Sekolah


Mangkel mergo sering diilokno mas’e karo iri ndelok konco-konco seumurane sing wes podo sekolah, Ndemin 2 mekso pak’e karo mak’e ndaftarno sekolah. Isuk Narti wes umek nang pawon, koyok biasane. Paijo dino iki gak budal macul, gak onok panggilan ngewangi wong yoan. Sengojo isuk iki de’e gak kerjo mergo kate ngeterno Ndemin 2 sekolah.

“Min, adike ditangekno!” bengoke Narti soko pawon.
“Lapo? Biasane dijarno sampek tangi dewe,” saure Ndemin 1.
“Areke kate sekolah ngko nangis lek telat. Kate didaftarno karo pakmu.”
“Iki opo wayahe pendaftaran? Gurung wayahe mak,” omonge Ndemin 1.
“Gak popo, mung elok-elok bawang ae. Sing penting sekolah. Wes gek ndang.”

Ndemin 1 sing wes siap budal sekolah mlebu nang kamare mak’e. Nang njero adike, Ndemin 2 sing turu. Adike sing cilik wes melek. Bayi iku ngadek nang boks bayine.

“Wes tangi, adik pinter,” omonge Ndemin 1 nang adik bayine.

Ndemin 1 ngambungi adike. Sing diambung ngguyu-ngguyu karo dolenan idu. Topine Ndemin 1 ditariki.

“Min!” Narti mbengok maneh.
“Iyo..iyo mak, iki lho sik digugah.”

Ndemin 1 nyawang Ndemin 2. Mesti angel ditangekno arek iki, batine. Males bengak-bengok, Ndemin 1 nyedeki adike sing mlungker ngeloni gulinge nang duwur kasur. Alon gulinge adike ditarik. Ndemin 2 mulet sediluk trus anteng maneh. Ndelok adike gak tangi, Ndemin 1 maju maneh. Gawe tangan tengene, Ndemin 1 mitet irunge Ndemin 2 karo diuglek-uglek.

“Huaaaaa!” Ndemin 2 gak mung tangi tapi langsung nangis banter.

Wes paham lek adike bakal nangis, Ndemin 1 langsung mlayu metu. Arek lanang iku budal sekolah. Soko njobo tangise Ndemin 2 krungu banter dibarengi bengokane mak’e. Nang njero kamar Ndemin 3 mesam-mesem karo lonjak-lonjak ndelok mas’e nangis.

“Gusti!” omonge Narti karo mlaku, marani anake nang kamar.

Narti nyandak anake trus diadusi. Awale Ndemin 2 gak gelem tapi diomongi lek kate sekolah akhire arek iku manut, seneng. Paijo sing mari makani iwak nang kolam mlebu trus nyandak Ndemin 3. Bayine iku diajak dolenan karo ngenteni Narti macaki Ndemin 2.

“Karo pak’e lho daftare. Emak ngemong adik nang omah,” omonge Narti nang Ndemin 2 karo nyisiri rambute anake iku.
“Lho yo wong loro no. Pak’e karo mak’e melu, adik digowo gak popo,” saure Ndemin 2.
“Lapo kabeh melu, pak’e yo wis cukup. Mak’e kate umbah-umbah,” omonge Narti maneh.
“Gak oleh mak, kudu wong loro. Gak usah umbah-umbah.”
“Lah, malah repot ngko. Adik yo durung adus, mak’e yo durung,” Paijo melu omong.
“Yo adusono adik pak, malah meneng ae sampeyan. Kudu melu kabeh pokoke!”

Gak gelem dikei alasan, gak iso dirayu, akhire Paijo karo Narti melu ngeterno Ndemin 2 sekolah. Ndemin 3 diajak sisan. Sekolahe Ndemin 2 gak patio adoh soko omah, mung 200an meter. Males ngetokno sepeda, ribet sisan akhire lanang wedok iku milih mlaku. Pisan-pisan ngrasakno jalan-jalan bareng, omonge Paijo nang Narti. Narti bukane gak gelem, gak pingin tapi mlaku-mlaku isuk ngene iki mung nunda penggaweane nang omah.

“Wis ta lah mak, ngko aku sing umbah-umbah. Koen meneng ae, ngemong tole,” omonge Paijo.
“Mosyok? Biasane omong thok, gak beres.”
“Beres-beres. Sekali-kali nyante ngunu lho, ojo mikir omah thok ae.”
“Lha lek gak tak pikir trus sopo sing mikir? Wong yo dijarno membres kabeh ngunu lek gak tak garap.”
“Anak akeh membres sitik yo biasa. Resik-resik yo ngko diregeti maneh karo anak-anakmu.”

Narti mencep. Sakjane yo pingin meneng ae, gak ngurus omah tapi ben ndelok onok barang sing gak nang nggone tangane Narti gatel rasane. Ndelok klambi pating slingkrah kudu ngumbahi. Ndelok debu, reget sitik wes pingin nyapu ae. Durung sempet resik temenan wes diregeti maneh karo anak-anake, bojone. Akhire kesel dewe, gak leren.

