Cemburu


“Mak…”

Gak koyok biasane sing mesti kesusu, isuk iki Ndemin gede ketok aras-arasen. Mari tangi arek iku mlaku klunuk-klunuk nggoleki mak’e nang pawon. Narti sing lagi umek karo masakane meneng ae, gak nyauri.

“Mak,” dibaleni lek nyeluk mak’e.
Gak nyawang anake, Narti nyauri, “Lapo?”

Ndemin gede lungguh nang sandinge mak’e. Raine ketok melas, koyok arek lagi loro. Ngerti anake meneng ae Narti nelehno pisone sing lagi nggo ngirisi tempe.

“Lapo koen iku? Gak ndang adus kono, ngko telat,” omonge Narti.
“Aku adus gawe banyu anget yo, Mak?” lirih lek omong.

Narti nyawang anake. Gak biasane anake sing gede dewe iku ngalem. Disawang terus raine Ndemin sing durung kenek banyu iku. Lecek, koyok gombal. Narti ndemok batuke Ndemin, ngrasakno be’e anake iku panas. Gak, biasa ae, batine Narti.

“Gak loro kok Mak, mung aras-arasen. Adem,” omonge Ndemin nang mak’e.
“Ngko lek adus gawe banyu panas malah gak seger awakmu, selot aras-arasen.”
“Pisan iki ae lho, Mak. Plis,” omonge Ndemin selot melas.

Narti ambegan dowo. Ketoke anake sing mbarep iku ancen lagi pingin ngalem. Biasane lek ngene ki wes dijenggongi karo Narti tapi ndelok raine Ndemin de’e maleh gak tego. Sakjoke duwe adek anake sing gede iku ancen gak patio kopen. Paling sering dijenggongi.

“Yo, sik entenono,” omonge Narti.

Ndemin mesem, seneng.

“Mari adus ngko sisirono yo, Mak?”

Narti nyawang anake maneh. Gak omong opo-opo de’e manthuk thok.

***

Narti lagi ngemiki anake sing nomer telu nang kamar. Bayi sing meh umur telulas sasi iku ketok anteng. Koyok anak-anake liyane, Ndemin 3 yo nyempluk. Motone ombo koyok mak’e, koyok mas’e sisan, Ndemin 2. Kulite resik, koyok pak’e jaman nom-noman. Sakjoke kawin, macul, kulite Paijo rodok gosong. Kakean manas. Ndemin 2 mlebu kamar. Ndelok mak’e lagi ngemiki adike, Ndemin 2 munggah nang kasur.

“Mak…mimik,” omonge nang mak’e.
“Susumu nang pawon kae, jupuk dewe,” saure Narti.
“Emoh!”
“Lah? Mak’e sik repot iki lho, adike jaluk mimik.”
“Lha aku yo pingin mimik,” saure Ndemin 2 maneh.
“Jupuk dewe lak iso wong wes tak cepakno kok.”
“Emoh susu sapi!”

Narti meneng. Opo maneh, batine. Sakjoke duwe adik, Ndemin 2 ganti ngombe susu sapi. Tonggone Narti sing duwe peternakan sapi perah ben isuk ngeterno susu nggo anake.

“Lha trus?”
“Mimik koyok adek,” saure Ndemin 2.
“Woo…yo icin. Wes gede kok. Jare kate sekolah.”
“Saiki kan durung. Yo, Mak?” Ndemin 2 sik ngrengik.

Narti gedek-gedek. Ndemin 2 ngrangkul mak’e ko mburi. Gundule disendekno nang pundake mak’e. Tangane sing kiwo ngelus-ngelus gundule adike.

“Gantian yo, Dek?” jare Ndemin 2 nang adike.
“Pak’e nang ndi?” takone Narti, nylimur.
“Mimik,” omonge Ndemin 2 gak sabaran.

Ki ngko lek diterusno mesti nggareng, nangis, batine Narti. Paijo durung ketok irunge. Mau isuk onok koncone sing jaluk didandakno sepedae. Ndemin 3 wes mulai liyer-liyer, kate turu. Ditelehno bayine nang kasur alon-alon. Ndemin 2 sik ngenteni mak’e.

“Pisan iki ae lho, sesuk-sesuk wes gak oleh,” omonge Narti nang Ndemin 2.

Arek cilik iku langsung manthuk-manthuk karo mesem, seneng.

***

Jam songo bengi. Narti wes merem karo anak-anake. Paijo kaet ae teko trus adus. Mari adus wong lanang iku mlebu kamar. Disawang bojone sing lagi turu karo ngeloni anake. Ndemin 2 nang sebelah kiwone, Ndemin 3 nang tengene. Paijo ngukuri gundule. Mari meneng rodok suwi Paijo nyandak anake. Pertama Ndemin 2 digendong, didukno nang kasur tipis sing onok nang sebelahe amben. Arek cilik iku obah dilut trus meneng maneh. Mari nyandak Ndemin 2 ganti Ndemin 3. Bayine iku digendong trus dilebokno bok bayi, sebelahan karo kasure.
Mari mindah anake, Paijo munggah nang duwur kasur.

“Mak,” omonge lirih karo ngoglek-oglek tangane bojone.

Narti sing wes enak lek turu gak tangi. Paijo ngukuri gundule maneh.

“Mak,” saiki lek nyeluk rodok dibanteri.

Narti melek. Rodok kaget ndelok bojone wes nang ngarepe raine. Wong wedok iku meneng ae trus merem maneh. Paijo ngoglek-oglek tangane bojone maneh cek tangi.

“Lapo?” takone Narti males.

Paijo mesam-mesem.

“Ngantuk,” omonge Narti.
“Sediluk ae,” saure Paijo.
“Males,” saure Narti.
“Halah, Mak. Wes suwi.”

Narti sik merem. Paijo ngenteni karo ngremeti tangane bojone.

“Wes sak mene gedene ki lho,” omonge Narti karo tetep merem.
“Biasa yo sik iso. Yo Mak yo? Mosok aku gak tau mbok keloni, mesti kon turu nang ngisor,” Paijo sik usaha.
“Podo ae karo anake. Gak onok sing gelem ngalah,” saure Narti karo melek.

Paijo mesem, seneng.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s