Pikun


“Mak, ojo lali sesuk gowo bekal,” omonge Ndemin nang mak’e.

Narti sing lagi nuru-nuru Ndemin 3 gak nyauri.

“Mak! Gak dirungokno sih, sesuk lali lho sampeyan,” Ndemin mbaleni lek ngelingno mak’e.

Narti mendelik sediluk, kaget.

“Iyo…iyo, athek bengak-bengok barang. Wes tak cepakno kae lho,” omele Narti.
“Lawuhe endok nglirik nganan yo mak. Ditambahi sosis trus kei kecap. Buahe apel opo jeruk trus sayure cap je, kei brokoli karo jagung enom. Trus….” Ndemin ngomong karo mbayangno bekale sing kate digowo sesek.
“Terus…terus gundulmu. Endoke didadar ae trus diiris tipis-tipis. Katese wes onok, garek ngonceki sesuk. Sayure oseng-oseng kangkung, wes onok yoan.”
“Ojo didadar mak, diceplok trus dikei lambe ngunu lho mak,” Ndemin sik protes.

Narti nelehno Ndemin 3 nang duwur kasur. Bayine iku wes anteng. Ndemin gede sik mbuntuti nang mburi bokonge mak’e.

“Lha mbok pikir gawe wajanku iso gawe endok nglirik-nglirik ngunu. Iso-iso malah ajur motone. Gak usah melu-melu nang tipi, kae ngunu gawe teplon, wajane lurus.”
“Halah mak, yo diusahakno ngunu lho. Iki kan sing pertama, sesuk-sesuk lawuh tempe karo krupuk yo gak popo. Pisan iki ae lho mak,” omonge Ndemin melas.

Narti meneng, gak nyauri. Ndemin 3 sing wes merem dislimuti. Wong wedok iku lungguh nang duwur kasur trus mulai lempet-lempet klambi. Eling onok sing keri, Narti mbengoki Ndemin.

“Jupuken abon nang mbahmu. Lali aku.”
“Digawekno abon karo mbah?” takoke Ndemin.
“Iyo. Ndang, selak lali ngko.”
“Asyik!”

Ndemin mlayu metu. Arek cilik sing adike meh telu iku wes gak sabar nunggu sesuk. Sesuk de’e karo konco-koncone kon nggowo bekal nang sekolah. Program sing sengojo digalakno cek arek-arek sekolah gak jajan sembarangan. Mari muleh soko omahe mbah’e jupuk abon Ndemin gak iso turu. Bayangane sik pancet nang bekal sing kate digowo sesuk. Jam sewelas kurang akhire Ndemin iso merem. Bengi de’e ngipi bekale koyok sing nang tipi-tipi. Wadahe apik gambar robot transpormer. Endok ceploke nglirik nganan karo mesem lambene. Gak kroso Ndemin ngiler karo turu.

Koyok biasane isuk-isuk Narti wes tangi. Mberesi omah, masak. Bekale Ndemin yo wes siap. Ndemin 3 wes diadusi ganteng. Ndemin 2 sing sik ngorok dijarno ae, wong gak sekolah. Paijo wes metu, budal macul. Ndemin gede wes budal sekolah. Pas kate umbah-umbah Narti ndelok barang nang duwur mejo tengah.

“Lah, lak lali arek iku. Woalah Min…Min,” omonge Narti karo gedek-gedek.

Narti nontok jam nang tembok. Jam songo kurang limang menit. Diluk engkas, batine Narti. Kaet ae Narti kate ngaleh moro-moro soko ngarep onok suara wong mlayu mlebu omah.

“Bekalku keri mak!” bengoke Ndemin.
“Alon, ojo playon!”
“Ndi mak?” takone Ndemin bingung.
“Iku, nang duwur mejo.”

Ndemin sing gak tau gowo bekal nang sekolahan lali lek dino iki kudu gowo bekal. Bekal sing disiapno mak’e kaet isuk, dicepkano nang duwur mejo keri gak digowo. Eling bekale keri Ndemin pamit nang gurune jupuk muleh. Ndemol wadah bekale nang duwur mejo Ndemin sing ngos-ngosan langsung seneng. Dijupuk bekale iku trus siap-siap kate mlayu mbalik.

“Kok enteng?” takone Ndemin.

Wadah bekal dibukak. Motone Ndemin langsung ombo.

“Mak, sopo sing mangan bekalku?” takone Ndemin karo mbengok, kaget.
“Lah, sopo?” Narti melu bingung sisan.
“Mesti lek gak pak’e, tole iki,” omonge Ndemin karo mbrabak.
“Gak bapakmu wes sarapan kok. Kucing paling,” omonge Narti.
“Kucing ndas ireng sing ngomonge pelat, cedal!” bengoke Ndemin gak trimo.
“Wes, tuku nang kantin ae. Opo mampir nang warung sebelah, mbungkus.”

