Uncategorized

Ancen Asu


 

 

 

            Kaet isuk Tarji mulek ae. Mulih saka pasar wong lanang sing dadi blantik wedhus iku ketok ora tenang. Diluk-diluk nyawang jam, banjur nginceng hp-ne.

            “Pak, meneng. Ojo umek ae koyok ngunu, mumet ndasku sing nontoki,” bengoke bojone sing jebule ngemati.

            “Lapo sih? Aku lho gak lapo-lapo,” saure Tarji.

            “Gak usah mbujuk. Awas lek ngko mendem, tak kunci omahe!”

            “Sopo sing katene mendem? Aku lho wes gak tau mendem maneh.”

            Endang neleh sisire. Wong wedok sing lagek nyemir rambute iku langsung nyawang bojone, ora, mentelengi.

            “Mbok pikir aku gak ngerti ta? Goblok ta? Koncomu lak teko sih, konco kesayanganmu, konco mendem!”

            Tarji ora iso selak. Wong sugih kaya Bambang ora akeh nang kampunge. Kanca cilik sing wis dadi kontraktor sukses nang Kalimantan iku kaet teka wingi, nyambangi mak’e. Isuk-isuk pas Tarji nang pasar dheweke disms, bengi iki dijak pesta nang omahe Bambang. Kanca-kanca liyane wis dikabari. Sakjoke urip nang Kalimantan, Bambang jarang mulih, durung mesti setaun pisan. Ning ben mulih siji sing ora tau dilalekno, kumpul kanca-kanca banjur omben bareng. Itung-itung nostalgia jaman lawas.

            “Wes gak sabar pingin nyusul koncomu kae? Pingin stroke koyok Paeran kae? Wes tuwek pak, ndang tobat. Urutanmu ki yok wes gak suwe maneh, ngaji-ngaji kono ojo omben ae sing dibelani.”

            Tarji meneng. Ndelok bojone meneng, Endang selot semangat lek ngomel.

            “Wes gak doyan jangan terong maneh ta? Bosen dikeloni wedokan lemu koyok aku? Pingin dikeloni cacing-cacing kae? Yo kono ndang budal.”

            “Opo sih mak?”

            Kesel lek ngomel, Endang nerusno lek nyemir rambut. Tarji sing masio wis diomeli ngalor-ngidul karo bojone, masio yo ngrasa lek omongane bojone ono bener pancet bingung. Wis telung taun Bambang ora mulih nang kampung. Ketemu thok yo ora mungkin. Mesti dheweke bakal diisin-isin kanca-kancane lek ora melu ngombe.

            Jam pitu bengi Tarji selot bingung kaya pitik sing memeti, bingung kate ngendok. Hp-ne wis bola-bali muni, yo telpon yo sms. Kanca-kancane ngabari lek wis padha kumpul. Wis dipikir, Tarji kudu tetep budal. Ngombe segelas rong gelas lak ora bakal konangan bojone, ora nganti mendem.

            “Ketoke selot penak uripmu saiki, Ji?” takone Bambang.

            “Enak opo, sik ngene-ngene ae.”

            “Ngene-ngene yok opo wong ketok selot subur ngunu. Opo mergo duwe simpenan nyar saiki?”

            “Hahahahaaaha,” kanca-kancane ngguyu bareng.

            “Simpenan opo? Siji ae gak entek,” saure Tarji.

            “Opo yo sik enak? Gak ngloloti ta ngunu iku? Hahahaha.”

            Ora nyauri, Tarji nambah sak gelas maneh, langsung dientekno.

            “Lha Endang kae galake ngalah-ngalahi garangan. Ben dino lek ngomel wong sak kampung krungu. Mosok wani Tarji iki karo bojone,” saute Nono.

            “Masio biyen ayu lek tuwek yo podo ae tibake, pancet alot. Hahahahaha!”

            “Alot malah gak ndang entek,” saure Tarji rada mangkel.

            “Hehehehehe, guyon Ji. Aku ki masio wedokan nang kono kene nduwe ning mung siji sing tak gandoli, mamahe arek-arek. Liyane kei duit, sesasi pisan diparani yo wis trimo. Mung ngge selingan, tombo stres mikir kerjoan.”

            Jam sanga luwih, wong-wong lanang sing umure patang puluh luwih iku sik ae guyon karo ngubengno gelas. Wis pirang botol ae sing dibuka. Nang omah Endang sing ngerti bojone mesti nang omahe Bambang mung meneng ae. Anak-anake wis dikongkon turu kabeh. Wis tuwek, dikandani nganti lambene busanen yo ora bakal ngefek lek ora saka atine dhewe. Masio mangkel, Endang akhire milih turu.

            “Gak popo ta? Iso mulih dewe?”

            “Iso, aku lho wes apal dalan nang kampung iki.”

            “Yo wes, ati-ati.”

            Jam sewelas pesta nang omahe Bambang kaet buyar. Tarji sing mau ora nggowo sepeda motor ora gelem diterno mulih. Wong lanang iku rumangsa sik kuat, pilih mlaku. Karo sempoyongan wong lanang iku nggeret sikile sing wis ora iso jejeg amarga wis ilang kesadarane.

            Masio kecontalan wong lanang iku sik iso mlaku. Diluk-diluk awake limbung, nubruki uwit nang pinggir dalan, tiang listrik. Omahe wis cedek, kurang pirang omah thok pas moro-moro ono sing jenggong. Kaget, mangkel dijenggongi, Tarji langsung ngomel.

