Uncategorized

WORO-WORO


 

Pingin ngrasakno sukses koyok duete Anang-Syahrini (gak onok conto liyane ta?) aku, arek ayu jelase *siap-siap dijenggongi,* kepikiran pingin golek konco jenggong nggo Paimo Paimin edisi khusus. Yo istilahe nekakno “bintang tamu” ngunu lah. Lek gawe istilah sing luweh keren maneh, aku à ehm, arek ayu, maneh, pingin ngenekno audisi. Sopo ae oleh melu pokoke iso menuhi syarate. Wes gak kakean cocot maneh, ndang diwoco syarat-syarate trus nang daftar.

 

I.                   Syarat (Gak) Umum

1.      Menungso

Aku males lek kewan opo maneh setan. Cukup aku dewe lek iku. Dadi gawe kewan-kewan sing tertarik utowo setan, sepurane bukane rasis tapi lagi gak pingin duet karo sampeyan-sampeyan.

2.      Ambegan alias urip

Masio menungso lek wes gak ambegan aku yo emoh, podo karo setan la’an. Umur gak dibatesi. Kate arek umur setaun, rung taun opo embah-embah umur sewu taun yo gak popo.

3.      Keren (woco: ayu/ ganteng)

Lha sing iki penting. Lanang wedok opo banci gak masalah, penting keren (woco: ayu/ ganteng). Sing banci brarti yo ayu sak gantenge sisan. (Rasis maneh?) Bukane rasis utowo pilih kasih tapi bayangno dewe gak males a lek awakmu duel karo wong elek? Lagian jaman saiki gak pede? ga usum. Dadi lek kon sik mikir kon elek mending gak usah melu audisi iki. Ngko bukane nulis bareng malah dadi konsultasi kejiwaan.

4.      Iso Nulis

Iki jelase yo gak kalah penting secara Paimo Paimin iki tersurat dadi gelem ga gelem yo kudu iso nulis. Lagian cek gak angel komunikasine awake dewe ngko. Be’e kene ngko kate surat-suratan (ihiiiy). Gawe sing gak iso nulis opo durung iso nulis oleh melu mlebu kelase Rianti disik.

5.      Misuhan

Sing iki jelas wajib. Ngerti dewe cerito Paimo Paimin iku yok opo dadi lek awakmu gak iso utowo gak biasa krungu wong misuh yo mending gak usah melu timbang ngko malah ceramah gak jelas. Dudu perkoyo saru-saruan utuwo kasar-kasaran tapi Paimo Paimin iki lak ancen settinge ngunu a. Gawe sing mikir misuh iku tabu, gak apik, bejat dll mundur ae, males aku lek kon debat. Misuhe gak dibatesi kate gawe boso jowo, meduro, boso kewan opo boso planet luar angkasa, sak karep. Misuh coro alim lek awakmu iso yo oleh (carane pikiren dewe).

 

II.                Syarat Tambahan Sing Yo Penting

1.      Edan

Sing sik mikir awake waras, gak usah melu. Audisi iki khusus nggo wong edan sing kurang gawean. Yo itung-itung memberdayakan wong edan cek onok gunane. Sing durung edan tapi duwe niat edan yo oleh, seneng aku malahan iso nambah konco.

2.      Gak Nuntut Opo-opo

Audisi iki cuman nggo iseng-isengan alias gak dibayar (wong sing gawe audisi ae kere). Gak onok royalti utowo hadiah khusus tapi iso dipastikan bakal dadi wong edan sing berkualitas, maksimal plus iso melu terkenal (PD). Gak iku ae, sing melu audisi iki yo gak oleh nuntut penyelenggara audisi baik nang pengadilan, kepolisian opo maneh nang KUA. Ngesiri gak ditanggung, halah.

3.      Gak Gampang Ndrenginging

Lah iki yo penting sisan. Lek awakmu ngrengikan koyok garangan mending yo gak usah melu. Males aku lek ngko sediluk-sediluk ngrengik, “aku gak iso,” “yok opo iki, kok utekku maleh cilik,” halah gak penting. Kudu tambeng.

 

Ketoke wes cukup syarate. Lek sik kurang akeh ngko tak tambahi maneh, sementara sing penting iku disik ae. Bates audisi gak ditentukno, sak karepku. Dadi gawe kon-kon sing tertarik dan rumongso wes nyucupi syarate ndang daftar ae. Iso langsung komen nang ngisore postingan iki karo jenggong kiro-kiro opo sing garai kon kudu tak pilih, yo semacam mromosikno awakmu dewe lah. Sistem audisi suka-suka alias sak sirku dewe (bahno wong sing gawe yo aku). Jeneng-jeneng sik mlebu ngko bakal tak umumno (lek gak lali dan sik mood, halah).

Iki tahap pertama, ngko bakale sik onok berikutnya (sisan maneh, lek aku gak lali dan kepingin nerusno hahahaha). Info ae sing ngko bakal kepilih dadi pasangan duel nggo jenggong nang Paimo Paimin edisi khusus iki gak oleh opo-opo kecuali melu terkenal gratis *siap-siap dijenggongi.* Sing menang bakal oleh wewenang khusus nggo nyiptakno karakter anyar dan mlebu nang cerito (pemenang gak melu cawe-cawe nang karakter-karakter liyane. gak duwe hak melu ngowah-ngowahi sing wes onok). Sing sik durung ngerti yo takoko cuk, ojo meneng ae. Daftaro dan mari jenggong bersama-sama!

*nyuwun tulung disebarno nggih teng twitter nopo fb, suwun (pinter kromoan aku hahahaha)

Surabaya, 18 Maret 2011

 

ttd,

 

wes

27 thoughts on “WORO-WORO

  1. pertamaaaaaaaaaakk,,, hahahahaha, audisi wong edan lak yo ngene iki bentuk’e. aku tak ndelok seko kadohan wae, nek wektune wis mepet banjur durung ono sek ngedaptar mengko aku tak dadi wong pertama sek ngakak-ngakak. sukses nggo duet mautmu ya..
    Oya alasanku ra melu audisi ora tekne aku minder, tapi justru kerono aku terlalu percaya diri. Kabeh syarat kui dudu levelku, soale levelku luwih dhuwur tinimbang kui. yo wis ngene ae komen seko wong ayu banget,, mwah mwah mwah :))

    Like

  2. Pingback: Tantangan!
  3. wkwkwkwk… Sing iki aku ket moco. Keliwatan koyo’e. Iki tantangan opo seh sak jan’e? Aku kok gak mudeng… (yo ngerti dewe lah pinterku iki sak piro. haisshhh!) trus lek wes lolos audisi, trus menang, hadiahe opo?? :wawo:

    Like

Leave a comment