Uncategorized

PAIMO PAIMIN EDISI BLAJAR MOCO


Dukuh Penceng lagi ketekan guru anyar ko kutho. Areke pinter yo ayu sisan. Jenenge Rianti. Rianti sing asline sik kuliah iki lagi onok tugas ko kampuse gawe ngajar sesasi suwene. Dukuh Penceng sing biasane adem ayem langsung heboh. Pak Dukuh sampek kudu bola-bali ngewei pengertian nang wargane polahe kabeh podo gak iso dikandani. Ning Rianti sing kulite putih, cemlorot koyok keramik sampek keweden polahe wong-wong gak mung nyawang, nyedek-nyedek tapi onok sing saking gemese wani jawil-jawil, nyoleki.

Sakwise dikandani plus diomeli Pak Dukuh, diancam lek sampek kurang ajar nang Ning Rianti bakal diukum kon ngeritno rumput, makani wedhuse warga sak Dukuh selama sesasi penuh, akhire kabeh iso tenang, ora wani cluthak. Ben dino, dimulai ko isuk sampek bengi warga sing wis dibagi-bagi dadi pirang-pirang kelompok podo kumpul nang Balai Dukuh kanggo belajar. Isuk nggo arek-arek cilik, awan nggo sing rodo gede alias AGA (Arek Gede Anyaran), sore kanggo poro tetuo, emak-emak, bapak-bapak. Bedo karo jadwal liyane, bengi kanggo arek-arek nom-noman lanang (sing wedok dilebokno kelas awan cek ora ganggu konsentrasi belajar, wedine malah podo pacaran dewe-dewe).

Bengi iki sakwise Isya’ Ning Rianti wes siap kate ngajar. Kelas wes rame. Onok kiro-kiro arek sepuluh lebih. Arek-arek sing meh kabeh podo brengosen alias joko wes siap lungguh nang barisan bangku dowo sing khusus dicepakno Pak Dukuh nggo mbantu proses belajar. Gak ketinggalan Paimo karo Paimin. Arek loro iku wes siap nang ngarep dewe. Gak koyok biasane, arek loro iku kethok semangat plus rapi. Buku karo alat-alat tulis sing dibagekno karo Ning Rianti awal teko nang Dukuh wes siap nang nduwur mejo.

 

Rianti                    : Selamat malam, semuanya!

Arek-arek            : Selamat malam, Bu Guru!

Rianti                     : Sudah siap belajar semuanya?

Arek-arek            : Siap, Bu Guru!

Rianti                     : (Mesem terus ngejak arek-arek berdoa) Sekarang dilanjutkan belajar membacanya ya? Lanjutan yang kemarin malam. (Mulai nulis nang papan tulis –yo iyolah mosok nang raine). Ayo semuanya ikut mencatat dulu nanti baru kita baca bersama-sama

Paimo                   : Ancen ayu tenan Bu Guru iki (bisik-bisik nang Paimin)

Paimin                  : Hooh. Cocok nggo pacarku (mbales bisik-bisik)

Paimo                   : Ndasmu! Raimu koyok codot ngunu cek PD-ne. Yo luweh cocok karo akulah

Rianti                    : Ayo, Mas Paimo sama Mas Paimin kok nggak nulis?

Paimo                   : Nulis Bu Guru, niki lho si Paimin ngajaki ngomong ae

Paimin                  : Kok aku? (gak trimo tapi gak wani nerusno polahe motone Paimo wes menteleng-menteleng, ngancem)

Rianti                    : Ya sudah dilanjutkan nulisnya, setelah ini kita baca sama-sama

 

Arek-arek lanang sing biasane penggaweane mung ngarit, golek kayu karo macul nang sawah iku ketok rekoso nyekel pulpen. Gayane jan gak koyok arek sing tau mangan sekolahan. Ndemin sing durung tau blas sekolah malah gak gelem lungguh nang bangku, gak penak jare. De’e milih glesotan nang lantai Balai. Pardi yo gak adoh ko Ndemin, tangane sing biasa nyekel arit, mecoki kayu nang alas ketok kaku nyekel pulpen. Kaet hari pertama blajar nang Balai Dukuh de’e wes entek pulpen limo polahe podo puklek kabeh.