            “Meneng, ojo rame ae!”

Jenenge asu lek ono wong asing sing ora biasa diambu lak langsung jenggong. Asune tanggane Tarji yo ngunu, ora mari lek jenggong malah selot banter.

“Cuk, koen gak ngerti sopo aku?”

Selot diomeli, selot banter maneh asune lek jenggong.

“Aku ki Tarji, tonggomu! Asu!”

Krungu rame-rame asu jenggong, Endang sing tibake ora iso turu langsung tangi banjur buka lawang. Wis apal polahe bojone lek mendem, Endang marani omahe tanggane sing asune rame jenggong.

“Karo tonggone dewe ora apal, deloken sing temenan. Aku Tarji, blantik wedhus sing paling terkenal nang kampung iki. Pak’e Edi! Sik gak ngerti koen? Ancen asu!”

Ndelok bojone ngomeli asu, Endang gedhek-gedhek karo marani bojone.

“Oalah pak…pak, lha kok asu mbok seneni iku lapo? Lak koyok wong edan sampeyan.”

“Ki lho mak, wes tonggoan pirang taun mosok aku sik dijenggongi ae. Gak kenal karo Tarji, blantik wedhus, opo gak kurang ajar ngunu iku?”

“Wes pak, ojo diterusno. Lek anakmu ngerti lak isin ngko areke. Ayo mulih.”

Endang nuntun bojone sing mendem iku balik mulih. Masio sik ngomel-ngomel nang asune tanggane, Tarji manut dipapah bojone.

“Kurang ajar mak, nemen ancene asu iki. Kene ki lak wes tonggoan suwi, sik ae dijenggongi…”

“Ho oh, ancen asu!” saure Endang karo terus nyeret bojone mulih.

***

Uncategorized

Layang Suwara


 

 

            “Dek, aku kangen.”

            “Sabar mas, eling cita-citane awake dhewe.”

            “Ho oh, aku gak lali. Ning ngempet kangen ngene ki yo gak enak, lara njaba njero.”

            “Mas…”

            “Dek…aku kangen ngelus pipimu, kangen lambemu sing tukang mecucu, kangen kabrukanmu…”

            “Wis mas, ojo diterusno…”

            “Lapo? Koen gak kangen aku? Koen wes gak sayang aku?”

            “Gak mas. Aku yo kangen sisan, sayang sampeyan sisan ning lek mbok terusno ngko aku gak kuat…”

            “Dek….”

            “Sik mas, juraganku nyeluk. Tak pateni dhisik yo?”

            “Emoh, diluk maneh.”

            “Gak iso mas, ngko malah aku diseneni. Sabar sik, ngko bengi tak telpon maneh, yo?”

            Parti mateni telpone banjur cepet-cepet mlayu marani juragane sing nyeluk. Nang sebrang, Supani sing sik kangen bojone mung iso misuh-misuh. Wis nem sasi bojone budal dadi TKW nang Malaysia. Urip nang kampung selot abot, opo maneh lek ora duwe modal. Wong lanang sing biyen dodol klambi nang pasar iku kepekso nglelakno bojone nang luar negri amarga kiose kebakaran. Anak loro sing wes SD karo SMP butuh biaya akeh. Pingine dheweke sing lunga ning wong lanang sak umurane iku angel lek kate nang luar negeri, opo maneh ora duwe ketrampilan liyane dagang.

            “Gusti, abotmen cobamu iki…” omonge Supani lirih.

            Saben dina sms-an, telpon masio ora ben dina seminggu pisan mesti ning ora garai kangene ilang malah selot ndadi. Anak-anake sing wis seneng dolan dhewe ora tau nakokno mak’e. Anak-anake wis diwanti-wanti bojone ora oleh nakal, kudu manut pak’e, kudu sregep sinau. Arek cilik masio krasa kelangan ning ngerti perjuangan wong tuwane. Lha sing gedhe bukane ora ngerti ning ono sing ora gelem ngerti.

            Sore mancing nang pinggir kali cek ora kepikiran bojone ae. Isuk, awan nang tegalan, macul-macul karo tandur-tandur sak onoke. Kate dodolan maneh sing durung wani. Duwit lek ngirimi bojone sasi wingi dinggo mbayar kebutuhan sekolah anak-anake. Iso tahan pirang jam, ning lek wis bengi rasa kangene mbalik maneh. Anak-anake wis turu. Omah wis sepi ning matane Supani ora gelem ndang merem.

            Dek….

            SMS dikirim wis setengah jam luwih ning durung dibalesi. Bojone lek kerjo ancen nganti bengi, kadang ora ngerti wayah. Kesel ngenteni balesan, Supani nyetel MP3 nang henpone.

            Wis nem sasi lagu-lagu iku ae sing disetel. Lagu sing menurut dheweke pas nggambarno opo sing lagek dirasakno atine.

Layangmu, lewat sms hp-mu…
Raiso, ngobati kangenku…
Sworomu, lewat telepon gratisan…
Raiso, ngalai yen sesandhingan…

 

            Supani merem. Lambene lirih nirukno penyanyi koplo sing suwarane saiki ngebeki kamare. Bayange Supani mulai mblayang teka ngendi-ngendi. Eling jaman bojone sik nang omah. Lek dipikir bojone yo ora ayu-ayu nemen, biasa malah. Awake rada gedhe alias lemu. Kulite coklat khas wong jowo. Ning wong wedok sing wis ngewei anak loro iku ancen ora ono gantine. Pijetane ngalah-ngalahi ahli tukang pijet, enak tur mantep. Masakane masio ora enak-enak nemen ning pas nang ilat. Sing ngunu iku Supani ora tau ngeluh. Masio kadang mangkel lek bojone kumat ngomele ning lek adoh ngene iki lagek krasa ono sing ilang.

