon gak jelas.

Pas pelajaran,

“Mas Ndemin?” celuke Bu Guru.

“Saya, Bu Guru,” saure karo ngacung.

“Tolong itu sepe…truknya…” Bu Guru bingung kate nyeluk opo sepedae Ndemin 2 sing modele rodok aneh iku.

“Oh, Beni ya, Bu Guru,” saute Ndemin 2.

“Beni?” Bu Guru bingung.

“Iya, namanya Beni Setruk, Bu. Beni si sepeda truk,” teruse Ndemin 2.

“Oh, punya nama ya? Iya, tolong Beni dipindah ya. Parkirnya jangan pas di depan pintu gitu, kasian temennya yang mau masuk kelas.”

“Siap, Bu Guru,” saure Ndemin 2 trus mlaku metu.

Mari mbenakno parkir sepedae, Ndemin 2 mlebu maneh trus nglanjutno pelajaran. Nang omah, Narti sing sik eling omongane mamahe wingi ketok mecucu. Ndemin 3 wes turu maneh. Wong wedok iku lagi umbah-umbah nang pinggir sumur. Paijo sing ndelok bojone mecucu nyedeki.

“Mak, isuk-isuk kok wes mecucu?” takone.

“Bahno.”

“Lah, ditakoni kok bahno. Lapo?” takone Paijo maneh.

“Gak lapo-lapo.”

Paijo njupuk dingklik trus lungguh sandinge bojone. Tangane mijeti boyoke bojone sing umek karo kumbahan.

“Gak kroso yo, mak, koyoke sik wingi ae awake dewe gandengan tangan nang bonbin, eh saiki kok wes kate papat anake dewe,” omonge Paijo kalem.

Narti meneng.

“Mak, lek sak umpamane wektu iso dibalekno maneh, koen jaluk opo?” takone Paijo.

“Akeh,” saure Narti.

“Akeh? Opo ae?”

“Sing pasti aku emoh mbok jak pacaran nang bonbin,” saure Narti.

“Loh, kok emoh, wong biyen koen kok sing mesti njaluk dijak nang bonbin. Lagian opo’o, wong yo romantis ngunu lho. Eling gak raimu abang ireng pas tak cekel tanganmu, isin disawang bedes,” omong Paijo karo mesem, eling jaman biyen.

“Yo delok ae, goro-goro iku anakmu koyok bedes kabeh.”

“Bedes yok opo, wong ganteng-ganteng ngunu.”

“Ganteng tapi polahe iku, gak iso anteng.”

“Yo malah sehat ngunu iku. Lha opo koen seneng lek anakmu meneng ae? Meneng trus moro-moro ngiseng gak omong?”

“Iku lak sampeyan, cilikanmu ngunu mesti,” saure Narti.

“Woo, sing elek-elek mesti dikekno aku.”

Nang sekolahane Ndemin 2,

“Bu Guru!” bengoke Ndemin 2 karo ngacung.

“Iya, Mas Ndemin,” saure Bu Guru.

“Saya mau ngiseng!” bengoke maneh.

“Oh, iya. Pingin ke kamar mandi ya, buang air besar? Iya, boleh.”

Nang omah maneh,

“Lek aku mung siji sing pingin tak ganti, mak. Aku pingin cepet-cepet sunat cek iso ndang rabi karo awakmu.”

“Yo sampeyan iku sing kebangeten. Sunat ae nunggu lulus eSTeeM, gak isin karo mantrine.”

“He…he. Koen eling gak, mak, biyen pas awake dewe pacaran, nonton pengajiane Cak Nun?”

Narti meneng, Paijo nerusno lek omong.

“Nang omah aku wes niat kate ngambung pipimu. Kaet sore aku sikatan, klambiku tak cepakno sing paling sip. Eh malah gak sido, gak enak karo Cak Nun.”

“Mosyok?” takone Narti karo mesem, ngempet ngguyu.

“Ho oh. Tanganku wes gatel kate nyekel tanganmu tapi gak wani. Yo salahe dewe sih, pacaran kok ngrungokno pengajian. Pacaran yo nang Kenjeran opo nang bonbin ae kudune.”

“He…he…he,” Narti ngguyu.

“Lek tak pikir-pikir awake dewe ki koyok Cak Nun karo Mbak Novia yo mak?”

“Apane? Lek aku koyok Novia Kolopaking yo memper, mirip ancene, lha lek sampeyan? Apane sing koyok Cak Nun?”

“Yo karismane no hehehe. Yo paling gak podo gondronge.”

Narti karo Paijo sik ae guyonan nang pinggir sumur. Wong lanang wedok iku ketok seneng. Narti sing sak durunge rodok ruwet pikirane wes seneng, ngguya-ngguyu. Wong loro iku gak kroso lek anake sing nomer loro wes muleh sekolah. Gak markir sepedae nang ngarep omah, Ndemin 2 bablas mancal sepedae sampek sumur.

“Yahmene kok wes pacaran? Gak ngerti anake muleh sekolah, kesel, luwe,” omonge Ndemin 2 karo nyopot kocomotone.

Paijo sing kaget anake njedus mung mesem.

“Makane lek teko ki salam opo nutuk kentongan. Ojo mblundas-mblundus koyok maling jemuran,” saure Narti.

Krungu saurane mak’e, Ndemin 2 mung gedek-gedek.

“Ayo Ben, dolen ae. Onok wong pacaran, ojo diganggu,” omonge Ndemin 2 nang sepedae.

“Pacaran kok nang pinggir sumur, ngisin-ngisini,” omonge maneh karo mancal sepedae, ngaleh.

Ndelok polahe anake, Narti karo Paijo mung gedek-gedek.

“Bedes tenan,” omonge Narti lirih.

***

2 thoughts on “Beni Setruk

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s