Atine Ndemin loro. Kate nangis tapi wedi isin. Narti ngelungno duit limang ewu. Ndemin dikongkon tuku sego pecel nang warung sebelah. Nang sekolah Ndemin sik durung iso nrimo lek de’e gak gowo bekal dewe. Konco-koncone ketok seneng. Wadah bekale apik-apik. Lawuhe enak-enak. Karo ngempet nangis Ndemin mangan bekale, sego pecel bungkusan.

Nang omah Ndemin 2 tangi trus moro nang sumur, nyedeki mak’e sing lagi umbah-umbah.

“Mak,” celuke karo nyekeli weteng.
“Lapo?”
“Wetengku kok gak enak,” omonge maneh nang mak’e.
“Luwe?” takone Narti.
“Ho oh,” saure Ndemin 2 karo manthuk-manthuk.
“Lha bukane mau wes sarapan?”
“Mosok tho mak?”
“Sing mangan bekal nang dukur mejo mau sopo?” takone Narti karo nguceki kumbahan.
“Aku,” saure Ndemin, lirih.
“Iki pikun opo nggragas?”

Ndemin 2 mesam-mesem. Isuk-isuk de’e nglilir, tangi mergo kudu pipis. Pas metu soko kamar de’e ndelok onok wadah sego nang duwur mejo. Pas dibukak de’e ndelok pangganan enak sing disiapno Narti nggo bekale Ndemin, motone Ndemin 2 langsung ombo. Gak omong, gak takok, bekale mas’e sing keri iku langsung dipangan, dientekno.
Ndemin 2 nunggoni mak’e umbah-umbah karo dolenan banyu. Narti sing sakjane gemes meneng ae. Kate diseneni yo gak onok gunane, pikire. Jenenge ae arek cilik, opo maneh de’e ngerti modele anake iku. Paling ngko lek muleh de’e kudu siap lek Ndemin gede ngamuki adike.

“Min, melu pak’e yoh mari ngene.”

Suorone Paijo soko pawon ngageti Ndemin 2 karo Narti. Paijo kaet muleh macul. Kebetulan, batine Narti. Timbang Ndemin 2 dikabruk mas’e sing diluk maneh muleh sekolah mending digowo lungo pak’e.

“Nang ndi pak?” takone Ndemin 2.
“Cukur. Nang alun-alun,” saure Paijo.
“Asik! Aku sisan yo pak?”
“Ho oh. Gundul opo model sing njegrak?” takone Paijo.
“Sing koyok pemain bal iku lho pak. Sing sebelah-sebelahe gak onok rambute trus tengahe njegrak.”
“Woo..ho oh, sip iku. Skin head opo mohawk iku. Ayo ndang adus, selak panas.”

Ndemin 2 langsung nyopot klambine trus njegur nang bak. Narti mung meneng ae ndelok polahe anake iku. Diterusno lek umbah-umbah. Jam setengah sewelas Ndemin gede teko soko sekolah. Arek lanang iku mecucu, nesu. Selot mecucu pas ngerti bapake karo adike gak nang omah. Narti sing ngerti anake lagi loro atine ngati-ati lek omong. Ndemin gak gelem mangan maneh awane. Kate dirayu yo gawe opo, ngko lek Ndemin njaluk macem-macem malah susah. Akhire pas onok bakul es krim liwat diceluk karo Narti. Pisan-pisan ae gak popo. Timbang sedinoan mecucu, gak gelem mangan.

Ndemin sing mau loro ati akhire iso mesem, sithik. De’e seneng soale mbayangno adike gak iso ngrasakno es krime. Es krime didilati alon-alon. Mari mangan es krim, Ndemin gelem mangan trus dolen. Jam loro Paijo muleh. Rambute ketok rapi.

“Ndemin ndi pak?” takone Narti ngerti bojone muleh dewe.
“Ndemin sopo?” Paijo balik takok.
“Ndemin 2, anakmu. Kok malah takok.”
“Gusti!” bengoke Paijo.
“Lapo? Mbok tinggal nang ndi anakmu?”
“Lak sik nang alun-alun arek iki. Oalah yo..yo, kok lali aku mau. Sik tak balenane areke.”

Paijo sing durung lungguh balik nang ngarep, nyandak sepeda trus budal nang alun-alun. De’e lali lek ngejak anake iku cukur nang alun-alun.

“Pikun kok gak mari-mari,” omonge Narti.

Nang alun-alun Ndemin 2 bingung goleki pak’e. Tukang cukur sing eling Ndemin 2 teko karo pak’e nenangno arek cilik iku. Kate diterno muleh tapi de’e gak ngerti omahe. Kebetulan tukang cukur sing iki durung kenal Paijo. Biasane lek cukur Paijo mung nang tukang cukur cedek pos kampling nang kampunge. Iki mau pingin njajal nggon anyar.

“Bapake jenenge sopo arek bagus?” takone nang Ndemin 2.

Ndemin 2 ngukuri gundule sing rambute anyar. Bingung.

“Jenengmu sopo?” takone tukang cukure maneh.
“Jenengku sopo yo? Lali,” omonge Ndemin 2 karo meh nangis.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s