            “Dek Parti….” celuke Supani lirih.

            Kontrak rong taun sik oleh seprapate. Sik suwi. Saiki iso ngempet, sesuk-sesuk yok opo. Dieling-eling perjuangan bojone nang luar negri, dieling-eling cita-citane cek iso oleh modal nggo mbuka kios anyar maneh. Lek jare kancane, sing tau ditinggal bojone dadi TKW lek ora kuat yo nang pasar sapi ae. Pisan-pisan ora popo sing penting ora nggo langganan, kebiasaan tur ojo nganti kecantol.

            Wis akeh crita nang kampunge, ditinggal bojone lunga golek duwit lha kok sing lanang budal golek wedokan liya. Akhire rumah tanggane bubrah. Cita-citane ambyar. Sing wedok ora gelem mbalik nang omah. Sing lanang mung wara-wiri kaya wong ora nggenah. Biasa ngandalno kiriman bojone langsung disetop, ora oleh opo-opo. Durung anak-anake sing malih ora jelas nasibe.

            “Gusti…”

            Supani ngelus dadane dhewe.

            Mas, sepurane mau sik nurokno anake juragan.

            Sing dienteni akhire teka, balesan sms saka bojone. Supani nyandak henpone banjur ngetik.

            Anake juragan opo jurangane? Balese.

            Anake juragan mas, sumpah! Sampeyan mosok gak percoyo aku. Aku nang kene kerjo temenan mas, kerjo apik nggo sampeyan, nggo arek-arek. Ojo mikir sing gak-gak.

            Yo sopo ngerti mari nurokno anake, pak’e njaluk sisan.

            Ojo-ojo malah sampeyan sing wis golek arek wedok liyo. Ho oh mas?

            Maca balesane bojone matane Supani langsung amba. Abote adohan yo ngene iki salah sijine, kangen sing luwih iso garai curiga, cemburu. Supani mbenakno bantale. Bojone mesti wis kesel awake, yahmene sik durung mari lek kerjo, durung leren. Supani ambekan dawa. Alon diketik balesane.

            Gak dek. Aku percoyo koen, koen yo kudu percoyo aku. Sepurane aku ngomong ngunu mau, aku mung lagi kangen koen, kangen nemen.

            Nang sebrang Parti maca balesan sms bojone karo mbrebes. Nem sasi ora ketemu, mung sms karo telpon garai wong wedok iku kadang nangis lek bengi. Ora suwi-suwi polahe mesti keturon mergo awak wis kesel kerjo sedinaan. Lek mung nuruti ati, kangen, pingine yo mulih, ngramut anak bojo nang omah ning iku brarti cita-citane nggo golek modal, mbalikno usahane bojone ora kasil.

            Iyo mas, gak popo. Aku yo ngerti. Aku percoyo sampeyan. Aku sayang sampeyan mas, sayang arek-arek. Sing sabar yo, mugo-mugo kabeh lancar cek awake dewe iso ndang kumpul maneh.

            Supani nyawang pyan kamare. Dikuatno atine sing sempet goyah. Bojone wis mbelani ngalah ngewangi golek duit sing kudune kewajibane. Supani ora kaya kancane. Dheweke lanang, lanang pantes dianggep lanang lek iso dicekel omongane.

            “Gusti, paringi kulo sabun…” omonge rada banter karo merem.

***

Uncategorized

Tawuran Yeah!


            “Muayak kok ancen arek-arek sebelah iku! Mangkel aku.”

            “Lapo boi? Diapakno koen?”

            “Aku mau lak muleh karo Tomin, pas nang terminal ngenteni angkot dipliliki pak! Gak ngejak gelut ta ngunu iku?”

            “Gak langsung mbok garap ae mau?”

            “Lha aku mung loroan, kono arek akeh.”

            “Lapo gak sms aku? Aku lho mau nyangkruk nang warung sebelah terminal karo arek-arek.”

            “Yo gak sempat. Ki maneh, Tomin, ngejak ndang muleh.”

            Edi karo Budi langsung barengan nyawang Tomin. Sing disawang mung cengengesan.

            “Lha selak udan, males aku lek teles kabeh. Sesuk lho seragame sik digawe,” omonge Tomin karo garuk-garuk gundule.

            “Ndasmu iku, bonek kok wedi udan!” omonge Edi.

            “Yo gak ngunu, aku gak onok seragam liyo maneh polahe. Yo sesuk tak sms lek ngunu.”

            “Gak usah, sesuk langsung diparani ae areke. Koen sik eling kan raine, Bud?”

            “Eling lah, rai njancuki ngunu. Yo arek-arek sing biasane iku lho, sekolah sebelah. Langsung ngumpulno arek-arek ae awake dewe sesuk, kesuwen.”

