Ndemin Yang Ditukar


nyilih nang http://pangeran229.wordpress.com (suwun lek)

Ndemin kaet muleh sekolah. Tas ransele diuncalno nang dukur mejo, garai emake sing lagi njait nang sandinge njumbul, kaget.

“Gusti! Arek kurang ajar!”

Sing diseneni bukane nyesel, jaluk sepuro malah mecucu. Bokonge diceblokno nang kursi. Tanpo nyepot sepatu, sikile diunggahno nang duwur kursi. Emake sing ndelok langsung nyocot.

“Heh, arek geblek, koyok sikile apik-apiko. Didukno! Selot gede gak selot mbeneh malah selot gak genah! Opo koyok ngunu lek marai gurumu nang sekolah!”

Ndemin sing lagi gak enak ati alon-alon muduno sikile masio lambene sik mecucu.

“Mak,” omonge Ndemin kalem.

“Opo?” saure emake.

“Sakjane aku iki anakmu opo guduk? Aku iki ancen anakmu karo pak’e temenan ta?”

“Maksudmu opo? Jelas guduk.”

Krungu jawabane emak’e Ndemin langsung ngadek, kaget. Motone langsung ombo plus mbrabak.

“Brarti ancen bener opo sing tak pikirno slama iki. Aku guduk anakmu karo pak’e. Alhamdulillah brarti sing diomongno Om Bambang bener,” omonge Ndemin lirih, koyok omong karo awake dewe.

Emak sing lagi konsen njait masio samar iso nangkep suarane Ndemin.

“Heh? Omong opo kon iku?”

Ndemin nyedeki emake.

“Mak, saiki sampeyan jujur ae. Gak usah ngroso bersalah opo wedi. Bener gak lek aku iki ancen guduk anakmu asli? Bener gak lek aku iki mung anak pungut? Sopo sakjane wong tuoku mak?”

Emake Ndemin ndekekno kain sing lagi dijait. Motone nyawang nang Ndemin sing ketok kate nangis.

“Iyo, kon ancen guduk anakku karo pakmu,” saure emak.

Gak percoyo opo sing dirungokno, Ndemin langsung nyeblok, sujud syukur. Luhe netes soko pipine. Sikile emake diambungi. Arek lanang sing sik kaet mlebu STM iku ketok seneng.

“Kon guduk anakku. Aku gak duwe anak koyok kon. Kon iku asline netes soko boto.”

“Heh?” Ndemin mlongo.

“Kon ngerti boto nang sebelahe omahe Mbahmu?”

“Hooh,” saure Ndemin karo manthuk-manthuk.

“Yo kon iku tak temu nang kono.”

“Sun Go Kong be’e metu soko watu! Mak, aku iki temenan.”

“Aku yo temanan. Arek kok onok-onok ae.”

Mangkel karo jawabane emake, Ndemin nangis maneh. Lek mau nangis mergo seneng, saiki nangis mergo mangkel. Om Bambang, tonggone anyar, sing sik rong sasi manggon nang kampunge garai Ndemin duwe pikiran lek de’e guduk anake emak karo bapake. Jare Om Bambang, Ndemin gak cocok dadi anak emak karo bapake. Rupone Ndemin terlalu bagus. Kulite resik gak koyok wong tuwone. Gak mung iku Om Bambang sing jare kerjo dadi dosen iku seneng nukok-nukokno Ndemin jajan. Kadang Ndemin dijak mlaku-mlaku nang Kebon Binatang utowo mall.

Lagi seru-serune lek nangis bapake Ndemin teko. Wong lanang umur patang puluh taun iku ketok kesel. Raine njrungut, kepanasen.

“Opo-opoan iki, yah mene kok tangis-tangisan? Lagian wes joko nangis koyok arek TK, ngisin-ngisini ae.”

“Mbuh iku anakmu, onok-onok ae polahe saiki.”

“Lha mosok jare emak aku metu soko boto,” saure Ndemin karo sik nangis.

“Yo goro-goro kon dewe. Lha mosok lho pak, jare awake dewe iki guduk wong tuone. Opo gak kurang ajar ngunu iku?”

“Heh? Jare sopo aku karo makmu guduk wong tuwomu?”

Ndemin meneng. Luhe diusapi karo tangane. Arek lanang iku ngadek trus mlaku nang kursi. Bapake melu-melu lungguh nang sandinge.

“Saiki delok ae, pak, kenyataane. Rambute sampeyan karo emak lurus, aku kriting. Kok iso lho?”

“Makmu biyen iku yo kriting, Min, saking ae rebonding makane ketok lurus,” saure pak’e.

Ndeming meneng.