“Min, kate nang ndi?” takone Cak Man, tonggone.
“Kate sekolah no!” saure Ndemin 2 seneng.
“Weh…wes sekolah areke. Gak oleh ngompol lho yo,” Cak Man nambahi maneh.
“Gak lah, aku kan gak ngompolan. Yo mak yo?”
“Ho oh, mung nangisan,” saure Narti.
“Tak pikir kate lungo, dolen,” omonge Cak Man.
“Gak cak, iki Ndemin njaluk sekolah. Wes wayahe ancene,” saure Paijo.
“Yo, cek pinter yo le.”

Ndemin 2 selot seneng. Arek cilik iku nariki tangane pak’e cek mlaku luweh cepet, gak sabar. Narti mung mesem. Saiki ae mesam-mesem, delok ae ngko opo sesuk-sesuk, batine. Ndemin 3 nang gendongane pak’e gak kalah senenge. Masio gurung ngerti opo-opo, bayi iku koyok melu marem ndelok mas’e.

Sekolahe Ndemin 2 jenenge TK Tunas Harapan. Pendaftaran murid anyar ancen gurung dibuka tapi mergo tonggo dewe, kenal lan mesakno Ndemin 2 sing wis pingin sekolah, arek iku ditompo mlebu. Ndemin 2 sik umur 4 dadi mlebu TK nol kecil. Sakjane iso ae dilebokno PAUD tapi Ndemin 2 gak gelem polahe koncone akeh sing wes nang TK.

“Mas Ndemin ayo masuk. Bapak ibu nunggu di luar ya,” omonge Bu Guru.
“Aku Ndemin, mas sekolah nang SD,” saure Ndemin 2 bingung.
“Iya, maksudnya adik Ndemin. Ayo sini,” Bu Guru mbaleni maneh.
“Adik gak sekolah, gurung. Sik bayi, gak iso ngomong,” saure Ndemin 2 maneh.

Bu Guru sing sik enom iku mesem, bingung sisan kate ngomong opo. Narti mesem pisan, isin. Mari dikandani lek maksude Bu Guru yo de’e, Ndemin 2 gelem mlebu. Nang njero koncone bengok-bengok, malah onok sing keplok-keplok.

Jenenge arek TK pelajarane yo sing ngunu-ngunu ae. Diajari nyanyi, dolenan bongkar pasang, ngapali buah-buahan pokoke sing simpel-simpel. Ndemin 2 sing maune semangat mulai umek dewe. Narti karo Paijo lungguh nang njobo karo ngemong Ndemin 3. Ibu-ibu liyane sing lagi nunggu anake ketok umek milih-milih blonjoan. Bakul klambi, sandal, dolenan, pangganan akeh nang kene. Gak mung nggo arek-arek tapi nggo wong gede, terutama ibu-ibu.

Lagi melu ngobrol karo ibu-ibu sing tonggone sisan, Narti dikagetno Ndemin 2 sing moro-moro wes ngadek nang sandinge.

“Mak, ayo muleh,” omonge nang mak’e.
“Lah, kok metu? Kae koncone durung onok sing metu kok,” takone Narti.
“Bosen aku. Pak’e endi?”
“Kae, ndoleni adik.”

Ndemin 2 ngaleh, marani pak’e. Bu Guru metu nggoleki Ndemin 2. Narti sing ngadek, ndelok Bu Guru mung iso mesem. Paham.

“Gak papa bu, namanya baru pertama masuk,” omonge Bu Guru.

Narti mesem maneh trus marani anak bojone. Paijo lagi ndoleni Ndemin 3 nang ayunan. Ndemin 2 sing wes karo bapake melu numpak.

“Jare sekolah, kok malah dolenan nang njobo?” takone Narti nang anake.
“Mung dolenan thok, nang njobo opo njero yo podo ae. Aku iso dolenan dewe,” saure Ndemin 2.
“Oalah, yo ngunu iku TK sitik-sitik blajare. Sesuk-sesuk yo diajari akeh.”
“Opo, wong kaet mau mung nyanyi thok. Nyanyi ki penggawean opo. Aku pingin nulis, gambar, moco koyok mas,” omonge Ndemin 2 gak gelem kalah.
“Yo lek ngunu ben bengi blajar karo mas, ojo nontok tipi ae,” omonge Paijo.
“Ho oh.”
“Sesuk mlebu lho ya,” omonge Narti.
“Gak usah, nang omah ae,” saure Ndemin 2.
“Yo gak oleh ngunu iku. Wes didaftarno, wis dadi murid saiki. Sesuk yo dikei sragam karo Bu Guru,” omonge Narti dowo.
“Ho oh le. Nang sekolah blajar nyanyi, kumpul karo konco akeh. Ngko yo diajari macem-macem, sing sabar. Nang omah baru blajar maneh karo mas, karo pak’e,” Paijo melu ngomong.
“Yo wes lah, lek pak’e karo mak’e mekso,” saure Ndemin 2.
“Lah sopo yoan sing mekso. Sing njaluk sekolah yo sopo wingi?” omonge Narti.
“Aku.”

Paijo gedek-gedek ndelok anake. Pancet ae modele.

“Tapi saiki dolenan sik yo mak?”
“Ho oh. Ojo suwi-suwi, mak’e kate umbah-umbah.”
“Kumbahan ae dipikiri. Pisan-pisan dolenan ngunu lho mak cek gak nesu ae. Mecucu ae opo gak kesel yo pak?”
“Ho oh,” saure Paijo karo mesem, ngempet ngguyu.

***

2 thoughts on “Sekolah

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s