Uncategorized

MBAMBUNG


Dino sik isuk tapi Ndemin wes tangi, asline kaet mau bengi de’e ora iso turu. Bola-bali Ndemin ndeloki jam. Jam enem luweh seprapat, sik suwe batine de’e. Emak’e sik kaet budal jam limo mau. Ora ngerti kate lapo, Ndemin narik selimute, melungker maneh. Ora suwe akhire arek lanang sing umure meh selawe iku keturon.

“Jam piro iki, Es?”

Ndemin sing ora sadar lek keturon (lek sadar yo dudu turu jenenge) njumbul saking kagete. Cepet-cepet de’e tangi terus mlayu nang jeding. Durung telat, pikire de’e. Pas Emak’e teko ko pasar, Ndemin wes macak mening. Jaketan, topi (ora miring), sepatu kets, tas ransel gede, plus kocomoto ireng (bayangno dewe modele koyok opo). Emak sing lagi leyeh-leyeh nang duwur amben (lha mosok nang ngisore) mergo kesel muleh dodolan nang pasar, rodo kaget ndelok anake. Ora pingin nduduhno kagete, Emak macak cool (wes ngerti polahe anake sing sering mengada-ada). Timik-timik Ndemin nyedeki emak’e.

siap mbambung kudu siap ngemis (diselang ko cak google)

Ndemin         : Mak (rai macak garang tapi nada suarane dimelas-melasno)

Emak              : (meneng ae, kipas-kipas)

Ndemin         : (ngelek idu) Aku kate lungo

Emak              : (sik ora nggape tetep kipas-kipas)

Ndemin         : Aku kate mbambung, suwe

Emak              : Yo wes ndang budal, ati-ati (tetep cool)

Ndemin         : Sampeyan lek kangen sms ae tapi yo ojo arep-arep aku langsung mbales. Iso ae pas sampeyan sms aku nggak duwe pulsa, mungkin aku malah wes nggak nyekel hp.

Emak              : (mulai mbatin, pancet ae modele)

Ndemin         : Sepurane sing akeh Mak lek aku wes gawe sampeyan soro. Aku tak lungo, iklasno yo (raine tambah dimelas-melasno)

Emak              : Yo gek ndang budal, ngko kesoren

Ndemin         : (mulai mangkel mergo emak’e ra nggandoli) Aku iki kate mbambung Mak, mungkin selawase kene nggak bakal ketemu maneh (membik-membik, kate nangis)

Emak              : Yok opo maneh? Aku lak wes nggedekno awakmu dene saiki kon kate lungo yo ra popo, wes sepantese

Ndemin         : (misuh-misuh nang njero ati, muter utek maneh) Iyo Mak, suwun wes gelem ngramut aku. Saiki wayahku urip dewe, milih dalanku secara aku yo wes gede

Emak              : (manthuk-manthuk trus ngadek, ngaleh)

Ndemin         : (nyopot kocomoto, ngelap keringet) Mak, sampeyan ojo nangis, garai aku sedih

Emak              : Lha sopo sing kate nangis? Wong aku kate njupuk banyu, ngombe

Ndemin         : (selot mangkel, Emak’e sik nggak nggape ae) Aku budal

Emak              : Kaet mau pamit thok ora budal-budal

Ndemin         : Lha sangune endi? (wes ora basa-basi maneh, kesuwen)

Emak              : Jare kate mbambung? Lha lapo jaluk sangu?

Ndemin         : Lha trus aku mangane yok opo? Nggo numpak bis, nginep, tuku pulsa, sopo sing mbayari?

Emak              : Yo ngemis kono. Kate mbambung kok bingung mangan opo, tuku pulsa. Mbambung yo mbambung ae, ngrepoti!

Ndemin         : Sampeyan iki ancen tego Mak? Anake dewe kon ngemis (mbrabak, kate nangis)

Emak              : Lah, kok maleh aku sing disalahno? Sing pamit kate mbambung sopo? Wong urip ben dino garek mangan turu ae kakean cangkem (mulai nyocot, mangkel)

Ndemin         : Sampeyan ancen nggak tau sayang aku. Sampeyan jahat! (mbrebes mili karo mlayu nang kamar)

Emak              : Oalah Min…Min dadi arek kok yo nggak nggenah, kakean nontok sinetron awakmu iki (ngelus dodo)

Ndemin         : (geru-geru nang njero kamar karo nguncalno tas, topi, sepatu, jaket. sik durung trimo, tangise dibanterno, awake diuncalno nang duwur kasur. ora sido mbambung)

Emak              : (krungu anake nangis seru mung iso gedhek-gedhek) Oalah Gusti! Kok yo onok arek koyok ngunu!

***

10 thoughts on “MBAMBUNG

Leave a comment