 

Rianti                     : Ayo sekarang kita mulai membaca. Sudah selesai kan nulisnya?

Arek-arek            : Sudah, Bu Guru!

Rianti                     : B-A…BA, J-U…JU…BAJU!

Arek-arek            : B-A…BA, J-U…JU…BAJU! (kompak nirukno)

 

Mbekkkk! Mbekkk!

Krungu onok suara sing gak sak wayahe Rianti langsung meneng, kaget. Pipine langsung abang sakwise ngerti lek onok wedhus sing melu blajar nang Balai Dukuh.

 

Rianti                     : Kok ada kambing? Punya siapa?

Arek-arek            : (Melu kaget, plenggang-plenggong)

Rianti                     : Di pinggirin ya kambingnya, biar nggak ganggu

Maman                  : (langsung ngadek, gendong wedhuse)

Rianti                     : Oh punya Mas Maman ya? Kalo belajar nggak usah dibawa ya Mas kambingnya

Maman                  : Kasian, nggak ada temene (ngomong karo wajah melas)

Rianti                     : (Gak tego ndelok raine Maman sing melas) Kan cuma sebentar. Ditaruh di depan Balai saja, di bawah pohon mangga depan itu

Maman                  : (Geleng-geleng karo sik nggendong wedhuse)

Paimo                   : Itu pacarnya, Bu Guru. Dia nggak mau ninggal pacarnya di rumah, takut direbut orang. Makanya dari kemarin nggak ikut blajar

Arek-arek            : hahahahaha (podo ngguyu, kelas langsung rame)

Maman                 : (Sik meneng ae karo ndingkluk trus krembuk-krembuk kate ngaleh)

Rianti                     : Lho, mau kemana?

Maman                  : Pulang (selot melas raine)

Rianti                     : Kok pulang? Kan belum selesai belajarnya. Nggak papa, kambingnya biar disitu saja, ditaruh bawah ya (mesem-mesem, ngrayu)

Paimo                   : (Gak trimo ndelok Rianti perhatian nang Maman) Ancen aleman kok Maman iki. Sekolah kok gowo wedhus, ganggu kancane ae

Rianti                     : Nggak papa. Ayo Mas Maman, duduk lagi ya

Maman                  : (Ndelok Rianti sing mesem manis akhire de’e luluh. Lungguh maneh sakwise ndekekno wedhuse nang ngisor bangku)

Paimo                   : Kurang ajar Maman iki, sengojo ketoke kate ngrayu Bu Guru. Awas kon ngko (ngomel nang Paimin)

 

Pelajaran akhire dilanjutno. Paimo sing mangkel, selot mbedodog atine ndelok Rianti mesam-mesem. Batine Bu Guru sing ayu iku luweh perhatian nang Maman timbang de’e. Lek dibanding arek liyane memang Maman duwe kelebihan. Areke anteng, gak kakean omong. Areke yo manis masio ta asline gak patio ganteng, ireng sisan. Paimin sing ndelok Paimo misuh-misuh melu panas sisan. De’ e yo melu gak trimo, gak seneng karo Maman.

Lagi enak-enak belajar moco moro-moro soko adoh krungu suara rame-rame. Kimin, tukang jogo nang gudang penggilingan pari mecungul nang Balai Dukuh karo petentengan. Rianti sing gak biasa ndelok wong medeni (tampange Kimin koyok garong ancene) langsung keweden, ndredek.

 

Kimin                     : Selamat malam Bu Guru (Ndelok arek ayu raine sing mau sangar langsung brubah koyok hello kitty)

Rianti                     : (Meh nggeblak saking gak nyongko, kaget) Iyya…slamat malam Pak. Ada perlu apa?

Kimin                     : Ngapunten nggih, mohon maaf lek ganggu Bu Guru ayu Rianti. Cuma mau nyari sepatu, sepatu kulo ical (karo mesam-mesem)

Paimo                   : (Kaet ndelok Kimin njebus nang Balai raine langsung pucet)

Rianti                     : Nggak papa tapi siapa yang ngambil?