            Edi, Budi karo Tomin, arek STM sing kaet mlebu iku lagek kumpul nang omahe Edi. Sore-sore ngene arek sing sik tonggoan iku leyeh-leyeh nang duwur lincak ngisor wit jambu ngarep omah. Wis dudu barang anyar maneh lek sekolah arek telu iku karo sekolah sebelah ora akur. Sekolah sing padha-padha nyasat lanangan kabeh isine iku kerep bentrok, tawur. Jalarane sepele ae, sawang-sawangan sithik ae iso dadi perkara. Jare lek nyawang ngunu iku ngejak gelut.

            “Yo wes ngunu ae, dadi! Ojo lali sesuk gespermu,” omonge Edi ngelingno.

            “Ka’anku wes gak onok, diguwak karo makku,” saure Tomin.

            “Goblok koen arek iki, mbok yo disinggahno, didelikno sing tepak ngunu lho. Ka’anku onok, wingi pas razia tak slametno nang toilet sekolah.”

            “Yo koen goleko opo ngunu Min, ojo lawaran. Arek-arek sebelah iku gawanane mesti lengkap.”

            “Nggowo opo aku? Lek konangan makku iso ajur aku ngko,” omonge Tomin sik bingung.

            “Kaet mau mak’e ae sing diomongno. Koen iki lanang gak sih? Wedi ta karo makmu?” takone Edi.

            Durung sempat Tomin nyauri, moro-moro ono suwara banter nyeluk jenenge. Bareng disawang tibake mak’e. Wong wedok iku mlaku karo bengak-bengok.

            “Yahmene sik nyangkruk ae. Nyapu-nyapu kono!” bengoke nang anake.

            Timbang mak’e selot banter lek ngomel, selot ngisin-ngisini tur yo wedi sisan, Tomin ndang ngadeg banjur pamit nang kancane loro iku. Sak durunge ngaleh dheweke ngomong nang Edi.

            “Jelas wedi lah, wong koyok ngunu iku modele,” omonge lirih karo ngaleh.

            “Sesuk ojo lali,” omonge Budi ngelengno.

            Jam terakhir kosong, ketepakan. Crita sing wingi mung diomongno arek telu saiki wis dibahas sak kelas. Ketepakan kok jam pelajaran kosong sisan, akhire arek sak kelas niat ngruduk arek-arek sebelah wingi bareng. Cukup sak kelas ae, wis mayan akeh. Wong sing kate diajar yo mung arek papat ae. Ora akeh. Ndene ngko rame pikir keri. Cek ora ono sing curiga arek-arek sak kelas iku nyebar. Saiki arek-arek sekolah lek ngumpul rada akeh ngunu mesti disawangi pulisi, biasa ora lapo-lapo yo dikongkon buyar.

            Edi karo Budi wis siap karo arek telu kancane sak kelas nang terminal. Tomin sing ndredeg, pamit nang WC dhisik. Arek sing ora tau melu tawuran iku wedi karo emake. Ora tega sisan lek kon gelut, ngajar uwong.

            “Nang ndi Tomin iki cek suwene?” takone Edi.

            “Jare mau mules, nang WC paling.”

            “Uancik, onok-onok ae arek iku! Ndi ki areke sing mbok critakno Bud, gurung ketok ta?”

            “Gurung, ki kan gurung wayahe muleh sekolah. Paling yo diluk engkas sih.”

            Edi, Budi karo arek telu kancane dudu ora ndredeg. Masio wis tau gelut ning lek tawur yo durung pengalaman. Jaman SMP ora tau tawur, paling gelutan biasa. Saiki wes STM, sekolahe terkenal tukang tawur sisan dadi yo kudu biasa, kudu wani.

            “Eh iku…iku areke!” bengoke Budi.

            “Ayo, ndang diparani ae selak ilang.”

            “Sik, kok akeh areke. Onok piro iku?”

            Arek sing dienteni wis mecungul nang terminal ning ora kaya wingi sing mung arek papat, saiki arek iku karo kancane akeh. Diitung-itung ono sepuluh luwih.

            “Akehmen, ndi ki Tomin?” takone Budi.

            “Arek-arek liyane wes mbok kandani ta?” takone Edi nang salah siji kancane.

            “Uwes. Jare mau diuyak pulisi. Kon muleh gak oleh nyangkruk nang warung.”

            “Brarti saiki wes muleh kabeh?”

            “Ho oh, lha iki lho smse.”

            Bingung jumlahe ora imbang, ngenteni Tomin yo ora njebus-njebus, akhire Edi karo kanca-kancane pilih ngaleh karo misuh-misuh.

            “Jancuk ancene Tomin. Nang ndi arek iku? Gak onok ngunu nang WC mau?” takone Edi.

            “Mbuh, ki tak sms gak mbales,” saure Budi.

            Ora nemu kancane, akhire arek-arek lanang iku mulih.

            “Koen arek 15 ta?”

            “Ho oh, kok ngerti?” takone Tomin ganti.

            “Lha iku bet-mu.”

            “Oh iyo sih hehehe.”

            “Biasa numpak angkot iki ta?”

            “Ho oh.”

            Tomin sing mau mules nang WC pas metu kate marani kancane ora sengojo ndelok arek ayu sing kate mlebu angkot. Wedi tawuran, wedi lek seneni mak’e ora ndang mulih, Tomin akhire melu mlebu nang angkot sing ono arek ayune iku mau. Mayan iso lungguh sebelahan, masio ta asline dudu angkot iku sing biasane ditumpaki Tomin lek budal mulih sekolah.

