KERE GAK USAH SEKOLAH!


poster nyilih ko google

Sarip mudukno bangkelan gede soko boncengan mburi sepedae. Sepedae sing wes gak iso dijagang iku disendekno nang tembok omah. Bangkelan gede sing tas didukno mau diangkat nang pundake trus digowo mlebu, dikumpulno karo barang rongsok liyane.

“Wes muleh, Mas?” sopo bojone, Ngatirah.

“Iyo,” saure Sarip karo ndekekno bokonge nang lincak.

Ndelok bojone kemringet Ngatirah langsung nyandak ceret nang duwur mejo trus digowo nang ngarep bojone.

“Ngombe sik.”

“Suwun, Dek.”

Ngatirah nyawangi wong lanang sing dirabi meh limolas taun iku. Raine ketok kumus-kumus. Kulite selot ireng. Motone cekung tapi otote pating pecotot, ketok lek sering nggo kerjo. Gak onok sing bedo soko Sarip, bojone iku, trutama roso nang atine. Urip sing gak tambah enak tapi selot rekoso gak ngurangi roso sayang Ngatirah nang bojone.

“Mas, mau Bu Retno rene.”

Sarip nyawang bojone sediluk terus, “Wes telat pirang suwe?”

“Telung sasi. Jare lek gak ndang dibayar minggu ngarep awake dewe kudu pindah.”

Sarip njupuk ambegan dowo. Ngatirah bukan gak ngerti opo sing dipikirno bojone, bukan gak ngerti sisan keadaan bojone tapi de’e to gak iso lapo-lapo maneh selain kudu cerito nang bojone iku. Lanang wedok iku lagi meneng karo pikirane dewe-dewe pas moro-moro soko ngarep omah krungu rame-rame.

“Mak! Aku lulus! Aku iso sekolah maneh!” jerite Eni, anake sing mbarep.

Arek wedok umur 11 taun sing lungguh nang kelas enem iku ketok seneng raine. Keringete ndrodos polahe mari mlayu. Begitu ndelok bapake nang omah Eni selot seneng. Tangane bapake diambung trus emake.

“Pak, aku iso sekolah! Aku berhasil!”

“Sik ambegan disik. Onok opo kok ketok seneng men?” takone Sarip.

“Iyo iki. Teko-teko malah playon karo bengak-bengok. Lungguh disik, sragame dicopot cek gak reget,” jare Ngatirah.

“Aku lulus Pak, Mak. Nilaiku apik dewe sak sekolahan, sak kabupaten malah hehehe.”

“Mosok? Jare sopo?” takone Sarip nang anake.

“Jare guruku. Durung resmi ancene tapi aku wes oleh bocoran soko Pak Hadi. Oh iyo Pak, Mak, ngko Pak Hadi kate mrene, ngomong langsung nang sampeyan. Jare sih jam sijian ngunu.”

Ngatirah nyawang bojone. Sarip meneng ae. Lambene mesem tipis.

“Kok meneng kabeh? Gak seneng ta?” takone Eni.

“Yo senenglah. Mosok anake lulus, nilaine apik dewe gak seneng? Ancen anake bapak iki paling pinter kok,” Jare sarip karo ngguyu.

Eni mesem. Kesel mlayu lan kepanasen raine maleh ketok abang ireng. Ngatirah mesem sediluk trus ngadek, ngaleh. Wong wedok iku nyedeki pawonane sing meh mati genine.

“Wes adike disusul kono. Dijak dolenan disik, sakno kaet mau dolenan dewe nang omahe Likmu,” omonge sarip.

“Ganti disik iku sragame. Ngko lek wes mateng segone tak celuk,” tambahe Ngatirah.

“Siap Bos! Ojo lali lho Pak, jam siji Pak Hadi kate mrene.”

“Iyo…iyo.”

“Aku iso sekolah! Aku iso sekolah!” karo mlebu kamar Eni nyanyi-nyanyi.

Nang ngarep pawonan motone Ngatirah kroso panas. Dodone mbedodok tapi wong wedok iku meneng ae. Sarip sing sik lungguh nang lincak yo gak bedo adoh. Awake sing kroso kesel selot abot. Meh onok sepuluh menit lanang wedok iku meneng-menengan. Eni metu ko kamar trus pamit nang bapak karo emake, kate nyusul adike. Mari anake wedok metu Ngatirah mulai ngomong.

“Sampeyan iku yo njanjeni sing gak-gak, Mas. Ngene iki trus yok opo? Tiwas areke marem, lak sakno.”

“Gak-gak yok opo maksudmu?”

“Lha wingi iko opo sing mbok janjekno nang Eni? Sampeyan lak ngomong lek nilaine apik dewe bakal sampeyan sekolahno nang SMP. Lha lek wes koyo ngene, yok opo?”

Sarip ambegan dowo. Mbiyen de’e janjeni Eni polahe cek anake iku sregep sinau, dadi wong pinter, gak koyok de’e. Sarip ngadek.

“Kate nang ndi sampeyan?”

“Metu diluk.”

“Ngko gurune Eni mrene lho. Aku gak wani nemoni, sampeyan ae.”

“Iyo, sediluk thok. Sak durunge jam siji wes nang omah. Kate nang Pak Salim, mau jare duwe rongsok.”

Ngatirah meneng. Lambene nyebuli geni nang pawonan sing mota-mati ae. Sarip nyandak sepedae trus dipancal nang dalanan kampung. Motone lurus nyawang ngarep tapi atine mbuh nang ndi. Srengenge selot panas, mbakar kulite sing wes gosong. Keringete ndrodos, garai rai lan klambine kebles, teles.

Ngliwati omahe Pak Salim, Sarip gak ngengokno sepedae. De’e bablas mancal sepedae. Gak let suwe nang pinggir jembatan de’e mandek. Sarip mudun trus nyendekno sepedae. Motone lurus nyawang kali sing banter aruse iku.

“Sepurane nduk, bapak gak iso nepati janjine bapak,” omonge lirih.

Motone Sarip ketok abang. Rasane panas. Gak iso diempet, luh netes soko motone.

Surabaya, 28 Juni 2011

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s