“Kulitku, hayo? Sampeyan karo emak ireng, kok iso aku resik, kuning ngene?” takoke Ndemin, durung trimo.

“Aku ki asline yo putih, saking ae mben dino macul, kepanasen makane maleh gosong ngene ki. Kon ojok kurang ajar.”

“Oke, iku mau fisik. Saiki sifate awake dewe. Gak onok sifate bapak karo emak sing nurun nang aku blas. Endi jal sing podo?”

Emake Ndemin ambegan jeru. Rasane kudu dicetot pupune anake lanang iku lek gak eling arek iku wes gede. Gemes.

“Ki sakjane maksude opo?” takone pak’e.

“Tak kandani sampeyan pak, anakmu sing bagus dewe, ganteng dewe lek dijejerno karo boto iki rumongso gak pantes dadi anake awake dewe. De’e iku ngroso lek Bambang iku bapake, guduk sampeyan,” saure emak.

“Opo? Lha kapan kon selingkuh karo Bambang?”

“Lah kok malah aku sing digowo-gowo. Maksude anakmu iku, de’e ki ngroso awake dewe mung wong tuwo angkat, guduk wong tuwone sing asli. Wong tuwone yo Bambang iku, tonggomu sing kerjoane gak jelas tapi senengane macak koyok priyayi.”

“Dikei opo kon sampek kurang ajar koyok ngunu, heh? Lek ancen pingin melu Bambang yo kono, gak usah muleh sisan.”

Ndelok bapak karo emake nesu, Ndemin nangis maneh. Arek sing tas sunat winginane ae iku gak eling lek wes joko, nangis gulung-gulung koyok arek cilik. Emak karo bapake meneng ae. Batine duwe anak sitok ae kok polahe ngrepoti. Ndemin nangis gak mergo mangkel wong tuwone nesu tapi mergo kecewa ternyata de’e asli anake bapak karo emake. Sakjoke cedek Om Bambang, de’e ngroso lek ancen gak cocok duwe wong tuwo koyok emak karo bapake. De’e malah kepikiran lek de’e koyok Amirah, sing nang tipi iko, anak sing ketuker.

“Yu…yu! Ketiwasan! Anakku Yu, Paimo…”

Emak karo bapak kaget ndelok Parti, tonggone sing sik pernah bibine moro-moro mlebu nang omah karo bengak-bengok. Rok’e dicincingno. Wong wedok iku nangis gidro-gidro karo ngrangkul emak. Rumongso kalah banter lek nangis, Ndemin, mbanterno maneh tangisi.

“Hayah, selot banter. Meneng!” bengoke pak’e.

“Onok opo, Ti? Lapo anakmu?” takone emak.

“Paimo didomino…Paimo, anakku Yu. Ancen kurang ajar Bambang iku!”

“Didomino? Dijak maen kertu maksudmu?” takone pak’e.

“Iku lho, Kang, sing dingunukno karo wong lanang iku lho. Yok opo nasibe anakku iki, Kang?” Parti sik ae nangis.

“Sodomi ta maksudmu?”

“Hooh.”

“Kurang ajar! Bambang sopo, tak bacoke. Cek wanine kurang ajar nang ponakanku. Trus bapake nang ndi saiki?”

“Bambang sing jare dosen iku lho. Bapake nang kantor polisi. Ki Paimo yo digowo sisan. Oalah Kang, kok elek nemen nasibe anakku.”

Krungu jeneng Bambang digowo-gowo Ndemin langsung meneng. Arek lanang iku gak gulung-gulung maneh. Parti, bibine, emake Paimo sepupu lan konco sekolahe sik nangis nang rangkulane emake. Selama iki ancen Bambang, wong lanang sing dipikire sayang, dianggep koyok papahe dewe ternyata duwe niat elek. Sakwise ngeneng-ngeneng adike, pak’e langsung budal nang kantor polisi. Parti dijak muleh soale onok anake cilik sing ditinggal nang omah.

“Kono, saiki meluo papah Bambangmu kono. Arek kok bukane syukur sik duwe bapak emak malah katene kurang ajar. Saiki lek wani meluo Bambang, cek dikeloni kono!” omele emak.

“Gak, mak. Aku anakmu. Aku wes yakin saiki,” saure Ndemin lirih.

“Jare sopo? Kok pede kon?”

“Lha iku lek nyocot sampeyan lak podo koyok aku. Opo maneh lek mecucu.”

“Ndasmu iku!”

Masio emake ketok mangkel Ndemin gak wedi, dirangkuli trus diambungi wong wedok iku.

“Aku sayang mak’e karo pak’e.”

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s