Paimo Paimin Edisi Tragedi Kembang Kecubung


Atine Paimin lagi loro. Dodone gak mung mbedodok tapi yo panas. Kemping sing kapanane diadakno Rianti sing wayahe iso dimanfaatno nggo nyedeki guru ayu iku malah gawe de’e selot mangkel. Yok opo gak mangkel, puisi sing menurute wes tepak nggo ngrayu Rianti kalah karo puisine Maman. Paimin gak dewean, Paimo sing yo ngesiri gurune iku podo loro atine. Roso seneng lek gak dibarengi iman sing kuat ( halah, iman digowo-gowo, areke lagi ngarit) akhire opo maneh lek gak garai muncul niat elek.

Awan iki Paimo karo Paimin wes janjian nang kandang wedhus, mburi omahe Paimin. Paimin sing wes gak kuat ngempet roso loro nang atine ket mau wes mubeng-mubeng nang kadang karo nyiram garem (Lah, nggo opo yoan?). Ngalah-ngalahi wong kaji, mbuh ping piro lek ngubengi kandange. Wedhuse lanang, Carlos, sing lagi leyeh-leyeh karo rokokan (red: wedhus gaul) melu-melu mumet ndelok majikane iku. Bedo karo Maman Carolina, hubungan antara Paimin karo Carlos ancen luweh koyo majikan karo jonggose. Contene, ben dikongkon mak’e golek kayu nang alas Paimin mesti balik ngongkon Carlos (yok opo carane wedhus golek kayu?). Gak iku ae kadang wedhus lanange iku yo kon ngewangi macul nang sawah.

 

Paimo              : Sepurane boi, aku telat. Ki mau sik nilapno adikku.

Paimin             : Cuk, suwe! Sikilku ampek kemeng kaet mau mloka-mlaku gak jelas ngubengi kandang.

Paimo              : Lha iki mau Ndrini jaluk melu. Lak bahaya lek de’e melu, iso rusak rencanane awake dewe ngko. Dadi yo tak turu-turu disik.

Paimin             : Wes saiki yok opo rencanane awake dewe? Ndasku rasane kudu pecah. Atiku loro ngelingi kedadean wingi. Gak trimo aku lek Maman sampek oleh Bu Rianti.

Paimo              : Jelas iku, boi. Aku yo ga ikhlas. Raine Maman gak pantes nggo Bu Rianti. Aku sing luweh pantes.

Paimin             : Asyu pisan kon! Kon yo gak pantes, aku iki sing paling pantes nggo Bu Rianti. Deloken ta raiku iki, gak cuma manis tapi yo ganteng. Awakku duwur, kulitku yo kuning, ga bedo adoh ko Rianti.

Paimo              : (Mbatin: ganteng lek sing nyawang picek! Kulit gosong ngunu kok ngaku-ngaku kuning. Mesem masio mekso) Iyo, boi, bener ancen awakmu sing pantes nggo Bu Rianti. Ganteng…masio… (kebablasen muni masio, langsung ndredeg)

Paimin             : Masio opo? Masio opo maksudmu? (Nadane langsung duwur, emosi)

Paimo              : Gak kok. Awakmu iku ganteng, boi. Ganteng pol cuma ancen rodo….(kukur-kukur rambut) ehm…rodo kethok wawo he…he tapi sithik kok he..he

Paimin             : Ndasmu!

 

Akhire arek loro iku nglanjutno omongane, ngatur rencana nggo nyebak Maman. Carlos sing sik nang kandang (pingine sih nang mall tapi yok opo maneh, gak onok mall nang kene) meneng ae karo ngrungokno. Rokoke sing sik separo ditekekno sandinge trus nyruput kopi (halah, selot ngayal). Gak let suwe Carlos keturon (lah, ki ngombe kopi opo obat tidur? kok malah koyok disirep).

Adegan selanjute Paimo karo Paimin langsung budal nang alas. Saking senenge slama nang dalan arek lanang loro iku mesam-mesem dewe. Sampek alas wes rodo surup. Paimo langsung cepet-cepet goleki wit sing kate dinggo jimat, ngerjai Maman. Wit Kecubung sing digoleki, dudu uwite sakjane tapi dijupuk kembange. Paimin ngewangi kancane iku njupuki Kembang Kecubung. Sakwise ngroso cukup arek lanang loro iku langsung muleh, wedi kewengen ngko diseneni mak’e (halah, joko muleh bengi kok sik wedi karo emake).

