Alesan


Lek sak durunge mlebu sekolah Ndemin 2 semangat, malah sampek mekso-mekso jaluk disekolahno, bareng wes mlebu temenan arek lanang iku maleh males. Lek sak durunge iso mbangkong, tangi awan, saiki de’e kudu tangi isuk, adus trus budal sekolah. Narti sing biasane mung mbengoki Ndemin gede lek isuk, saiki ketambahan penggawean nangekno anake nomer loro. Ben isuk omahe selot rame karo suoro bengokan plus tangisane Ndemin 2 sing kadang gak trimo ditangekno isuk.

“Le, tangi. Sekolah,” suorone Narti nangekno Ndemin 2 sing sik mlunger.

 Sing ditangekno mbidek ae, gak obah.

 “Tangi opo diadusi nang kene?” balene Narti.

 Ndemin 2 guduk gak krungu suorone Mak’e tapi epok-epok gak krungu. Arek cilik iku tetep meneng.

 “Min! Jupukno ember!” bengoke Narti.
“Mak’e ki gak ngerti wong ngantuk kok,” suorone Ndemin 2 karo melek.
“Wayahe sekolah kok ngantuk, ngko telat.”
“Lek sik ngantuk dipekso sekolah yo gak tenanan lek blajar, malah turu nang kelas,” saure Ndemin 2.
“Makane adus, cek seger.”
“Kandani sik ngantuk kok. Gak oleh lho mak mekso arek cilik ngunu iku,” Ndemin 2 sik alasan ae.
“Halah, kakean alesan. Tangi opo tak raupi nang kene?”

Sing dimaksud diraupi Narti gak liyo diguyang banyu ko ember. Masio ta durung tau kedadean tapi mesti manjur nggo mekso anak-anake tangi. Lek wes koyok ngunu Ndemin 2 langsung tangi, mlaku nang sumur mburi omah trus adus. Lek pertama biyen diterno, saiki Ndemin 2 wes wani budal sekolah dewe.

Sesuk isuke,

“Min, adike wes tangi durung?” bengoke Narti ko pawon.
“Gurung. Dijupukno ember ta mak?” takone Ndemin 1.
“Ho oh,” saure Narti dibanteri cek Ndemin 2 krungu.

 Sing diomongno masio krungu meneng ae nang kasur. Kudu diparani, batine Narti. Narti mlebu nang kamar, siap-siap gawe jurus andalane. Lek biasane manjur, isuk iki Ndemin 2 gak gelem ngalah, tetep gak gelem tangi.

 “Wes sekolah ki brarti wes gede. Kudu tanggung jawab,” omonge Narti.

 Ndemin 2 meneng, gak nyauri.

 “Jare wes gede, gak nakal mosok sik ngene ae ben isuk?”

 Ndemin 2 mbukak motoe. Raine ketok melas. Narti nyawang anake. Opo maneh iki, batine.

 “Mak,” celuke Ndemin 2 lirih, melas.
“Opo? Ayo gek ndang tangi.”
“Atu mumet,” omonge Ndemin 2 pelat.
“Lek wes adus ilang ngko,” saure Narti gak terpengaruh.
“Gak mak, awaktu gak enak, nanas,” Ndemin 2 sik macak pelat.
“Mosok? Kene tak demoke bathuke.”

Narti ndemok bathuke Ndemin 2. Motone nyawang raine anake sing selot melas. Gak suwi Narti mantuk-mantuk.

“Ho oh, rodok anget. Kudu disuntik iki. Yo wes, ngko nang Mantri.”

Krungu kate digowo nang Mantri, disuntik, Ndemin 2 sing maune melas langsung ombo motone.

“Mung anget sithik mak. Mari adus ngko lak ilang yo? Yo wes aku tak adus trus sekolah.”

 Mari omong ngunu Ndemin 2 langsung tangi trus bablas nang sumur, adus.

 “Onok-onok ae alasane,” omonge Narti lirih.

 Sesuk isuke maneh,

Bedo karo wingi-wingi, isuk iki Ndemin 2 tangi dewe. Arek lanang iku marani mak’e nang pawon sing lagi masak.

 “Mak,” celuke Ndemin 2 nang mak’e.
“Opo?” saure Narti.
“Adek kapan metu?”
“Gurung wayahe.”
“Tapi lak wes cedek yo mak? Diluk engkas.”
“Ho oh.”
“Pak’e kerjo mak?”
“Yo koyok biasane.”

 Ndemin 2 meneng. Narti yo meneng.

 “Repot yo mak lek nang omah dewe. Aku karo mas sekolah. Pak’e kerjo. Sampeyan ngurus omah karo momong adek. Trus mari ngene onok adek maneh. Repot nemen yo mak. Pasti kesel kuwi,” omonge Ndemin 2.
“Yo repot makane ojo ditambahi. Kudu pinter,” saure Narti.
“Ho oh, aku kan gak nakal mak. Oh iyo mak, yok opo lek aku gak sekolah disik. Aku tak ngancani mak’e nang omah. Wedine lek pas mak dewe karo adek, pak’e gak onok trus adeke metu.”

 Narti nelehno sayuran sing lagi dipotong. Motone nyawang anake.

 “Kan onok mbah. Tonggo yo akeh,” saure.
“Yo bedo mak. Mbah wes tuwek. Tonggo lek pas repot yo gak iso ngewangi,” omonge Ndemin 2 maneh.
“Wes gek adus kono. Ojo aneh-aneh ae. Sekolah sing tenanan. Tangi dewe, adus dewe lek ancen gak pingin mak’e repot.”
“Yo wes lah mak, aku kan mung pingin ngewangi.”

 Gak oleh alasan sing iso de’e oleh gak mlebu sekolah, Ndemin 2 akhire adus. Arek lanang iku budal sekolah bareng koncone. Nang sekolahan, koyok biasane, Ndemin 2 karo konco-koncone dibarisno nang ngarep kelas trus mlebu siji-siji karo nyalimi Bu Guru. Isuk iki Bu Guru ngewei pelajaran nggambar. Mari nggambar koyok biasane Bu Guru yo marai nyanyi. Ndelok Ndemin 2 gak semangat Bu Guru nyedeki arek iku trus dijak omong.

 “Kok keliatan males? Sakit ya?” takone Bu Guru.
“Gak. Bosen,” saure Ndemin 2.
“Bosen ya. Pelajarannya membosankan apa Bu Guru yang membosankan?” takone Bu Guru maneh.
“Bosen nyanyi-nyanyi,” saure Ndemin 2.
“Oh. Sabar ya Mas Ndemin, klo TK A ya kayak gini. Nanti klo sudah naik kelas pelajarannya ditambah lagi. TK A trus naik TK B, nanti diajari macam-macam.”
“Aku mau langsung TKI aja Bu Guru,” saure Ndemin 2.

 Bu Guru sing krungu saurane Ndemin 2 mung iso mesem. Ngadepi arek cilik ancen kudu sabar.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s