***

Uncategorized

Randa Sebelah Omah


ilustrasi dijupuk saka ikadanewsonline.com

“Umpomo sliramu sekar melati, aku kumbang nyidam sari…

Umpomo sliramu margi wong manis, aku kang bakal ngliwati…”

 

Kiman, wong lanang umur patang puluh anyaran sing kaet dadi duda rong taun iku, ketok bungah. Raine sing ireng njrungus amarga kringeten mari macul ora ngurangi aura seneng nang njero atine. Untune sing kuning mergo kakean ngrokok pating cemlorot ben dheweke mesem. Nang mburi omah, ngisor wit pelem, mangkring nang duwur lincak karo kipas-kipas banjur nyanyi-nyanyi ngene iki rasane kaya suwarga. Opo maneh ono wong ayu sing terus nggudo pikiran, munyer-munyer nang utek.

Tresna, wuyung, ora peduli umur. Kiman sing wis ora enom maneh jebule yo ora bedo karo arek sekolahan lek pas ngene iki. Wis seminggu luwih dheweke ngrasakno ono sing liya nang njero atine saben nyawang Rusmini, tanggane. Sapa sing ora kenal Rusmini? Wong wedok manis ginuk-ginuk sing durung ono rong minggu mulih saka Hongkong iku ketok selot ayu. Kulite sing biyen ireng saiki resik masio yo ora malih putih. Randa pegat iku mbalik nang kampunge amarga wis entek kontrak kerjone.

Kaet cilik kelara-lara. Rabi oleh setaun ditinggal minggat bojone sing kecantol wedokan liya garai wong wedok iku nekad dadi TKW. Setaun wingi bojone sing wis ora genah panggone moro-moro ngirim surat pegat nang omah. Rusmini sing lara atine selot jejeg tekade. Rong taun dadi babu nang negarane wong dibelani. Ben sasi ora tau lali ngirim duit nggo emak bapake. Omahe sing wis doyong dibenakno. Pak’e ditukokno sapi karo wedhus. Pingine ati ora mulih ning emake sing mung duwe anak siji, dheweke, ora kuat ngempet kangen. Anak wedok siji kok kesio-sio, pikire mak’e. Duwit piro ae digoleki ora bakal ono enteke, ngunu pesene mak’e sing akhire garai wong wedok iku mulih.

            “Wong ayu, gelemo dadi bojoku…” Kiman ngomong dhewe karo ngguyu-ngguyu.

            Ora marem mung mbayangno rupane Rusmini, Kiman nyandak hp-ne. HP merek cino sing ono tipine iku langsung diutek-utek.

            Duh wong ayu, opo sliramu ora kroso. Solah bawamu, tak gatekke sabendino…

 

            Kiman ng-update statuse nang Facebook njupuk sak baris lirik saka lagu jawa sing dirasa pas karo isi atine saiki. Ora let suwi wong lanang iku mesem-mesem dhewe. Manut critane, dheweke saben dina kesel ngurus omah karo ibuke majikane sing wis jompo, sing rewele ora ketulungan.

            Rong minggu nang omah akeh crita digowo Rusmini. Ben tanggane teka mesti dicepaki jajan banjur dheweke ditanggap, ditakoni pengalamane nang luar negeri. Manut critane, dheweke saben dina kesel ngurus omah karo ibuke majikane sing wis jompo, sing rewele ora ketulungan.

Kiman sing omahe mung kacek rong omah kerep mampir, ngretakno tanggane sing manis iku. Awale yo ora dirasa polahe Kiman yo ora pede. Masio randa, Rusmini sik enom, sugih sisan saiki. Kiman ngeling-eling awake sing mung macul penggaweane, duwe anak lanang siji sing wis SMP, masio ta dheweke yo ora iso diomong wong susah wong sawahe amba alias ora kere-kere nemen.

            “Dhewekan dek?”

            “Ho oh mas, lha karo sopo maneh.”

 

Obrolan sing ora tau ganti-ganti ben Kiman ketemu Rusmini lek bengi mubeng-mubeng nang uteke, garai dudo iku mesem-mesem dhewe.

“Dek Mini…”

Diempet-empet, mung nyolong-nyolong lek nyawang karo golek-golek kesempatan cek iso nyopo, ngobrol garai atine wong lanang iku kadang nelangsa. Lek seneng ae kudu diempet trus opo gunane dikei ati. Jare tresna iku picek, sak karepe dhewe tekane, ora iso dinalar kok seneng ae kudu diempet, ditepak-tepakno? Rong taun ditinggal mati bojone, Kiman nyasat ora tau cedek wedok liya. Sik Rusmini sing iso nangekno atine sing suwi beku.

            “Duh wong manis, kudu yok opo aku saiki?”

            Awan bengi mung nglamun. Mesam-mesem dhewe kaya wong pedot suwi-suwi yo ora betah. Akhire wis dipikir mateng-mateng, Kiman kate omong nang pujaan atine iku lek dheweke duwe rasa. Ora bakal mati ae, batine. Justru lek ora diomongno iso-iso dheweke mati penasaran, pikire. Bengi sik jam songoan, ning kampunge wis sepi. Anake lanang wis mlungker, turu. Kiman sing sik durung iso turu mlaku-mlaku nang bale-bale omahe.

            “Wong ayu, enteni aku…” omonge dhewe.