Sesuke arek loro iku janjian maneh nang kandang koyok wingi. Paimo ketok koyok bakul jamu sing lagi ngracik ramuan. Paimin sing gak ngerti opo-opo mung meneng ae. Tapi dudu Paimin lek iso sabar. Ngerti lek ramuane gak iso langsung digawe dino iku areke langsung misuh-misuh. Atine sing loro wes gak iso nunggu maneh, kudu diutahno. Kate ngantemi Paimo yo ga mungkin secara saiki lagi koncoan, dadi sekutu. Akhire Carlos sing lagi enak-enak mangan ramban nang njero kandang dadi sasaran. Wedhus lanang iku dijungkrakno sampek njlungup. Gak mung semono, ramban sing sik nang njero cangkeme dirayah, ditokno trus dipangan (Halah, lek kate jaluk ramban mbok yo ngomong ae cuk, athek njungkrakno barang. Asyu tenan ancen Paimin iki. batine Carlos).

Menene rencanane Paimo Paimin baru iso dilakokno. Maman sing mbuh dasare gak curigaan, apikan opo wawo, gelem ae pas dikei omben karo Paimo. Gak let suwe mari ngombe ramuan ko Paimo, Maman langsung ngliyeng. Carolina sing ndelok mas’e koyok wong mabuk langsung berok-berok. Paimin sing wes siap langsung nggujer cangkeme. Isi gelas sing sik separo langsung dijejelno nang cangkeme Carolina. Sekuat-kuate wedhus wedok sik kuat arek lanang loro sing wes kesetanen. Akhire Carolina kalah, melu klenger sisan. Carolina karo Maman koyok wong sing wes ga duwe doyo opo-opo, lemes. Ndase ngelu. Gak let suwe arek lanang karo wedhuse iku semaput.

 

Paimin             : Trus yok opo iki?

Paimo              : Cepet boi, ndang dilucuti. Selak ketemon ngko.

 

Adegan selanjute Paimo karo Paimin mbukai klambine Maman siji-siji (ihiiiy, halah, sensor iki). Sakwise iku Maman diangkat nang njero kandange trus digletakno ngunu ae, udo gak klamben (ojok dibayangno rek, duso kon ngko! aku mung nulis thok, gak wani mbayangno iki. sumpah!). Mari nggarap Maman (maksude nekekno Maman, gak diapak-apakno kok) selanjute Carolina sing digarap (lek iki mbuh diapakno aku yo gak eruh lho yo, secara Carolina iku masio wedhus tapi manis, halah). Wedhus wedok iku diangkat, gak dilucuti wong ancen gak klamben, mung ulune rodo dibubuti. Jambule diuyek-uyek cek ketok berantakan trus digletakno nang sandinge Maman, dirangkulno (pokoke koyok nang sinetron-sinetron sing gak tau entek kae lah).

 

Paimo              : Wes boi, saiki bagianmu. Ayo, ndang dituntasno loro atine awake dewe.

Paimin             : (Komat-kamit, dungo. Halah, wong kate nglakoni kejahatan kok yo sik eling dungo) Maman zina! Maman zina karo Carolina (bengok sak banter-bantere)

Paimo              : Maman nguthuk-uthuk Carolina! Maman karo Carolina uthuk-uthuk!

 

Krungu onok sing bengak-bengok, wong-wong sing lagi podo istirahat nang omah, muleh ko sawah, langsung metu.

 

Wong-wong    : Onok opo? Onok opo?

Paimin             : Maman zina karo wedhuse!

 

Akhire wong sak dukuh heboh. Mak’e Maman sing tas teko ko sawah langsung mlayu-mlayu nang mburi omah karo nyincing jarite. Lik Kadi, Ndemin, Pak Dukuh, gak ketinggalan Bu Rianti sing lagi ngulang arek-arek cilik melu mlayu, pingin ngerti onok opo. Bareng ndelok pemandangan 27 taun ke atas iku (17 iku sik kenomen rek, makane arek saiki podo kendel-kendel) guru ayu iku langsung girap-girap, gak percoyo. Maman karo Carolina sing durung sadar digrujuk banyu trus langsung diarak nang Balai Dukuh. Sakdurunge Maman dikei sarung karo Lik Kadi (lek gak lak kesenengen awakmu sing mbayangno). Mak’e Maman sing gak kuat ndelok anake diarak karo dibengoki wong sak dukuh langsung geblak, semaput.

 

***

 

5 thoughts on “Paimo Paimin Edisi Tragedi Kembang Kecubung

  1. walah.. tiba’e aktor utamane Maman tah? ndemin koq mung metu sedilut?!

    aq koq gak nate krungu istilah “uthuk-uthuk” d Suroboyo yo? iku mung istilahe wong edan ae tah?

    Like

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s