Kimin                     : Cuma ada satu maling disini Bu Guru ayu. Niku si Paimo

Paimo                   : (Krungu jenenge disebut tambah pucet raine, sikile grewelen nang ngisor bangku)

Kimin                     : Ayo ndang dibalekno!

Paimo                   : Sik ta lik…lik, kurang sediluk ae lho (Masio wedi njajal ngeles. Masang rai melas)

Kimin                    : Gak iso, kate tak gawe kerjo! Ayo ndang dibalekno, tak gibeng sisan kon ngko!

Paimo                   : (Ngadek trus maju nang ngarep) Nyooh, ngunu ae nesu

Kimin                     : Ndasmu kui! Iki sepatu nggo kerjo dudu nggo sekolah. Kon nukokno emakmu kono lek pingin

Rianti                     : Sabar Pak Kimin. Mas Paimo, nggak perlu pake sepatu kok. Pake sandal nggak papa yang penting bisa belajar

Paimo                    : (Isin. Mung manthuk-manthuk)

Kimin                    : (Njupuk sepatune, sepatu plastik duwur sing biasa dinggo nang sawah-pingine koyok aparat sing sepatune duwur, lars tapi gak onok nang Dukuh) Arek kok pingine nggaya tapi ga gelem bondo

Paimo                   : Timbang sampeyan, tuwek tapi gak iso moco! (pingine mung ngomel tapi kebanteren)

Kimin                    : Jare sopo aku gak iso moco? (ngamuk) ngene-ngene aku biyen yo tau sekolah

Paimo                  : Moco opo? Wong tanda tangan ae gak ngerti ngunu (mergo mangkel, kisinan nang ngarepe pujaan hatine, gak peduli karo Kimin sing biasane diwedeni)

Kimin                    : Ngece kon. Rungokno. M-A…MA, T-A…TA, M-U…MU…MATAMU!

Arek-arek           : (Ndelok Lik Kimin emosi malah podo keplok-keplok nyemangati) Ayo! Ayo! Lawan! Lawan!

Paimo                   : (Panas atine) M-A…MA, T-A…TA, M-U…MU…D-E…DE, W-E…WE…MATAMU DEWE!

Kimin                    : (Selot panas) A-S-U…ASU!

Paimo                   : K-O…KO mateni N…KON. S-I…SI mateni NG…SING.  A-S-U…ASU. KON SING ASU!

Kimin                   : (kroso disepelekno arek sing sik pernah ponakane, selot emosi) J-A..JA mateni N…JAN. C-O…CO mateni K…COK. JANCOK!

 

Rianti sing gak ngerti bahasane mung meneng ae tapi ndelok raine Lik Kimin karo Paimo sing abang ireng koyok wong kesetanen areke maleh wedi, ndredek. Bola-bali berusaha nyabarno arek loro sing podo emosine iku tapi gak berhasil. Arek-arek liyane, kecuali Maman, podo bengak-bengok nyemangati. Maman nggendong wedhuse trus ngajak Rianti minggir. Gak onok gunane ngomong karo wong sing podo lagi emosi, jare nang gurune sing ayu iku. Krungu rame-rame Pak Dukuh sing kaet mau nang njero kamar, polahe lagi loro untu langsung metu. Arek-arek sing gumbul nang tengah, ribut,  langsung minggir.

 

Pak Dukuh          : J-A..JA mateni N…JAN. C-O…CO mateni K…COK.K-A…KA, B-E…BE mateni H…BEH. JANCOK KABEH! Gak ngerti wong lagi loro untu ta?

 

Akhire arek-arek kabeh, kecuali Maman, ditambah Lik Kimin diukum karo Pak Dukuh. Mulai sesuk isuk kudu kerja bakti ngresiki kandang wedhuse Pak Dukuh karo warga liyane ben isuk karo sore. Tapi mergo Rianti ngedem-ngedem, njelasno perkorone akhire sing diukum mung Paimo karo Lik Kimin.

 

 

10 thoughts on “PAIMO PAIMIN EDISI BLAJAR MOCO

  1. hahahahahahaha….J-A..JA mateni N…JAN. C-O…CO mateni K…COK. Lebokno JB utowo PS payu banget ki… Tapi ojok ding, ndak aku gak iso moco. Hahahaha…

    Like

Leave a reply to temankelana Cancel reply