            Facebook-e dibuka. Mocone komen-komen nang status sing di-update sak durunge. Kabeh melu nyemangati, masio ora ngerti sopo wong wedok sing dikarepi. Anake butuh emak, luwih maneh dheweke butuh kanca. Ben bengi ngeloni guling, paling banter mung iso diileri. Dihewek-hewek yok opo yo ora tau mbales, mung manut ae. Kiman pingin kanca sing iso mbales lek dijiwit. Pingin nyiwit lambene Rusmini sing kadang mecucu lek digudani. Ora kuat ngempet gemes, ngenteni isuk, wong lanang iku akhire metu. Lawange ditutup alon cek anake ora tangi. Sarunge dibrukutno, ngurangi ademe howo. Krembuk-krembuk dheweke mlaku nyedeki omahe Rusmini.

            “Yahmene wes turu gurung yo areke?” takone nang awake dhewe.

            Kiman sik kaet kate mlebu pekarangane Rusmini pas moro-moro krungu suwara saka samping omahe wong wedok sing digandrungi iku. Kampunge sing masio wis ono listrik ning lek bengi ngene pancet ae peteng. Lampu limang watt nang empere Rusmini ora iso ngalahi petenge dunyo karo wit-witan sing sik akeh, ketel. Kiman meneng, nepakno kupinge.

            “Ati-ati mas.”

            Jarak Kiman karo kamare Rusmini ora ngganti limang meter, masio ora patio jelas dheweke sik iso nangkep suwara saka lambene Rusmini.

            “Iyo dek, sesuk aku moro maneh.”

            Dengkule Kiman langsung lemes. Nang ngarep matane wong wedok sing diseneni ngambung pipine wong lanang liya sing kaet metu saka kamare. Kiman terus ngematno lanangan sing mlompat saka cendelone Rusmini iku. Raine ora patio jelas polahe dikrukupi sarung. Mari clingak-clinguk sediluk, Rusmini langsung nutup cendelo kamare. Garek Kiman sing sik njegegeg nang nggone lek ngadeg.

            “Gusti, paringi kulo potas!” omonge Kiman karo krembuk-krembuk mulih.

***

Uncategorized

Bolos


            “Muleh ae lah, Pak Joko lho gak onok, kosong.”

            “Gak usah, nongkrong nang kantin ae.”

            “Gundulmu! Lak malah ketemon kene ngko.”

            Tomin meneng ae ngrungokno kanca sak kelase padha udur-uduran. Jam terakhir kosong. Pak Joko, guru Bahasa Indonesiane ora mlebu mergo lara. Arek-arek lanang sing jumlahe telung puluhan iku akhire kompak mbolos. Cek ora ketemon, arek-arek iku metu siji-siji. Kelas paling pojok, pinggir tembok paling tepak lek ngge ngene-ngene iki. Tomin sing asline ora pingin mbolos gelem ora gelem yo melu mlompat tembok mburi kelase. Tas’e diuncalno dhisik cek ora nyantol nang kawat sing dipasang nang duwur tembok pager sekolahe.

            “Maen PS ae ta Min?” takone Edi.

            “Gak, gak duwe duit aku,” saure Tomin.

            “Halah, sediluk ae. Sak jam ae.”

            “Gak, aku muleh ae.”

            Kanca-kancane Tomin padha umek lek kate dolan dhewe-dhewe. Ono sing milih maen PS, ono sing ngajak nang warnet. Arek lanang sak kelas mencar dhewe-dhewe. Ono sing nang warung, ono sing nang pinggir dalan, ono sing mandeg leren nang terminal, ono sing milih langsung mulih kaya Tomin.

            Tomin sing omahe rada adoh kudu numpak bemo mulihe. Mudun saka bemo dheweke sik kudu mlaku polahe kampunge rada mlebu. Karo mlaku Tomin eling mak’e. Masio wis awan ning durung jam’e mulih sekolah. Langsung mulih ngko mesti ditakoni mak’e. Lek ketemon mbolos malah cilaka. Akhire Tomin mlipir nang pinggir kampung, nang kali. Arek STM sing wis sunat pindo iku ngempet luwe wetenge. Mak’e tukang nyocot, iso dawa perkarane lek ngerti anak lanange iku mbolos sekolah. Durung nganti teka sing kate diparani, Tomin ndelok wong lanang sing ora asing. Wong lanang umur patang puluhan iku lagi ndeprok nang ngisor wit pring pinggir kali.

            “Pak’e,” celuke Tomin.

            Ngerti ono wong, Pak’e Tomin sing lagek rokokan kaget nganti meh nyumbul. Rokoke ndang didelekno, dipateni.

            “Heh, lapo koen rene? Muleh kono,” omonge nang anake.

            “Lha sampeyan lapo awan-awan nang kene yoan?”

            Tomin nyedeki bapake banjur melu lungguh. Awan-awan nang ngisor pring ancen enak, isis. Sik pingin rokokan, ngerti lek anake sing teka, Pak’e Tomin ngempakno maneh rokoke. Alon disedot rokok sing mau dipateni iku. Bojone ora ngolehi wong lanang iku ngrokok. Pak’e Tomin sing masuk wong lanang manut ho oh ae, melu omongane bojone.

            “Koen kok wes muleh? Mbolos yo? Tak kandakno makmu koen,” omonge Pak’e Tomin.

            “Gak wong gurune loro kok, gak mlebu.”

            “Mbujuk. Keplak sisan koen ngko.”

            “Gak, sopo sing mbujuk? Sampeyan dewe yo rokokan lek mak’e eruh yo mbuh ngko.”

            “Wes meneng o, iki yo ndelek-ndelek cek gak konangan makmu.”

            Bapak karo anak iku akhire meneng. Pak’e Tomin nerusno lek rokokan, mumpung iso. Tomin mbuka kancing klambine, ngisis karo glesotan. Ono sepuluh menit wong loro iku ora omong-omongan, mung ngenakno lek ngrasakno howo seger. Lagek enak-enak nyedot rokoke moro-moro saka pinggir matane Pak’e Tomin nangkep bayangane wong sing wis diapal. Wong lanang sing mau meneng anteng iku saiki ngomel-ngomel ora jelas nang anake sing plonga-plongo ora ngerti opo-opo iku.

            “Ngunu yo, digoleki nang ndi-ndi tibake nang kene. Gak ngerti bojone bengak-bengok koyok wong edan ngoleki malah ngenakno ngisis nang ngisor pring.”

            Moro-moro mbuh saka endi parane Mak’e Tomin wis njebus karo ngomel-ngomel.

            “Lah aku lho tas teko ae mak, takoni ki anakmu,” omonge Pak’e Tomin, mbujuk.

            “Koen, lapo nang kene? Yahmene kok wes muleh? Mbolos yo koen?”

            Tomin sing kaget bingung lek nyauri akhire selot amba lek ngowoh. Mak’e Tomin sik ngomel-ngomel ndelok anake plonga-plongo. Pas ndelok bojone, matane nangkep barang cilik nang cepitan drijine bojone.

            “Wou…tibake iki mau sampeyan rokokan? Wes bosen urip sampeyan pak?”

            Pak’e Tomin sing saking kagete ndelok bojone lali ora ngguwak rokoke. Wong lanang iku cengar-cengir karo golek alasan.

            “Iki guduk ka’anku mak,” saure.

            “Trus ka’ane sopo? Jin sing nunggu kali? Opo sing nunggu wit pring? Jin ndas ireng?”

            “Hush, ati-ati lek ngomong mak. Onok temenan ngko tersinggung lho.”

            “Bah. Aku lho gak wedi karo jin ndas ireng. Wes dikandani ojo rokokan, ambekan ae wes senin kemis ngunu kok sing ngeyel ae. Pingin ndang bablas opo yok opo sampeyan? Gak pingin ndelok anakmu omah-omah?”

            Tomin ndelok mak’e ngomel meneng ae. Kate ngaleh yo ora wani.

            “Sik ta mak, iki lho guduk rokokku. Aku mau ki kaet ko sawah trus tak delok anakmu doprok nang kene yo tak parani tho, tibake kok…”

            Krungu omongane bojone, Mak’e Tomin sing mau menteleng-menteleng nang bojone langsung pindah nang anake. Tomin sing melu kaget krungu omongane pak’e kate mangap, mbelo awake tapi pak’e langsung menteleng, ngancem karo tatapan matane.

            “Koen saiki wes wani rokokan sisan? Wes iso golek duit koen, heh?”

            “A…e…mak…” Tomin bingung kate ngomong.

            “Yahmene wes muleh sekolah, mesti mbolos. Tambah rokokan sisan, jaluk diajar koen?”

            Tomin ketap-ketip karo nyawang pak’e. Pak’e mung menteleng, ora mbelani.

            “Garek sekolah ae, gak golek duit sik ae mbolosan. Gak ngerti pak’e karo mak’e lek jungkir walik malah saiki wani-wani rokokan. Duite sopo iku sing mbok ngge tuku, heh? Opo koen saiki wes wani nyolong sisan?”

            Ora dibelani, ora iso mbantah mak’e, Tomin akhire mung ndingkluk. Ndelok anake diomeli wolak-walik karo bojone, Pak’e Tomin ora tega.

            “Wes mak, iku mau yo wes tak seneni. Makane iki mau langsung tak jaluk rokoke. Wes, ayo muleh ae, gak enak lek onok sing krungu.”

            “Bahno, arek dibelani cek iso sekolah sing nggenah kok malah koyok ngene. Opo pingin koyok bapak emake sing goblok gak tau mangan sekolahan, pingin dadi wong susah koen?”

            “Wes mak, paling yo melu-melu kancane iku, mung njajal pisan-pisan. Sesuk-sesuk lak wes gak maneh, gak wani. Paling-paling iku mau rokoke yo mung uthis, siso lek nemu. Iyo kan Min?”

            Tomin manthuk alon. Mak’e sik ae ngomel. Pak’e ngerih-ngerih mak’e cek mandeg lek ngomel.

            “Wes mak, ki aku mrinding, ojo-ojo sing nduwe kali ngamuk iki krungu awakmu mbengak-mbengok.”

            “Bah, koyok arek cilik ae diden-deni. Anakmu ki ojo mbok belani, ojo ditokno ae koyok ngene. Arek ngene iki lek dijarno ngko selot mayak, gak ngerti susahe wong tuwek golek duit….”

            Ora iso mbelo anake, ora iso ngendek omelane bojone, Pak’e Tomin milih meneng. Tomin mung iso ndingkluk ora nyauri sak kecap, timbang selot ngamuk mak’e iku. Lagek ngenakno lek ngomeli anake moro-moro ono angin gedhe lewat. Mak’e Tomin langsung meneng, mrinding banjur ngajak bojone mulih.

            “Gek muleh, nang ngisor pring koyok wong gak duwe omah ae,” omonge Mak’e Tomin karo ndang-ndang ngaleh.

            “Ngunu jare gak wedi,” omonge Pak’e Tomin lirih.

            Tomin ngetutno pak’e mak’e karo sik ndingkluk.

            “Awas koen ngko nang omah,” anceme mak’e karo mlaku.

            “Awak,” omonge Tomin karo krembuk-krembuk mlaku.

***

Uncategorized

Obrolan Wong (Nggak) Penting


            Srengenge durung suwi njedul, dina sik enom. Penake omong sik isuk. Paiman, wong lanang sing umure durung nyandak patang puluh, lagek nyangkrung nang warung kopi pinggir rel sepur sing ora adoh saka omahe. Mangan gorengan tambah kopi panas karo rokok paling enak karo nggedabus, ngobrol ngalor ngidul. Paiman ora dhewekan. Ono wong telu sing cangkruk karo dheweke, tambah siji karo bakule, Cak Paimo. Lek pingin ngerti obrolane Paiman karo kanca-kancane kaya ngene iki.

Paiman            : Lha iyo cak, wingi iku krungu-krungu kok podo gembrah. Kate dadi opo negoro iki?

Paimo              : Sopo sing gembrah?

Paidi                : Ho oh, sopo? Aku kok gak krungu?

Paiman                        : Ngene ki lek gak tau nontok tipi. Ojok-ojok malah gak duwe tipi.

Paino               : Sing ndi, Man? Kabeh gembrah nang tipiku.

Paimo              : Lha lek aku ben dino nang warung, gak tau nontok tipi. Onoko yo kalah karo anak bojo, dinggo nontok sinetron.

Paiman            : Iku lho sing kapeka karo pulisi.

Paino               : Oalah, lapo iku?

Paiman            : Wou, nemen kabeh koen iki. Negoro gonjang- ganjing ngene kok gak ngerti. Iso-iso koyok jaman songo wolu kae iki suk…

Paino               : Jaman songo wolu?

Paiman            : Gak ngerti pisan? Nang ndi ae koen iki. Prasaku koen gak tau nang ndi-ndi, mulek ae nang kene kok gak ngerti opo-opo.

Paidi                : Lek aku ngunu ancen kalah karo kerjoan. Wes gak tau ngikuti brita-brita, paling krungu yo si Iki gendakan karo kae, Anu nggowo mlayu bojone kae…

Paimo              : Koen ancen senengane gosip.

Paidi                : Lha yok opo, wong kerjo nang pabrik karo wong wedok sakmunu akehe. Sing diomongno lak ngunu-ngunu ae. Gak tau mikir negoro.

Paiman            : Yo ngene ki sing garai negoro iki koyok ngene, wong gak onok sing peduli, ngerti perkorone ae gak.

                        Ora ono sing ngerti akhire Paiman njelasno opo sing mari ditonton nang tipi.

Asline yo ora paham-paham nemen, mung mbaleni omong sak nyandake. Wong-wong sing

nang warung ngrungokno karo manthuk-manthuk.

Paimo              : Yo ngunu iku wong gedhe, umek dhewe gak ngurus wong cilik. Ngene lak ngko sing kenek wong-wong koyok awake dhewe.

Paiman            : Yo kudu umek lek iki, kudu digugat. Mosok kalah karo koruptor.

Paidi                : Wong gedhe korupsine iso akeh. Lha aku ngene ki kate korupsi opo? Nyolong kain sak lembar yo mesti konangan, bos’e yo galak sisan.

Paiman            : Gurung kae sing wingi, arek-arek sekolah podo tawuran trus onok sing mati. Yok opo ngunu iku? Sing tuwek korupsi, sing enom tawur penggaweane….

Parno               : Yo gak usah melu mikir, cek dipikir wong-wong kae. Kene kerjo ae sing bener, gak usah melu-melu. Penting anak bojo wareg.

Paidi                : Yo gak iso koyok ngunu. Iki masalah negoro, negorone kene. Yo gak Man?

Paiman            : Yo. Wong-wong gak peduli koyok koen iku sing garai negoro iki gak waras-waras. Kabeh mikir wetenge dhewe-dhewe…

Parno               : *Meneng ae, nyruput kopi*

            Lagek enak-enak ngobrol, mbahas negoro karo nyruput kopi, moro-moro teka wong wedok karo cincing-cincing rok.

Narmi              : Pak, muleh!

Paiman            : Sik, Min, ngentekno kopi.

Narmi              : Man Min Man Min, kabeh wong nang dunyo iki tok celuk Min. Muleh!

Paiman            : Iyo, mari ngene. Kurang sak sruputan iki…

Narmi              : Wong kok penggaweane nggedabus nang warung. Isuk-isuk gak ndang ubet malah ngunu ae.

Paidi                : Sik mbahas negoro, penting lho ngene ki, Mi.

Narmi              : Negoro dibahas, nyandak ta uteke? Anake kae diurusi, aku kate budal kerjo. Golek duwek sing genah baru ngomong negoro. Anak bojo gak diopeni kok kate ngurus negoro, gak tambah genah, selot bubrah iyo.

Paiman            : *Meneng*

Narmi              : Gek ndang. Wes tak kum klambine, garek ngucek. Ojo lali ngko anake didulang, ojo dijarno ae dolen gak mangan.

            Mari ngomel wong wedok bojone Paiman iku ngaleh. Wong wedok sing kerjo nang pabrik sepatu iku ngaleh karo sik ngomel. Sing diomeli nyruput kopine trus krembuk-krembuk muleh.

***